Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 40

”Jaganen Apa sing Wis Dipercayakké marang Kowé”

”Jaganen Apa sing Wis Dipercayakké marang Kowé”

”Timotius, jaganen apa sing wis dipercayakké marang kowé.”​—1 TIM. 6:20.

LAGU 29 Asma-Mu Tak Luhurké

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Nurut 1 Timotius 6:20, apa waé sing diwènèhké marang Timotius?

AWAKÉ DHÉWÉ mungkin tau mercayakké wong liya kanggo njaga barang-barangé awaké dhéwé sing berharga. Misalé, awaké dhéwé mungkin nyimpen dhuwit ing bank bèn tetep aman lan ora dimaling. Dadi, awaké dhéwé isa ngerti artiné percaya karo wong liya nèk awaké dhéwé mercayakké dhèwèké kanggo njaga barangé awaké dhéwé sing berharga.

2 Wacanen 1 Timotius 6:20. Rasul Paulus ngélingké Timotius nèk dhèwèké wis nampa perkara-perkara sing berharga, yaiku wulangan sing bener soal kepénginané Yéhuwah kanggo manungsa. Timotius ya diwènèhi tanggung jawab kanggo nindakké ”tugas dadi penginjil”. (2 Tim. 4:2, 5) Paulus ngandhani Timotius kanggo njaga apa sing wis dipercayakké marang dhèwèké. Kaya Timotius, awaké dhéwé ya diwènèhi perkara-perkara sing berharga. Perkara apa waé kuwi? Apa sebabé awaké dhéwé kudu njaga apa sing wis Yéhuwah percayakké marang awaké dhéwé?

DIWÈNÈHI WULANGAN SING BENER SAKA ALKITAB

3-4. Apa sebabé wulangan sing bener saka Alkitab kuwi berharga?

3 Yéhuwah wis mènèhi awaké dhéwé wulangan sing bener sing ana ing Alkitab. Wulangané Alkitab kuwi perkara sing berharga. Apa sebabé? Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti carané nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan carané bèn isa bener-bener bahagia. Merga sinau wulangan sing bener lan ngetrapké pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa bébas saka ajaran-ajaran palsu lan tumindak sing bejat.​—1 Kor. 6:9-11.

4 Alesan liyané wulangan sing bener saka Alkitab kuwi berharga merga Yéhuwah mènèhké kuwi mung marang wong sing rendah hati sing ”nduwé sikap sing bener”. (Kis. 13:48) Wong-wong sing rendah hati isa nampa wulangan kuwi liwat budhak sing setya lan wicaksana. (Mat. 11:25; 24:45) Tanpa bantuané budhak sing setya lan wicaksana, awaké dhéwé ora isa paham wulangan sing bener. Mula, isa sinau wulangan sing bener saka Alkitab kuwi bener-bener perkara sing paling berharga kanggo awaké dhéwé.​—WB. 3:13, 15.

5. Yéhuwah mènèhi apa manèh marang awaké dhéwé?

5 Yéhuwah ya mènèhi awaké dhéwé tugas penting kanggo mulang wong liya soal Dhèwèké lan kepénginané. (Mat. 24:14) Kabar apik sing awaké dhéwé wartakké kuwi bener-bener berharga merga isa mbantu wong-wong dadi umaté Yéhuwah lan nduwé kesempatan kanggo urip saklawasé. (1 Tim. 4:16) Ora soal sepira akèhé sing isa awaké dhéwé tindakké ing gawéan nginjil, awaké dhéwé wis ndhukung gawéan sing paling penting iki. (1 Tim. 2:3, 4) Kuwi bener-bener kehormatan sing gedhé kanggo awaké dhéwé merga isa nyambut gawé bareng karo Yéhuwah.​—1 Kor. 3:9.

TERUS JAGANEN APA SING WIS DIPERCAYAKKÉ

Timotius tetep setya nglayani Yéhuwah senajan ana wong Kristen liyané sing akhiré ninggalké Yéhuwah (Deloken paragraf 6)

6. Apa sing dialami karo wong-wong sing nganggep nèk nyambut gawé bareng karo Yéhuwah kuwi dudu perkara sing berharga manèh?

