Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 36

Terus Ngentèni Tekané Armagédon

Terus Ngentèni Tekané Armagédon

”Raja-raja kuwi banjur diklumpukké ing . . . Armagédon.”​—WHY. 16:16.

LAGU 150 Ngupayaa Bèn Dislametké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi wektu Armagédon teka? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

ANA wong-wong sing percaya nèk bumi iki bakal hancur merga perang nuklir utawa bencana alam. Alkitab kandha nèk sukmbèn pancèn bakal ana perang sing disebut Armagédon. (Why. 1:3) Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi. Apa sebabé? Alkitab kandha nèk ana wong-wong sing bakal dislametké wektu perang kuwi kelakon lan buminé ora bakal dihancurké.

2 Alkitab njelaské nèk wong-wong sing bener bakal dislametké wektu Armagédon. Ning, pamréntahané manungsa, wong-wong sing jahat, lan wong-wong sing ngrusak bumi bakal disirnakké. (Why. 11:18) Dadi, Armagédon kuwi apa? Peristiwa apa waé sing bakal kelakon sakdurungé Armagédon? Piyé carané bèn isa dislametké pas Armagédon? Piyé carané bèn isa tetep setya nganti Armagédon teka? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

ARMAGÉDON KUWI APA?

3. (a) Apa sing dimaksud ”Armagédon”? (b) Nurut Wahyu 16:14, 16, saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Armagédon kuwi dudu jeneng panggonan?

3 Wacanen Wahyu 16:14, 16. Kata ”Armagédon” mung disebutké ping pisan ing Alkitab. Kata kuwi asalé saka basa Ibrani sing artiné ”Gunung Mégido”. (Why. 16:16, ctn.) Mégido kuwi jenengé salah siji kutha ing Israèl jaman mbiyèn. (Ys. 17:11) Ning, sakjané ora ana panggonan sing jenengé Armagédon. Sing dimaksud ”Armagédon” yaiku peristiwa wektu ”kabèh raja ing bumi” padha ngumpul merga péngin nglawan Yéhuwah. (Why. 16:14) Perang sing kelakon sakwisé para raja ngumpul kuwi ya isa disebut ”Armagédon”. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Armagédon kuwi dudu jeneng panggonan? Sing pertama, ora ana gunung sing jenengé Mégido. Sing keloro, dhaérah Mégido ora bakal cukup nèk dienggo ngumpul ”kabèh raja ing bumi” sing nggawa pasukan lan kabèh senjatané. Sing ketelu, perang Armagédon bakal dimulai wektu para raja nyerang umaté Allah, padahal umaté Allah ora manggon ing salah siji panggonan thok.

4. Apa sebabé perangé Yéhuwah kuwi dikèki jeneng sing ana hubungané karo Mégido?

4 Apa sebabé perangé Yéhuwah kuwi dikèki jeneng sing ana hubungané karo Mégido? Ing jaman Alkitab, ana akèh perang sing kelakon ing Mégido lan ing cedhaké Lembah Yizréèl. Yéhuwah ya tau mbantu wektu umaté perang ing kono. Misalé, ing cedhak kali Mégido, Yéhuwah mbantu Hakim Barak ngalahké pasukan Kanaan sing dipimpin karo Siséra. Bar kuwi, Barak lan salah siji nabi wédok sing jenengé Débora nyanyi, ”Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang . . . nglawan Siséra. . . . Kali Kison ngéntiraké mungsuh.”​—PH. 5:19-21.

5. Apa bédané perangé Barak lan perang Armagédon?

5 Barak lan Débora ya nyanyi, ”Kados makaten anggènipun sakathahing mengsah [utawa, mungsuh] Paduka, badhé sirna, dhuh Yéhuwah! Nanging wong kang nresnani Panjenengané iku pindha surya kang mlethèk kalawan kamulyané.” (PH. 5:31) Sukmbèn pas Armagédon, mungsuh-mungsuhé Yéhuwah ya bakal disirnakké lan wong-wong sing nresnani Yéhuwah bakal dislametké. Ning, umaté Yéhuwah wektu kuwi ora perlu nggawa senjata lan ora mèlu perang. Umaté Yéhuwah bakal tetep aman lan tenang merga percaya karo Yéhuwah lan pasukané ing swarga.​—Yé. 30:15; Why. 19:11-15.

