Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 38

”Padha Mrénéa. Aku Bakal Nggawé Kowé Seger Manèh”

”Padha Mrénéa. Aku Bakal Nggawé Kowé Seger Manèh”

”Hé, kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh.”​—MAT. 11:28.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kaya sing disebutké ing Matius 11:28-30, Yésus janji apa?

WEKTU lagi mulang kumpulan wong akèh, Yésus janji karo wong-wong kuwi, ”Padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh.” (Wacanen Matius 11:28-30.) Janjiné Yésus kuwi isa dipercaya. Gatèkna apa sing ditindakké Yésus marang salah siji wong wédok sing lagi lara parah.

2. Apa sing ditindakké Yésus marang salah siji wong wédok sing lara?

2 Wong wédok kuwi lara parah lan ora mari-mari nganti 12 taun, padahal wis lunga menyang akèh dokter. Nurut Hukum Musa, penyakité kuwi nggawé dhèwèké dadi najis. (Km. 15:25) Wong wédok kuwi nggolèki Yésus merga krungu nèk Yésus isa marèkké wong lara. Pas ketemu Yésus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus lan akhiré mari. Wektu omong-omongan karo wong wédok kuwi, Yésus nggunakké sebutan ”ndhuk”, bèn wong wédok kuwi ngrasa ayem atiné. Dadi, Yésus ora mung marèkké penyakité, ning ya nggawé wong wédok kuwi ngrasa disayangi lan diajèni. Wong wédok kuwi mesthi bener-bener ngrasa dikuwatké.​—Luk. 8:43-48.

3. Pitakonan-pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Kaya wong wédok sing nggolèki Yésus mau, awaké dhéwé ya kudu ngupaya kanggo nyedhak marang Yésus. Pancèn, Yésus saiki ora nggawé mukjijat kanggo marèkké penyakit. Ning, Yésus isih péngin ngundang wong-wong bèn padha nyedhak marang dhèwèké. Yésus kandha, ”Padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh.” Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa nyedhak marang Yésus? Apa maksudé nampa pasangané Yésus? Apa waé sing isa disinaoni saka Yésus? Apa sebabé nindakké tugas saka Yésus isa nggawé awaké dhéwé seneng? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus seneng wektu nindakké tugas saka Yésus?

”PADHA MRÉNÉA”

4-5. Apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa nyedhak marang Yésus?

4 Salah siji cara kanggo nyedhak marang Yésus yaiku nggatèkké apa sing ditindakké lan diwulangké Yésus sing dicathet ing Alkitab. (Luk. 1:1-4) Kuwi kudu ditindakké dhéwé, ora isa diwakilké wong liya. Awaké dhéwé ya isa nyedhak marang Yésus nèk dibaptis lan dadi muridé.

5 Cara liyané kanggo nyedhak marang Yésus yaiku njaluk bantuané para pinituwa nèk awaké dhéwé lagi ngadhepi masalah. Para pinituwa kuwi ”anugrah” sing disedhiakké Yésus kanggo kebutuhané anggota jemaat. (Éf. 4:7, 8, 11; Yoh. 21:16; 1 Ptr. 5:1-3) Para pinituwa ora isa maca pikirané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé sing kuduné nyedhaki para pinituwa kanggo njaluk bantuané. Kuwi sing ditindakké karo salah siji sedulur lanang sing jenengé Julian. Dhèwèké kandha, ”Aku metu saka Bètel merga nduwé masalah keséhatan. Ana kancaku sing ngekèki saran bèn aku njaluk dikunjungi karo para pinituwa. Awalé, aku ngrasa nèk kuwi ora perlu. Ning, akhiré aku ya nuruti saran kuwi, lan sakwisé dikunjungi karo para pinituwa aku dadi rumangsa bener-bener dikuwatké.” Kaya sing dialami Julian, para pinituwa ya isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pikiran lan tumindak sing cocog karo ”pikirané Kristus”. (1 Kor. 2:16; 1 Ptr. 2:21) Awaké dhéwé mesthi ngrasa seneng nèk dikuwatké karo para pinituwa.

”PADHA TAMPANANA PASANGANKU”

6. Apa maksudé nampa pasangané Yésus?

6 Wektu Yésus ngomong, ”Padha tampanana pasanganku,” kuwi isa berarti, ”Manuta karo aku.” Kuwi ya isa berarti, ”Mikula pasangan iki bareng karo aku lan awaké dhéwé bakal nyambut gawé bareng kanggo Yéhuwah.” Dadi, gelem nampa pasangané Yésus kuwi artiné awaké dhéwé gelem nampa tugas saka Yéhuwah.