6 Ing jamané Timotius, ana wong-wong Kristen sing nganggep nèk nyambut gawé bareng karo Yéhuwah kuwi dudu perkara sing berharga manèh. Misalé, Démas ninggalké Paulus merga nresnani donya. (2 Tim. 4:10) Terus, Figélus lan Hérmogènès kétoké ya mandheg nginjil merga wedi dianiaya kaya sing dialami Paulus. (2 Tim. 1:15) Himénéus, Alèksander, lan Filétus dadi wong murtad lan ora nglayani Yéhuwah manèh. (1 Tim. 1:19, 20; 2 Tim. 2:16-18) Wong-wong kuwi awalé sayang karo Yéhuwah, ning akhiré nganggep nèk nyambut gawé bareng karo Yéhuwah kuwi dudu perkara sing berharga manèh.

7. Cara apa waé sing digunakké Sétan kanggo nyerang awaké dhéwé?

7 Sétan nggunakké akèh cara bèn awaké dhéwé ora njaga apa sing Yéhuwah percayakké marang awaké dhéwé. Misalé, Sétan nggunakké hiburan lan sarana-sarana liyané, kaya acara TV, film, Internèt, koran, buku, lan majalah, kanggo nyebarké cara mikir lan tumindak sing salah sing isa nggawé awaké dhéwé dadi ora setya manèh karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, Sétan ya nggunakké tentangan lan penganiayaan bèn awaké dhéwé mandheg nginjil. Terus, Sétan ngupaya mengaruhi awaké dhéwé nganggo ajarané wong-wong murtad bèn awaké dhéwé ninggalké Yéhuwah.​—1 Tim. 6:20, 21.

8. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Sedulur Daniel?

8 Nèk ora ngati-ati, suwé-suwé awaké dhéwé isa dadi ora setya manèh marang Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Sedulur Daniel, * sing seneng dolanan video game. Dhèwèké kandha, ”Aku mulai seneng dolanan video game wektu umurku kira-kira sepuluh taun. Awalé, aku dolanan video game sing ora pati berbahaya. Ning, suwé-suwé video game sing tak mainké ana hubungané karo kekerasan lan hantu-hantu.” Akhiré, dhèwèké main video game nganti 15 jam saben dina. Daniel kandha, ”Sakjané, aku ngerti nèk jenis game lan jumlah wektu sing tak gunakké nggawé aku dadi ora akrab manèh karo Yéhuwah. Ning, aku nékad. Aku pilih ora nindakké pathokané Alkitab lan terus main game kuwi.” Dadi, nèk awaké dhéwé ora ngati-ati milih hiburan, suwé-suwé awaké dhéwé isa waé ora nganggep berharga manèh wulangan sing bener. Akibaté, awaké dhéwé isa waé kélangan perkara-perkara berharga saka Yéhuwah.

CARANÉ NJAGA PERKARA-PERKARA BERHARGA SAKA YÉHUWAH

9. Nurut 1 Timotius 1:18, 19, Paulus ngongkon Timotius kanggo nindakké apa?

9 Wacanen 1 Timotius 1:18, 19. Paulus madhakké Timotius kaya prajurit lan ngongkon dhèwèké kanggo ”terus berjuang demi tujuan sing apik” ing perang. Perang sing dimaksud Paulus kuwi dudu perang tenanan. Apa maksudé wong Kristen dipadhakké kaya prajurit sing lagi perang? Apa waé sing dibutuhké kanggo dadi prajurité Kristus? Saiki, ayo dirembug limang perkara sing isa disinaoni saka perumpamaané Paulus. Perkara-perkara kuwi isa mbantu awaké dhéwé njaga apa sing wis Yéhuwah wènèhké marang awaké dhéwé.

10. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngabdi marang Yéhuwah?

10 Terus ngabdi marang Yéhuwah. Prajurit sing apik kuwi bakal setya. Dhèwèké bakal berjuang kanggo nglindhungi wong sing disayangi utawa perkara sing berharga. Paulus ngandhani Timotius supaya terus ngabdi marang Yéhuwah. (1 Tim. 4:7) Nèk awaké dhéwé saya sayang karo Yéhuwah lan terus ngabdi marang Dhèwèké, awaké dhéwé bakal nduwé kepénginan sing saya kuwat kanggo njaga apa sing wis Yéhuwah wènèhké marang awaké dhéwé.​—1 Tim. 4:8-10; 6:6.

Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo teka berhimpun senajan wis kesel merga lagi waé mulih kerja. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal diberkahi Yéhuwah (Deloken paragraf 11)

11. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngendhalèni dhiri?

11 Ngendhalèni dhiri bèn isa nindakké apa sing bener. Prajurit sing apik kuwi kudu ngendhalèni dhiri bèn isa terus siap kanggo perang. Timotius isa nglawan pengaruh saka Sétan merga ngetrapké saran-saran saka Paulus yaiku nolak kepénginan sing salah, ngupaya nduwé sipat-sipat sing apik, lan bergaul karo para sedulur. (2 Tim. 2:22) Awaké dhéwé kudu ngendhalèni dhiri bèn isa nindakké kuwi kabèh. Awaké dhéwé kudu ngendhalèni dhiri bèn isa nglawan kepénginan sing salah. (Rm. 7:21-25) Awaké dhéwé ya kudu ngendhalèni dhiri bèn isa nyingkirké kepribadian sing lawas lan nganggo kepribadian sing anyar. (Éf. 4:22, 24) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo teka berhimpun senajan wis kesel merga lagi waé mulih kerja.​—Ibr. 10:24, 25.

12. Piyé carané awaké dhéwé isa luwih trampil nggunakké Alkitab?

12 Prajurit kudu sregep latihan bèn isa trampil nggunakké senjatané. Awaké dhéwé ya kudu latihan bèn trampil nggunakké Alkitab. (2 Tim. 2:15) Ing perhimpunan, awaké dhéwé isa sinau piyé carané bèn isa trampil. Awaké dhéwé ya kudu ajeg sinau Alkitab pribadi bèn isa mbantu wong liya yakin nèk wulangané Alkitab kuwi ana manfaaté. Nèk maca Alkitab saben dina lan ngrenungké apa sing wis diwaca, awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat. Awaké dhéwé ya kudu nggolèk katrangan sing luwih akèh saka wacan-wacan liyané bèn awaké dhéwé isa bener-bener ngerti isiné Alkitab lan isa ngetrapké pathokané Alkitab. (1 Tim. 4:13-15) Nèk wis nindakké kuwi, awaké dhéwé isa nggunakké Alkitab kanggo mulang wong liya. Kuwi maksudé, awaké dhéwé ora mung macakké Alkitab, ning ya mbantu sing ngrungokké bèn luwih paham lan isa ngetrapké ayat kuwi. Nèk ajeg nindakké sinau Alkitab pribadi, awaké dhéwé isa luwih trampil nggunakké Alkitab kanggo mulang wong liya.​—2 Tim. 3:16, 17.

13. Nurut Ibrani 5:14, apa sebabé kudu wicaksana wektu nggawé keputusan?

13 Kudu wicaksana wektu nggawé keputusan. Prajurit kudu siap lan ngerti apa sing kudu ditindakké wektu ana bahaya. Awaké dhéwé ya kudu ngerti situasi apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé kegodha kanggo nindakké sing salah lan nolak godhaan kuwi. (WB. 22:3; wacanen Ibrani 5:14.) Misalé, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih rékréasi lan hiburan. Akèh acara TV lan film sing nduduhké tumindak bejat. Kuwi bahaya lan nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, awaké dhéwé aja nganti milih hiburan sing kaya ngono sing isa nggawé awaké dhéwé suwé-suwé dadi ora cedhak manèh karo Yéhuwah.—Éf. 5:5, 6.

14. Manfaat apa sing dirasakké Sedulur Daniel merga dhèwèké wicaksana wektu nggawé keputusan?

14 Daniel, sing disebutké sakdurungé, akhiré sadhar nèk dolanan video game sing ana hubungané karo kekerasan lan hantu-hantu kuwi berbahaya. Mula, dhèwèké nggolèk katrangan luwih akèh ing Watchtower Library. Hasilé, dhèwèké mandheg dolanan video game sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Dhèwèké ya wis ora dolanan bareng manèh karo pemain liyané. Daniel kandha, ”Ketimbang dolanan video game, aku milih nindakké kegiatan sing liyané utawa ngumpul-ngumpul karo para sedulur.” Saiki, Daniel nglayani dadi perintis lan pinituwa.