6. Cara apa waé sing mungkin Yéhuwah gunakké kanggo ngalahké mungsuhé pas Armagédon?

6 Piyé carané Yéhuwah ngalahké mungsuhé pas Armagédon? Isa waé ana akèh cara sing Yéhuwah gunakké. Misalé, Yéhuwah isa nggunakké gempa bumi, udan ès, lan petir. (Ay. 38:22, 23; Yk. 38:19-22) Yéhuwah ya isa waé nggawé wong-wong kuwi padha patèn-patènan dhéwé. (2 Bb. 20:17, 22, 23) Yéhuwah mungkin ya nggunakké para malaékaté kanggo matèni wong-wong jahat. (Yé. 37:36) Ora soal cara apa waé sing Yéhuwah gunakké, Yéhuwah mesthi bakal menang. Kabèh mungsuhé bakal disirnakké lan kabèh wong sing bener bakal dislametké.​—WB. 3:25, 26.

APA WAÉ SING BAKAL KELAKON SAKDURUNGÉ ARMAGÉDON?

7-8. (a) Nurut 1 Tésalonika 5:1-6, ana pengumuman apa sing digawé karo para pemimpin politik? (b) Apa sebabé pengumuman kuwi isa nggawé cilaka?

7 Pengumuman ”tentrem lan aman” sakdurungé ”dinané Yéhuwah” teka. (Wacanen 1 Tésalonika 5:1-6.) ”Dinané Yéhuwah” sing dicathet ing 1 Tésalonika 5:2 kuwi maksudé ”sengsara gedhé”. (Why. 7:14) Kapan sengsara gedhé dimulai? Alkitab ngandhani nèk para pemimpin politik bakal ngumumké ”tentrem lan aman”, lan kuwi bakal dadi tandha dimulainé sengsara gedhé.

8 Apa sebabé ana pengumuman kuwi? Apa para pemimpin agama ya mèlu ngumumké kuwi? Ya, isa waé. Pengumuman kuwi sakjané mung apus-apus sing asalé saka roh-roh jahat. Pengumuman kuwi isa nggawé cilaka merga wong-wong dadi rumangsa nèk donya iki wis aman lan tentrem, padahal ora suwé sakwisé kuwi sengsara gedhé bakal kelakon. Alkitab kandha, ”Wong-wong kuwi bakal disirnakké. Cilaka iki bakal teka dadakan ngenani wong-wong kuwi, kaya rasa larané wong wadon sing mbobot sing arep nglairké.” Lha terus, umaté Yéhuwah piyé? Umaté Yéhuwah mesthi bakal wis siap, senajan ora ngerti kapan persisé sengsara gedhé kuwi kelakon.

9. Apa Yéhuwah bakal langsung nyirnakké kabèh bagéan saka pamréntahané Sétan? Terangna.

9 Ing jamané Nuh, kabèh sing ora manut langsung disirnakké karo Yéhuwah. Ning, sukmbèn Yéhuwah ora langsung nyirnakké pamréntahané Sétan. Sing pertama, Yéhuwah bakal nyirnakké Babilon Gedhé, yaiku kabèh agama palsu ing donya. Terus pas Armagédon, Yéhuwah lagi nyirnakké bagéan liyané saka pamréntahané Sétan, yaiku sistem politik, militèr, lan perdagangan. Awaké dhéwé bakal ngrembug soal rong peristiwa kuwi.

10. Nurut Wahyu 17:1, 6 lan 18:24, kenapa Yéhuwah arep nyirnakké Babilon Gedhé?

10 ”Hukuman kanggo pelacur gedhé.” (Wacanen Wahyu 17:1, 6; 18:24.) Babilon Gedhé, utawa agama palsu, wis ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah. Agama palsu ngajarké sing ora bener soal Gusti Allah lan tumindak kaya pelacur, merga ora setya karo Yéhuwah lan malah ndhukung pamréntahané manungsa. Agama palsu ya nindhes lan meres wong-wong sing dadi anggotané. Sakliyané kuwi, agama palsu ya matèni akèh wong, termasuk wong-wong sing dadi umaté Yéhuwah. (Why. 19:2) Piyé carané Yéhuwah nyirnakké Babilon Gedhé?

11. ”Kéwan buas sing wernané abang mbranang” kuwi nglambangké apa lan piyé carané Yéhuwah nggunakké dhèwèké kanggo nyerang Babilon Gedhé?

11 Yéhuwah bakal nggunakké ”sepuluh sungu” lan ”kéwan buas sing wernané abang mbranang” kanggo nyirnakké ”pelacur gedhé”. Kéwan buas kuwi nglambangké Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB). Sepuluh sungu nglambangké para pemimpin politik sing ndhukung PBB. Dadi, Yéhuwah wis ngatur bèn sukmbèn para pemimpin politik nyerang Babilon Gedhé, ”ngrampas kabèh duwèké, [lan] nggawé dhèwèké wuda”. Kuwi artiné para pemimpin politik bakal ngrampas kabèh bandhané agama palsu lan nggawé wong-wong ngerti nèk agama palsu kuwi pancèn jahat. (Why. 17:3, 16) Kuwi kabèh kelakoné bakal cepet banget, kaya-kayané mung ”ing sedina”. Mula, wong-wong sing ndhukung agama palsu bakal kagèt. Apa manèh Babilon Gedhé kerep ngomong, ”Aku iki ratu, dudu randha, lan aku ora bakal ngrasa sedhih.”​—Why. 18:7, 8.