7. Nurut Matius 28:18-20, awaké dhéwé dikèki tugas apa lan awaké dhéwé isa yakin soal apa?

7 Awaké dhéwé nampa pasangané Yésus wektu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Kabèh wong diundang karo Yésus kanggo nampa pasangané lan ngabdi marang Yéhuwah. (Yoh. 6:37, 38) Kabèh sing dadi muridé Yésus nduwé kesempatan kanggo mèlu nindakké gawéan sing wis ditugaské Yéhuwah marang Yésus. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus mesthi bakal siap mbantu awaké dhéwé nindakké tugas kuwi.​—Wacanen Matius 28:18-20.

”SINAUA SAKA AKU”

Niru Contoné Yésus (Deloken paragraf 8-11) *

8-9. Apa sebabé wong-wong sing rendah hati mesthi péngin nyedhak marang Yésus, lan pitakonan apa waé sing perlu awaké dhéwé pikirké?

8 Wong-wong sing rendah hati mesthi péngin nyedhak marang Yésus. (Mat. 19:13, 14; Luk. 7:37, 38) Kenapa? Yésus kuwi béda karo wong-wong Farisi sing sombong lan ora perduli karo wong liya. (Mat. 12:9-14) Wong-wong Farisi péngin dianggep penting karo wong liya. Ning, Yésus kuwi rendah hati lan perduli karo wong liya. Yésus ya ngajari para muridé bèn dadi rendah hati lan ora rumangsa penting. (Mat. 23:2, 6-11) Wong-wong biasané wedi karo wong-wong Farisi sing seneng nguwasani. (Yoh. 9:13, 22) Ning, wong-wong seneng cedhak karo Yésus merga tumindak lan omongané Yésus nyenengké.

9 Apa njenengan ya wis niru contoné Yésus? Coba dipikir, ’Apa wong-wong nganggep aku iki wong sing alus lan rendah hati? Apa aku gelem nindakké tugas sing sederhana kanggo nglayani wong liya? Apa aku apikan karo wong liya?’

10. Apa sing dirasakké karo wong-wong sing dadi muridé Yésus?

10 Yésus apikan lan seneng nglatih wong liya, mula wong-wong mesthi ngrasa nyaman wektu nyambut gawé bareng karo Yésus. (Luk. 10:1, 19-21) Yésus ya seneng ngrungokké pendapaté murid-muridé. Para muridé ya ora wedi nèk arep takon-takon karo Yésus. (Mat. 16:13-16) Kaya tanduran sing thukulé seger merga ditandur ing taman sing subur, para murid kuwi mesthi ya seneng isa sinau saka Yésus. Hasilé, murid-muridé Yésus isa berhasil nindakké tugasé.

Ramah lan gampang dicedhaki

Semangat nindakké tugas

Rendah hati lan gelem kerja keras *

11. Pitakonan apa waé sing perlu awaké dhéwé pikirké?

11 Nèk awaké dhéwé nduwé wewenang, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa kanca kerja utawa keluargaku ngrasa nyaman ing cedhakku? Apa wong-wong kuwi wedi nèk arep takon-takon karo aku? Apa aku seneng ngrungokké pendapaté wong liya?’ Aja nganti awaké dhéwé dadi kaya wong-wong Farisi sing nganggep nèk wong liya kudu manut karo dhèwèké lan nesu nèk ana sing pendapaté béda karo dhèwèké.​—Mrk. 3:1-6; Yoh. 9:29-34.

”KOWÉ BAKAL SEGER MANÈH”

12-14. Apa sebabé awaké dhéwé isa seneng wektu nindakké tugas saka Yésus?

12 Apa sebabé nindakké tugas saka Yésus isa nggawé awaké dhéwé seneng? Ayo dirembug telung alesan iki.

13 Awaké dhéwé nduwé pengawas-pengawas sing paling apik. Yéhuwah kuwi majikan sing apikan lan seneng ngajèni, senajan Dhèwèké kuwi Mahakuwasa. (Ibr. 6:10) Yéhuwah ya gelem mbantu bèn awaké dhéwé isa nindakké tugas-tugas saka Dhèwèké. (2 Kor. 4:7; Gal. 6:5) Rajané awaké dhéwé, yaiku Yésus, ya ngekèki conto sing apik kanggo awaké dhéwé. (Yoh. 13:15) Para pinituwa ya ngupaya bèn dadi gembala-gembala sing niru Yésus, ”pangon sing agung”. (Ibr. 13:20; 1 Ptr. 5:2) Para pinituwa kuwi nduwé tugas kanggo nglindhungi lan nggatèkké kebutuhané anggota jemaat. Mula, para pinituwa ngupaya kanggo dadi wong sing apikan lan seneng nguwatké para sedulur ing jemaat.