15. Apa sebabé informasi sing klèru kuwi berbahaya?

15 Kaya Timotius, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu ana informasi sing klèru sing disebarké karo wong-wong murtad. (1 Tim. 4:1, 7; 2 Tim. 2:16) Misalé, wong-wong kuwi mungkin nyebarké informasi sing klèru soal para sedulur utawa organisasiné Yéhuwah. Informasi kaya ngono isa nggawé awaké dhéwé dadi ora nduwé iman manèh. Mula, awaké dhéwé aja nganti ngrungokké informasi kaya ngono merga kuwi asalé saka ”wong-wong sing pikirané rusak lan ninggalké apa sing bener”. Wong-wong kuwi mung péngin ”nggolèk perkara lan bebantahan”. (1 Tim. 6:4, 5) Wong-wong kuwi péngin awaké dhéwé percaya karo informasi kuwi lan hubungané awaké dhéwé karo para sedulur dadi rusak.

16. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn ora nindakké apa?

16 Tetep fokus. Bèn isa terus dadi ”prajurité Kristus Yésus sing apik”, Timotius kudu tetep fokus karo pelayanan lan ora ngutamakké bandha utawa perkara liyané. (2 Tim. 2:3, 4) Kaya Timotius, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn ora ngutamakké perkara-perkara matèri. Awaké dhéwé isa dadi ora sayang manèh karo Yéhuwah, ora ngajèni wulangan sing bener, lan ora fokus manèh karo pelayanan nèk kejiret ”daya apus-apusé kasugihan”. (Mat. 13:22) Mula, awaké dhéwé kudu urip sederhana lan terus ngupaya kanggo ’ngutamakké dhisik Kratoné Allah’.​—Mat. 6:22-25, 33.

17-18. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus akrab karo Yéhuwah?

17 Nggawé rencana bèn isa langsung tumindak. Prajurit perlu mikirké sakdurungé apa sing kudu ditindakké wektu ana bahaya. Bèn isa njaga apa sing Yéhuwah percayakké, awaké dhéwé ya kudu nindakké sing padha kaya prajurit kuwi. Awaké dhéwé kudu nggawé rencana bèn isa langsung tumindak wektu ana bahaya.

18 Coba pikirna perumpamaan iki. Wektu teka ing salah siji acara, biasané awaké dhéwé dikandhani pintu keluar sing paling cedhak. Apa sebabé? Wektu ana bahaya, awaké dhéwé isa cepet-cepet metu saka panggonan kuwi. Awaké dhéwé ya isa mikirké sakdurungé apa sing kudu ditindakké nèk ujug-ujug ana gambar-gambar sing saru, adegan kekerasan, utawa informasi saka wong murtad wektu lagi nggunakké Internèt, nonton film utawa acara TV. Nèk wis mikirké sakdurungé, awaké dhéwé isa ngerti apa sing kudu ditindakké kanggo njaga kemurnian lan persahabatané awaké dhéwé karo Yéhuwah.​—Ms. 101:3; 1 Tim. 4:12.

19. Apa berkahé nèk awaké dhéwé njaga perkara-perkara berharga sing wis Yéhuwah wènèhké marang awaké dhéwé?

19 Awaké dhéwé kudu njaga perkara-perkara berharga sing wis Yéhuwah wènèhké marang awaké dhéwé, yaiku wulangan sing bener saka Alkitab lan tugas dadi penginjil. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal nduwé hati nurani sing resik, harapan urip saklawasé, lan isa ngrasa bahagia merga mbantu wong liya kenal karo Yéhuwah. Nganggo bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal berhasil njaga apa sing Yéhuwah percayakké marang awaké dhéwé.​—1 Tim. 6:12, 19.

LAGU 127 Kudu Dadi Wong sing Kaya Apa

^ par. 5 Isa sinau wulangan sing bener lan ngandhani wong liya soal kuwi dadi hadiah sing berharga saka Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa njaga hadiah kuwi.

^ par. 8 Dudu jeneng asliné.