Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 35

Yéhuwah Nggatèkké Umaté sing Rendah Hati

Yéhuwah Nggatèkké Umaté sing Rendah Hati

”Yéhuwah iku . . . nguningani marang wong asor [”rendah hati”, Terjemahan Dunia Baru (NWT)].”​—MS. 138:6.

LAGU 48 Ngabdi marang Yah Saben Dina

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé pandhangané Yéhuwah soal wong-wong sing rendah hati? Jelasna.

YÉHUWAH sayang karo wong-wong sing rendah hati. Mung wong-wong sing rendah hati sing isa cedhak karo Yéhuwah merga Yéhuwah ora seneng karo wong sing sombong. (Ms. 138:6) Awaké dhéwé mesthi péngin nyenengké Yéhuwah lan dadi sahabaté. Mula, awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa dadi wong sing rendah hati.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: (1) Wong sing rendah hati kuwi wong sing kaya apa? (2) Apa sebabé awaké dhéwé kudu rendah hati? (3) Kapan awaké dhéwé perlu luwih ngupaya bèn isa rendah hati? Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah lan éntuk manfaat.​—WB. 27:11; Yé. 48:17.

WONG SING RENDAH HATI KUWI WONG SING KAYA APA?

3. Wong sing rendah hati kuwi wong sing kaya apa?

3 Wong sing rendah hati kuwi ora sombong lan ora rumangsa luwih penting ketimbang wong liya. Nurut Alkitab, wong sing rendah hati kuwi nganggep wong liya luwih unggul ketimbang dhèwèké lan gelem ngakoni nèk Yéhuwah kuwi sing paling unggul.​—Flp. 2:3, 4.

4-5. Kenapa wong sing kétoké rendah hati durung mesthi bener-bener rendah hati?

4 Ana wong-wong sing kétoké rendah hati. Wong-wong kuwi mungkin pancèn isinan lan menengan. Utawa mungkin ana wong sing kétok sopan merga wis diajari kèt cilik. Ning, isa waé sakjané wong-wong kuwi ora bener-bener rendah hati. Wong-wong sing kaya ngono mengkoné ya bakal kétok sipat asliné.​—Luk. 6:45.

5 Ana manèh wong sing kétok percaya diri utawa blak-blakan, ning durung mesthi dhèwèké kuwi wong sing sombong. (Yoh. 1:46, 47) Ning, wong-wong sing kaya ngono ya kudu ngati-ati bèn ora ngendelké kemampuané dhéwé. Ora soal awaké dhéwé iki wongé isinan utawa ora, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn dadi wong sing rendah hati.

Paulus ora rumangsa luwih unggul ketimbang sing liyané (Deloken paragraf 6) *

6. Kaya sing dicritakké ing 1 Korintus 15:10, apa sing isa disinaoni saka contoné Rasul Paulus?

6 Gatèkna contoné Rasul Paulus. Dhèwèké digunakké Yéhuwah kanggo mbentuk jemaat-jemaat Kristen sing anyar. Paulus ya nginjil ing akèh kutha, isa waé luwih akèh ketimbang rasul-rasulé Yésus sing liyané. Ning, Paulus ora rumangsa luwih unggul ketimbang sing liyané. Paulus kandha, ”Aku iki sing paling asor ing antarané para rasul, lan aku ora pantes disebut rasul, merga aku nganiaya jemaaté Gusti Allah.” (1 Kor. 15:9) Paulus ya kandha nèk dhèwèké isa akrab karo Yéhuwah merga welas asihé Yéhuwah sing nggumunké, dudu merga kemampuané Paulus dhéwé. (Wacanen 1 Korintus 15:10.) Paulus bener-bener wong sing rendah hati. Ing suraté kanggo wong-wong Korintus, awaké dhéwé isa ndelok nèk Paulus kuwi tetep rendah hati senajan ana sedulur-sedulur ing kono sing ngelok-elokké dhèwèké.​—2 Kor. 10:10.