12. Apa sing bakal Yéhuwah tindakké marang umaté lan apa sebabé?

12 Gusti Allah bakal nglindhungi umaté bèn ora mèlu disirnakké karo bangsa-bangsa. Wong-wong sing dadi umaté Yéhuwah wis ngluhurké jenengé Yéhuwah lan manut wektu dikongkon metu saka Babilon Gedhé. (Kis. 15:16, 17; Why. 18:4) Umaté Yéhuwah ya wis ngupaya kanggo mbantu wong-wong bèn isa metu saka agama palsu. Dadi, umaté Yéhuwah ora bakal ”mèlu kena bencana-bencanané”. Ning, wong-wong kuwi kudu ngupaya bèn tetep setya wektu ngadhepi peristiwa sing bakal kelakon sakwisé kuwi.

Wektu diserang, umaté Yéhuwah bakal terus ngendelké Yéhuwah (Deloken paragraf 13) *

13. (a) Sing dimaksud Gog kuwi sapa? (b) Nurut Yéheskièl 38:2, 8, 9, kapan perang Armagédon bakal dimulai?

13 Serangané Gog. (Wacanen Yéheskièl 38:2, 8, 9.) Sakwisé kabèh agama palsu disirnakké, mung tinggal ana siji agama, yaiku umaté Yéhuwah. Sétan mesthi bakal nesu banget. Dhèwèké bakal nggunakké ”omongan sing najis”, yaiku katrangan palsu saka roh-roh jahat sing nggawé bangsa-bangsa dadi kepéngin nyerang umaté Yéhuwah. (Why. 16:13, 14) Bangsa-bangsa sing bersatu kanggo nyerang umaté Yéhuwah kuwi disebut ”Gog ing tanah Magog”. Pas bangsa-bangsa kuwi arep nyerang, perang Armagédon bakal dimulai.​—Why. 16:16.

14. Apa sing bakal dingertèni karo Gog?

14 Gog bakal ngendelké ”tangan manungsa”, yaiku pasukan militèré. (2 Bb. 32:8) Ning, awaké dhéwé bakal ngendelké Allahé awaké dhéwé, yaiku Yéhuwah. Bangsa-bangsa bakal nganggep nèk awaké dhéwé kuwi bodho, merga allah-allah liyané ora isa nylametké Babilon Gedhé saka ”kéwan buas” lan ”sepuluh sungu”. (Why. 17:16) Dadi, Gog rumangsa nèk dhèwèké bakal menang. Dhèwèké bakal nyerang umaté Yéhuwah, kaya ”mendhung kang nutupi salumahing bumi”. (Yk. 38:16) Ning, ora let suwé sakwisé kuwi, Gog akhiré ngerti nèk malah dhèwèké sing bakal disirnakké. Kaya Firaun ing Laut Merah mbiyèn, Gog akhiré bakal ngerti nèk nyerang umaté Yéhuwah kuwi padha karo nglawan Yéhuwah.​—Pa. 14:1-4; Yk. 38:3, 4, 18, 21-23.

15. Apa sing bakal ditindakké karo Yésus pas Armagédon?

15 Yésus Kristus lan pasukané ing swarga bakal nylametké umaté Yéhuwah lan nyirnakké bangsa-bangsa. (Why. 19:11, 14, 15) Ning, isih ana Sétan, mungsuh sing ngarahké bangsa-bangsa kanggo nyerang umaté Allah lan akhiré dadi ana Armagédon. Apa sing bakal dialami karo Sétan? Yésus bakal nguncalké Sétan lan para malaékaté menyang jurang sing jero banget. Ing kono, Sétan lan para malaékaté bakal diranté nganti sèwu taun suwéné.​—Why. 20:1-3.

PIYÉ CARANÉ BÈN ISA DISLAMETKÉ PAS ARMAGÉDON?

16. (a) Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé ”kenal Gusti Allah”? (b) Wektu Armagédon, apa sing bakal dialami karo wong-wong sing kenal karo Yéhuwah?