14 Awaké dhéwé nduwé kanca-kanca kerja sing paling apik. Kok isa? Para sedulur sing nyambut gawé bareng karo awaké dhéwé tingkah lakuné apik lan rendah hati. Wong-wong kuwi ora sombong senajan nduwé akèh ketrampilan. Wong-wong kuwi ora mung dadi kanca kerja, ning ya isa dadi sahabat sing nresnani awaké dhéwé, malah nganti gelem ngorbanké nyawané kanggo awaké dhéwé.

15. Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé marang tugasé awaké dhéwé?

15 Awaké dhéwé nduwé tugas sing paling apik. Awaké dhéwé nduwé tugas kanggo mbantu wong liya bèn kenal Yéhuwah lan ngerti nèk Sétan kuwi tukang ngapusi. (Yoh. 8:44) Misalé, Sétan péngin wong-wong percaya nèk Yéhuwah kuwi kejem lan ora gelem ngapurani awaké dhéwé. Kuwi nggawé wong-wong dadi susah atiné lan ora nduwé harapan. Padahal, nèk awaké dhéwé nyedhak marang Yésus, dosa-dosané awaké dhéwé bakal diapurani. Terus, Yéhuwah sakjané ya sayang banget karo awaké dhéwé. (Rm. 8:32, 38, 39) Dadi, tugasé awaké dhéwé iki nyenengké banget merga isa mbantu wong-wong bèn dadi luwih bahagia lan cedhak karo Yéhuwah.

CARANÉ BÈN ISA TERUS SENENG WEKTU NINDAKKÉ TUGAS SAKA YÉSUS

16. Apa bédané tugas saka Yésus karo gawéan-gawéan sing liyané?

16 Tugas saka Yésus kuwi béda karo gawéan-gawéan sing liyané. Biasané wong nèk bar mulih nyambut gawé mesthi kesel lan ora seneng atiné. Ning, nèk awaké dhéwé nyambut gawé kanggo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé isa ngrasa puas lan bahagia. Nèk misalé kudu berhimpun sakwisé mulih nyambut gawé, awaké dhéwé mungkin kudu ngupaya merga wis kekeselen. Ning, awaké dhéwé biasané bakal ngrasa seger manèh lan dikuwatké nèk bar mulih saka perhimpunan. Awaké dhéwé ya mesthi isa ngrasa kaya ngono wektu nginjil lan sinau Alkitab. Senajan kudu ngupaya, ning awaké dhéwé isa ngrasa puas lan seneng.

17. Apa sebabé awaké dhéwé kudu masuk akal lan ngati-ati?

17 Awaké dhéwé kudu masuk akal lan ngrumangsani nèk ora kabèh sing awaké dhéwé karepké isa ditindakké. Mula, awaké dhéwé kudu mikir tenanan sakdurungé nggawé keputusan. Misalé, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nggunakké urip mung kanggo nglumpukké bandha. Mbiyèn, ana wong lanang sing isih enom lan sugih sing takon karo Yésus, ”Apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” Wong lanang kuwi wis nindakké Hukum Taurat. Dhèwèké mesthi ya wong sing tulus merga ing Injil Markus disebutké nèk Yésus nresnani wong kuwi. Terus, Yésus kandha karo wong kuwi, ”Kabèh bandhamu edolen, . . . banjur dadia muridku.” Wong lanang kuwi sakjané péngin dadi muridé Yésus, ning dhèwèké ora gelem ngedol bandhané, ”merga bandhané akèh”. (Mrk. 10:17-22) Dadi, dhèwèké ora gelem nampa undangané Yésus lan pilih terus dadi budhaké ”Bandha”. (Mat. 6:24) Nèk njenengan sing dadi wong lanang kuwi, apa sing bakal njenengan tindakké?

18. Apa sing kudu terus awaké dhéwé tindakké lan apa sebabé?

18 Awaké dhéwé kudu terus mikirké tenanan soal apa sing diutamakké ing uripé awaké dhéwé bèn isa terus nyenengké Yéhuwah. Gatèkna pengalamané sedulur enom sing jenengé Mark. Dhèwèké kandha, ”Nurutku, uripku iki wis sederhana. Aku pancèn merintis, ning wektu lan tenagaku ya entèk kanggo nggolèk dhuwit bèn uripku isa dadi luwih nyaman. Aku ngrasa nèk aku ora bahagia lan ora puas. Akhiré, aku dadi sadhar nèk aku ora ngutamakké Yéhuwah.” Terus, Mark nggawé perubahan bèn isa nduwé luwih akèh wektu lan tenaga kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Mark kandha, ”Kadhang kala aku ngrasa kuwatir. Ning, Yéhuwah lan Yésus mbantu aku bèn isa ngatasi tantangan lan terus ngabdi.”

19. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing bener?

19 Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus seneng wektu nindakké tugas saka Yésus? Sing pertama, awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing bener. Yéhuwah kuwi majikané awaké dhéwé. Mula, wektu nindakké tugas saka Yéhuwah, awaké dhéwé kudu manut karo petunjuké Yéhuwah. (Luk. 17:10) Nèk ora manut, awaké dhéwé sing bakal susah. Kuwi kaya kebo sing mikul pasangan, ning ora manut wektu diarahké karo majikané. Kebo kuwi bakal kelaran lan kesel dhéwé. Ning, nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngatasi tantangan apa waé. Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa berhasil nindakké kabèh tugas saka Yéhuwah.​—Rm. 8:31; 1 Yoh. 4:4.

20. Apa sing kuduné dadi tujuané awaké dhéwé wektu nindakké tugas saka Yésus?

20 Sing keloro, awaké dhéwé kudu nduwé tujuan sing bener. Kuduné, awaké dhéwé gelem nindakké tugas saka Yésus merga péngin ngluhurké Yéhuwah. Ana wong-wong ing jamané Yésus sing srakah lan mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Akibaté, wong-wong kuwi ora bahagia lan ora gelem dadi muridé Yésus. (Yoh. 6:25-27, 51, 60, 66; Flp. 3:18, 19) Ning, wektu kuwi ya ana wong-wong sing dadi muridé Yésus merga péngin mbuktèkké rasa sayangé karo Yéhuwah lan wong liya. Hasilé, wong-wong kuwi isa bahagia lan nduwé harapan kanggo urip ing swarga bareng karo Yésus. Awaké dhéwé ya isa terus ngrasa seneng wektu nindakké tugas saka Yésus nèk nduwé tujuan sing padha karo wong-wong kuwi.

21. Nurut Matius 6:31-33, apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk awaké dhéwé isa berhasil nindakké tugas saka Yésus?

21 Sing ketelu, awaké dhéwé kudu yakin nèk awaké dhéwé isa berhasil nindakké tugas saka Yésus. Nèk wis dadi muridé Yésus, awaké dhéwé kudu gelem kerja keras lan ora ngutamakké kepentingané dhéwé. Yésus ya kandha nèk awaké dhéwé bakal dianiaya. Ning, Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa tetep setya. Nèk awaké dhéwé tetep setya, awaké dhéwé isa saya percaya karo Yéhuwah. (Yak. 1:2-4) Awaké dhéwé isa yakin nèk ana Yéhuwah sing bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé; ana Yésus sing bakal nuntun awaké dhéwé; lan ana para sedulur sing bakal nguwatké awaké dhéwé. (Wacanen Matius 6:31-33; Yoh. 10:14; 1 Tés. 5:11) Dadi, awaké dhéwé isa berhasil nindakké tugas saka Yésus.

22. Awaké dhéwé bakal éntuk berkah nèk nindakké apa?

22 Wong wédok sing nemoni Yésus mbiyèn pancèn isa ngrasa dikuwatké sakwisé dimarèkké. Ning, dhèwèké ya isa terus bahagia nganti saklawasé nèk gelem dadi muridé Yésus. Malah, dhèwèké ya isa nduwé harapan kanggo urip ing swarga. Pengorbanan apa waé sing dhèwèké tindakké kanggo Yésus ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo berkah sing isa dhèwèké tampa. Nèk awaké dhéwé gelem nyedhak marang Yésus lan nindakké tugasé, awaké dhéwé ya isa éntuk harapan kanggo urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi.

LAGU 13 Niru Tuladhané Yésus

^ par. 5 Yésus ngundang awaké dhéwé kanggo nyedhak marang dhèwèké. Apa sing kudu ditindakké kanggo nampa undangané Yésus? Apa sebabé nindakké tugas saka Yésus isa nggawé awaké dhéwé seneng? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 60 GAMBAR: Ana akèh sing Yésus tindakké kanggo nguwatké wong liya.

^ par. 66 GAMBAR:Sedulur lanang ing gambar kuwi ya ngupaya kanggo niru Yésus.