Sedulur Karl F. Klein, sedulur sing rendah hati lan tau dadi anggota Pengurus Pusat (Deloken paragraf 7)

7. Critakna pengalamané salah siji sedulur sing nduduhké nèk dhèwèké rendah hati.

7 Sedulur Karl F. Klein, sing tau dadi Pengurus Pusat, ya dadi conto sing apik kanggo para sedulur. Wektu nyritakké pengalamané, dhèwèké ngakoni nèk ana tantangan-tantangan sing kudu diadhepi. Misalé, dhèwèké pertama kali nginjil ing omah-omah ing taun 1922. Ning, sakwisé kuwi dhèwèké ora gelem nginjil ing omah-omah manèh nganti rong taun merga rumangsa nèk nginjil kuwi angèl. Terus, wektu kerja ing Bètel, dhèwèké tau nesu karo salah siji sedulur merga sedulur kuwi ngekèki naséhat. Sakliyané kuwi, dhèwèké ya tau nduwé masalah keséhatan merga kuwatir lan strès. Sedulur Klein ora isin kanggo nyritakké pengalamané padahal dhèwèké nduwé akèh tugas sing penting lan dikenal karo para sedulur. Kuwi bukti nèk Sedulur Klein bener-bener rendah hati. Contoné Sedulur Klein sing apik kuwi terus diéling-éling karo akèh sedulur. *

APA SEBABÉ AWAKÉ DHÉWÉ KUDU RENDAH HATI?

8. Saka 1 Pétrus 5:6, apa buktiné nèk Yéhuwah seneng karo wong sing rendah hati?

8 Rasul Pétrus kandha nèk awaké dhéwé kudu rendah hati bèn isa nggawé Yéhuwah seneng. (Wacanen 1 Pétrus 5:6.) Kata-katané Rasul Pétrus kuwi dirembug ing buku ”Mari Jadilah Pengikutku”. Ing kono disebutké: ”Sipat sombong kuwi kaya racun sing isa ngrusak. Senajan nduwé ketrampilan, wong sing sombong ora ana gunané kanggo Yéhuwah. Ning, wong sing ora nduwé ketrampilan isa digunakké karo Yéhuwah nèk dhèwèké rendah hati. . . . [Yéhuwah] bakal mberkahi nèk awaké dhéwé rendah hati.” * Awaké dhéwé mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng.​—WB. 23:15.

9. Apa sebabé awaké dhéwé isa nduwé akèh kanca nèk dadi wong sing rendah hati?

9 Awaké dhéwé ya isa éntuk akèh manfaat nèk dadi wong sing rendah hati. Misalé, awaké dhéwé isa nduwé akèh kanca. Apa sebabé? Biasané, awaké dhéwé ora seneng nèk nduwé kanca sing égois lan angèl dikandhani. Ning, awaké dhéwé mesthi seneng nèk nduwé kanca sing padha-padha nyembah Yéhuwah lan ”isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor”. (1 Ptr. 3:8) Dadi, nèk awaké dhéwé waé seneng nduwé kanca sing rendah hati, wong liya mesthi ya seneng dadi kancané awaké dhéwé nèk awaké dhéwé rendah hati.​—Mat. 7:12.

10. Apa sebabé wong sing rendah hati biasané ora gampang kecéwa nèk lagi ngadhepi masalah?

10 Wong sing rendah hati biasané ya ora gampang kecéwa nèk lagi ngadhepi masalah. Misalé, awaké dhéwé mungkin tau ndelok utawa ngalami keadaan sing ora adil. Raja Salomo tau kandha, ”Aku sumurup batur tukon nunggang jaran, lan para panggedhé padha mlaku dharat kaya batur tukon.” (Ko. 10:7) Kadhang kala, wong sing ora nduwé ketrampilan malah luwih diajèni ketimbang wong sing trampil. Ning, kaya sing diomongké Salomo, awaké dhéwé ora perlu dadi kecéwa utawa jèngkèl nèk keadaané ora kaya sing awaké dhéwé karepké. (Ko. 6:9, Basa Jawi Padintenan) Awaké dhéwé isa kaya ngono nèk awaké dhéwé rendah hati.