16 Bèn isa dislametké pas Armagédon, awaké dhéwé kudu mbuktèkké nèk awaké dhéwé ”kenal Gusti Allah” lan manut karo ”kabar apik bab Gusti kita Yésus”, ora soal awaké dhéwé lagi waé utawa wis suwé ngabdi marang Yéhuwah. (2 Tés. 1:7-9) Dadi, awaké dhéwé kudu ngerti apa waé sing disenengi lan disengiti karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu nresnani Yéhuwah, manut karo pathokan-pathokané, lan ngabdi mung marang Dhèwèké. (1 Yoh. 2:3-5; 5:3) Nèk awaké dhéwé nindakké apa sing nyenengké Gusti Allah, awaké dhéwé ya bakal ”dikenal karo Gusti Allah”. (1 Kor. 8:3) Nèk wis ngono, awaké dhéwé bakal dislametké pas Armagédon.

17. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé manut karo ”kabar apik bab Gusti kita Yésus”?

17 Sing termasuk ”kabar apik bab Gusti kita Yésus” yaiku kabèh sing diajarké Yésus sing ana ing Alkitab. Dadi, awaké dhéwé kudu ngetrapké kabèh sing diajarké Yésus kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé manut karo kabar apik kuwi. Misalé, awaké dhéwé kudu ngutamakké Kratoné Allah, urip manut pathokané Allah, lan martakké kabar bab Kratoné Allah. (Mat. 6:33; 24:14) Terus, awaké dhéwé ya kudu ndhukung para seduluré Yésus sing dipilih munggah swarga wektu wong-wong kuwi nindakké tugas-tugasé ing bumi.​—Mat. 25:31-40.

18. Apa sing bakal ditindakké karo wong-wong sing dipilih munggah swarga kanggo wong-wong sing wis ndhukung dhèwèké?

18 Wong-wong sing dipilih munggah swarga bakal tumindak kanggo kepentingané kabèh wong sing ndhukung dhèwèké. Kabèh sing ndhukung wong-wong sing bakal munggah swarga kuwi disebut ”wedhus-wedhus liya”. (Yoh. 10:16) Sakdurungé perang Armagédon dimulai, wong-wong sing dipilih kuwi bakal wis ana ing swarga dadi putra-putrané Yéhuwah. Wong-wong sing jumlahé 144.000 kuwi ora bakal isa mati manèh. Wong-wong kuwi bakal dadi pasukané Yésus sing bakal nyirnakké Gog lan nylametké ”kumpulan gedhé” umaté Yéhuwah. (Why. 2:26, 27; 7:9, 10) Dadi, ndhukung wong-wong sing dipilih menyang swarga kuwi bener-bener dadi kehormatan sing nyenengké banget kanggo kumpulan gedhé.

PIYÉ CARANÉ BÈN ISA TETEP SETYA NGANTI ARMAGÉDON TEKA?

19-20. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep setya ing dina-dina pungkasan iki?

19 Ing dina-dina pungkasan iki, umaté Yéhuwah isa tetep setya lan bahagia senajan ana akèh tantangan. (Yak. 1:2-4) Salah siji carané yaiku awaké dhéwé kudu terus ndonga. (Luk. 21:36) Sakliyané ndonga, awaké dhéwé ya kudu sinau Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné, termasuk ngrenungké ramalan soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon sedhéla manèh. (Ms. 77:13) Awaké dhéwé ya kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé bakal nduwé iman sing saya kuwat lan dadi saya yakin karo harapan ing masa depan.

20 Piyé perasaané njenengan nèk sukmbèn Babilon Gedhé wis ora ana manèh lan Armagédon wis rampung? Piyé perasaané njenengan nèk sukmbèn kabèh wong padha ngluhurké jenengé Gusti Allah lan manut karo wewenangé? Kuwi kabèh mesthi nyenengké banget. (Yk. 38:23) Mula, kabèh wong sing kenal karo Gusti Allah, manut karo Putrané, lan setya ngabdi mesthi bakal terus ngentèn-entèni tekané Armagédon.​—Mat. 24:13.

LAGU 143 Terus Entènana kanthi Setya

^ par. 5 Umaté Yéhuwah wis suwé ngentèni tekané Armagédon. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing dimaksud Armagédon kuwi, peristiwa apa waé sing bakal kelakon sakdurungé Armagédon, lan piyé carané awaké dhéwé isa tetep setya nganti Armagédon teka.

^ par. 71 GAMBAR: Wektu ana pengumuman ”tentrem lan aman”, awaké dhéwé bakal terus ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil. Wektu agama palsu disirnakké, awaké dhéwé bakal terus ngupaya kanggo sinau. Wektu diserang karo Gog, awaké dhéwé bakal terus ngendelké Yéhuwah.

^ par. 85 GAMBAR: Polisi arep nggrebeg omahé sak keluarga Seksi Yéhuwah, ning keluarga kuwi percaya nèk Yésus lan para malaékaté nggatèkké keluarga kuwi.