KAPAN AWAKÉ DHÉWÉ PERLU LUWIH NGUPAYA BÈN ISA RENDAH HATI?

Apa sebabé awaké dhéwé perlu luwih ngupaya bèn isa rendah hati wektu ngadhepi situasi iki? (Deloken paragraf 11-12) *

11. Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé wektu éntuk naséhat?

11 Saben dina awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa rendah hati. Misalé, awaké dhéwé kudu rendah hati wektu éntuk naséhat. Pancèn, dikèki naséhat kuwi ora mesthi nyenengké. Wektu ana sing ngekèki naséhat, mungkin awaké dhéwé dadi nesu lan ora trima. Awaké dhéwé mungkin ora seneng karo carané ngekèki naséhat utawa malah nggolèk-nggolèk kesalahané wong kuwi. Ning, nèk nganti ana sing ngekèki naséhat, isa waé awaké dhéwé sakjané pancèn wis nggawé kesalahan. Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé ora bakal nesu wektu ana sing ngekèki naséhat.

12. Nurut Wulang Bebasan 27:5, 6, apa sebabé awaké dhéwé kuduné maturnuwun nèk ana sing ngekèki naséhat? Wènèhana perumpamaan.

12 Wong sing rendah hati mesthi bakal maturnuwun nèk ana sing ngekèki naséhat. Bayangna nèk umpamané awaké dhéwé lagi omong-omongan karo para sedulur ing Balé Ibadah. Terus, ana sedulur sing mbisiki lan ngandhani nèk untuné awaké dhéwé isih ana panganané. Awaké dhéwé mesthi isin banget. Ning, awaké dhéwé mesthi maturnuwun karo wong kuwi merga gelem ngandhani awaké dhéwé. Malah, awaké dhéwé mesthi luwih seneng nèk ana sing ngandhani kèt mau. Dadi, awaké dhéwé kuduné ya maturnuwun nèk ana sedulur sing gelem ngekèki naséhat. Awaké dhéwé kuduné nganggep wong kuwi kanca, dudu mungsuh.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:5, 6; Gal. 4:16.

Apa sebabé awaké dhéwé perlu rendah hati nèk ana sedulur liya sing éntuk tugas ing jemaat? (Deloken paragraf 13-14) *

13. Piyé awaké dhéwé isa nduduhké sipat rendah hati wektu ana sing éntuk tugas istiméwa ing jemaat?

13 Wektu ana sing éntuk tugas istiméwa ing jemaat. Ana pinituwa sing jenengé Jason kandha, ”Kadhang kala aku mèri wektu ana sedulur liya éntuk tugas ing jemaat.” Apa njenengan tau ngrasa kaya ngono? Pancèn ora salah nèk awaké dhéwé péngin éntuk tugas istiméwa ing jemaat. (1 Tim. 3:1) Ning, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora dadi sombong. Misalé, mungkin ana sedulur lanang sing mulai mikir nèk mung dhèwèké sing isa nindakké salah siji tugas ing jemaat. Utawa, mungkin ana sedulur wédok sing mikir, ’Nèk bojoku sing nindakké tugas kuwi, mesthi hasilé dadi luwih apik.’ Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé ora bakal nduwé pikiran sing kaya ngono.

14. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Musa wektu ana wong liya sing éntuk tugas istiméwa?

14 Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Musa. Dhèwèké nganggep nèk tugasé kanggo mimpin bangsa Israèl kuwi penting. Ning, wektu ana wong liya sing ditugasi kanggo mbantu tugasé, Musa ora nganggep wong-wong kuwi dadi saingané. (Wi. 11:24-29) Musa ya gelem dibantu karo wong liya wektu ngadili bangsa Israèl. (Pa. 18:13-24) Hasilé, masalah-masalahé bangsa Israèl isa luwih cepet ditangani. Kuwi bukti nèk Musa luwih ngutamakké kepentingané bangsa Israèl. Musa ya ora rumangsa nèk dhèwèké sing paling cocog kanggo tugas kuwi. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Musa? Yéhuwah nganggep nèk sipat rendah hati kuwi luwih penting ketimbang ketrampilané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu rendah hati bèn isa digunakké karo Yéhuwah. Alkitab kandha nèk ”Yéhuwah iku luhur”, ning Dhèwèké ”nguningani [utawa, nggatèkké] marang wong asor [”rendah hati”, NWT]”.​—Ms. 138:6.

15. Perubahan apa waé sing mungkin dialami karo para sedulur?

15 Wektu keadaan berubah. Ana akèh sedulur sing wis puluhan taun nduwé tugas istiméwa, ning saiki keadaané berubah. Contoné, mulai taun 2014 wis ora ana manèh sing disebut pengawas distrik. Dadi, para pengawas distrik lan bojoné padha dikèki tugas sing anyar. Para sedulur sing umuré 70 taun ya ora isa nglayani dadi pinituwa wilayah manèh. Terus, para sedulur ya ora isa dadi koordinator pinituwa nèk umuré wis 80 taun utawa luwih. Durung suwé iki, akèh sedulur sing mauné kerja ing Bètel padha ditugaské dadi perintis. Sing liyané ya ana sing wis ora dadi pelayan sepenuh-waktu khusus manèh merga ana masalah keséhatan, tanggung jawab keluarga, utawa alesan-alesan liyané.

16. Apa buktiné nèk para sedulur tetep rendah hati wektu ngalami perubahan?

16 Ngalami perubahan sing kaya ngono kuwi mesthi ora gampang. Para sedulur kuwi mesthi sedhih merga kudu ninggalké tugasé sing wis ditindakké pirang-pirang taun. Malah, ana sing isih ngrasa kélangan nganti suwé. Ning, merga para sedulur kuwi sayang karo Yéhuwah, suwé-suwé rasa sedhihé ya isa ilang. Para sedulur kuwi ora mikir, ’Aku gelem ngabdi marang Yéhuwah nèk éntuk tugas khusus kuwi.’ (Kol. 3:23) Merga rendah hati, para sedulur kuwi gelem nindakké tugas apa waé. Para sedulur kuwi ’masrahké kabèh kuwatiré marang Gusti Allah’ merga yakin nèk Yéhuwah perduli.​—1 Ptr. 5:6, 7.

17. Apa sebabé awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah sing wis mulang awaké dhéwé bèn dadi wong sing rendah hati?

17 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis mulang awaké dhéwé bèn dadi wong sing rendah hati. Nèk awaké dhéwé rendah hati, kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé lan wong liya. Awaké dhéwé ora bakal dadi gampang kecéwa nèk lagi ngadhepi masalah. Sing paling penting, awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi seneng merga ngerti nèk Yéhuwah sayang karo wong sing rendah hati senajan Dhèwèké kuwi ”Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya”.​—Yé. 57:15.

LAGU 45 Terus Mikirké Sabda-Mu

^ par. 5 Rendah hati kuwi salah siji sipat sing paling penting. Wong sing rendah hati kuwi wong sing kaya apa? Apa sebabé awaké dhéwé kudu rendah hati? Kapan awaké dhéwé perlu luwih ngupaya bèn isa rendah hati? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 7 Deloken artikel sing judhulé ”Yehuwa Telah Berbuat Baik Kepadaku” ing Menara Pengawal sèri 4 taun 1984.

^ par. 8 Deloken pasal 3, paragraf 23.

^ par. 53 GAMBAR: Merga rendah hati, Paulus gelem bergaul karo kabèh wong, termasuk karo cah-cah cilik.

^ par. 57 GAMBAR: Salah siji sedulur gelem ngrungokké naséhat saka Alkitab sing disampèkké karo sedulur liya sing luwih enom.

^ par. 59 GAMBAR: Sedulur sing luwih tuwa kuwi ora mèri wektu sedulur sing luwih enom éntuk tugas ing jemaat.