Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 39

Ndhukung Para Sedulur Wédok ing Jemaat

Ndhukung Para Sedulur Wédok ing Jemaat

”Wong [Wong-wong wédok, Terjemahan Dunia Baru] kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhé.”​—MS. 68:12.

LAGU 137 Wong-Wong Wadon sing Dadi Tuladha

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Para sedulur wédok sing semangat mènèhi koméntar, martakké kabar apik, ngrawat Balé Ibadah, lan nggatèkké sedulur liyané. (Deloken paragraf 1)

1. Apa sing ditindakké para sedulur wédok kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah, lan tantangan apa waé sing diadhepi? (Deloken gambar ing halaman 1.)

ING jemaat, ana akèh sedulur wédok sing terus kerja keras kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah. Misalé, para sedulur kuwi semangat mènèhi koméntar ing perhimpunan lan mèlu gawéan nginjil. Ana sing mèlu ngrawat Balé Ibadah. Para sedulur kuwi ya perduli marang sedulur-sedulur liyané. Ning, para sedulur kuwi mesthi ya ngadhepi akèh tantangan. Ana sing kudu ngrawat wong tuwané. Ana sing ditentang karo keluargané. Sing liyané, kudu kerja keras nggedhèkké anak dhèwèkan.

2. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nguwatké para sedulur wédok?

2 Awaké dhéwé kudu nguwatké para sedulur wédok merga jaman saiki akèh wong sing ora ngajèni wong wédok. Mula, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu mbantu wong-wong wédok. Misalé, Rasul Paulus ngandhani jemaat ing Roma kanggo nyambut Fébé lan mènèhi ”bantuan apa waé sing dhèwèké butuhké”. (Rm. 16:1, 2) Wektu isih dadi wong Farisi, Paulus kerep ngrèmèhké wong wédok. Ning, sakwisé dadi wong Kristen, Paulus niru contoné Yésus sing ngajèni lan apikan karo wong wédok.​—1 Kor. 11:1.

3. Piyé sikapé Yésus marang wong wédok, lan piyé pandhangané Yésus marang wong-wong wédok sing manut karo Yéhuwah?

3 Yésus ngajèni kabèh wong wédok. (Yoh. 4:27) Ora kaya para pemimpin agama Yahudi wektu kuwi, Yésus ora ngrèmèhké wong wédok. Salah siji referensi Alkitab kandha, ”Yésus ora tau nyebutké kata-kata sing ngrèmèhké wong wédok.” Ning, Yésus bener-bener ngajèni wong-wong wédok sing manut karo Yéhuwah. Malah, wektu Yésus nyebutké soal sapa waé sing dhèwèké anggep kaya keluargané dhéwé, Yésus ora mung nyebutké wong-wong lanang, ning ya termasuk wong-wong wédok.​—Mat. 12:50.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Yésus seneng mbantu wong-wong wédok sing dadi muridé. Dhèwèké ngajèni lan mbéla wong-wong kuwi. Saiki, ayo dirembug piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus sing nggatèkké para sedulur wédok.

NGGATÈKKÉ PARA SEDULUR WÉDOK

5. Apa sebabé ana para sedulur wédok sing angèl bergaul ing jemaat?

5 Awaké dhéwé mesthi seneng bergaul. Ning, kadhang kala ana para sedulur wédok sing angèl bergaul ing jemaat. Gatèkna pengalamané sedulur-sedulur iki. Pertama, Sedulur Jordan. * Dhèwèké kandha, ”Merga durung nikah, aku kerep ngrasa nèk aku ora berharga kanggo jemaat. Aku ya ora ngerti kudu bergaul karo sapa.” Keloro, Sedulur Kristen, perintis sing nglayani ing dhaérah liya. Dhèwèké kandha, ”Wektu pindhah ing jemaat liya, awaké dhéwé mungkin ngrasa kesepian.” Ana manèh sedulur-sedulur sing manggon karo keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah. Para sedulur kuwi mungkin ngrasa angèl kanggo cedhak karo keluargané lan ya ngrasa ora cedhak karo para sedulur ing jemaat. Sing liyané, mungkin ngrasa kesepian merga lara lan ora isa lunga ing endi-endi utawa merga ngopèni keluargané sing lagi lara. Sedulur sing jenengé Annette kandha, ”Aku ora isa mèlu acara kumpul-kumpul merga kudu ngopèni ibuku.”

Kaya Yésus, awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur wédok (Deloken paragraf 6-9) *

6. Apa sing isa disinaoni saka Lukas 10:38-42 soal Yésus sing mbantu Marta lan Maria?

6 Yésus kerep bergaul karo sedulur-sedulur wédok lan dadi sahabaté. Misalé, Yésus bergaul karo Maria lan Marta, sedulur wédok sing kétoké padha-padha isih lajang. (Wacanen Lukas 10:38-42.) Apa sing Yésus tindakké utawa omongké nggawé Maria lan Marta ngrasa seneng. Buktiné, Maria ngrasa nyaman wektu lungguh ing cedhak sikilé Yésus. * Terus, Marta ya ora isin crita karo Yésus wektu dhèwèké jèngkèl karo Maria merga ora ngéwangi dhèwèké nyiapké panganan. Wektu kuwi, Yésus mbantu Marta lan Maria bèn éntuk pelajaran sing berharga. Yésus ya nggatèkké Marta, Maria, lan Lazarus ing kesempatan liya. Buktiné, Yésus teka manèh ing omahé wong-wong kuwi. (Yoh. 12:1-3) Mula, wektu Lazarus lara parah, Maria lan Marta ora isin njaluk tulung karo Yésus.​—Yoh. 11:3, 5.

7. Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur wédok?

7 Ana sedulur-sedulur wédok sing nganggep nèk berhimpun kuwi dadi salah siji cara bèn isa bergaul karo para sedulur. Mula, awaké dhéwé kudu nyambut, ngejak ngobrol, lan nduduhké nèk awaké dhéwé perduli marang sedulur-sedulur kuwi. Sedulur Jordan, sing disebutké sakdurungé kandha, ”Aku seneng banget wektu ana sing muji koméntarku, ngejak nginjil bareng, utawa nggatèkké aku nganggo cara liyané.” Awaké dhéwé kudu nduduhké nèk para sedulur kuwi berharga kanggo awaké dhéwé. Sedulur sing jenengé Kia kandha, ”Nèk aku ora teka berhimpun, mesthi ana sing ngirim pesan kanggo nakoni kabarku. Aku ngrasa digatèkké karo para sedulur ing jemaat.”

8. Apa cara liyané awaké dhéwé isa niru Yésus?

8 Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa bergaul karo para sedulur wédok. Awaké dhéwé mungkin isa ngundang mangan bareng ing omahé awaké dhéwé utawa ngejak dolan bareng. Ning, wektu bergaul, omongané awaké dhéwé kudu nguwatké sedulur kuwi. (Rm. 1:11, 12) Yésus ngerti nèk tetep lajang kuwi pancèn ora gampang. Ning, Yésus kandha nèk wong-wong isa bahagia dudu merga nduwé bojo utawa nduwé anak. (Luk. 11:27, 28) Wong-wong isa ngrasa bahagia saklawasé nèk fokus nglayani Yéhuwah. (Mat. 19:12) Para pinituwa ya isa niru pandhangané Yésus kuwi.

9. Apa sing isa ditindakké para pinituwa kanggo mbantu para sedulur wédok?

9 Para pinituwa ya isa nganggep para sedulur wédok kaya keluargané dhéwé. (1 Tim. 5:1, 2) Sakdurungé utawa sakwisé berhimpun, para pinituwa isa bergaul karo sedulur-sedulur wédok. Sedulur Kristen sing disebutké sakdurungé kandha, ”Aku sibuk banget merga kudu nyambut gawé lan merintis. Terus, ana pinituwa sing nakoni soal kegiatanku. Aku ngrasa maturnuwun banget merga pinituwa kuwi gelem nggatèkké aku.” Nèk para pinituwa kerep bergaul karo para sedulur wédok, kuwi nduduhké nèk para pinituwa perduli marang para sedulur kuwi. * Sedulur Annette sing disebutké sakdurungé kandha nèk kerep bergaul karo para pinituwa ing jemaat kuwi ana manfaaté. Dhèwèké kandha, ”Aku kenal karo para pinituwa. Para pinituwa ya kenal karo aku. Wektu ana masalah, aku dadi ora sungkan kanggo njaluk tulung karo para pinituwa.”

NGAJÈNI PARA SEDULUR WÉDOK

10. Apa sing isa mbantu para sedulur wédok bèn isa ngrasa seneng?

10 Ora soal lanang utawa wédok, kabèh umaté Yéhuwah mesthi seneng nèk kemampuan utawa apa sing ditindakké kuwi diajèni karo wong liya. Ning, nèk ora ana sing ngajèni kemampuan utawa apa sing awaké dhéwé tindakké, awaké dhéwé isa dadi cilik ati. Salah siji perintis sing isih lajang sing jenengé Abigail kandha nèk kadhang kala dhèwèké ngrasa ora digatèkké. Dhèwèké kandha, ”Para sedulur ora bener-bener kenal karo aku. Para sedulur mung ngerti aku kuwi anaké sapa utawa seduluré sapa. Kadhang kala aku ngrasa ora ana sing nggatèkké aku.” Ning, coba gatèkna kandhané salah siji sedulur wédok sing isih lajang sing jenengé Pam. Sakwisé pirang-pirang taun nglayani dadi utusan injil, dhèwèké kudu bali ing dhaérahé kanggo ngrawat ibuné. Saiki, umuré sedulur Pam kira-kira 70 taun lan isih nglayani dadi perintis. Pam kandha, ”Aku bener-bener dikuwatké wektu ana sedulur sing kandha nèk dhèwèké ngajèni pelayananku.”

11. Apa buktiné nèk Yésus ngajèni wong-wong wédok sing nglayani dhèwèké?

11 Yésus ngajèni bantuané wong-wong wédok sing ”nggunakké bandhané” kanggo nglayani Yésus. (Luk. 8:1-3) Yésus ora mung mènèhi tugas istiméwa kuwi, ning ya mulang wong-wong wédok kuwi soal kepénginané Yéhuwah. Misalé, Yésus ngandhani nèk dhèwèké bakal mati lan diuripké manèh. (Luk. 24:5-8) Kaya sing ditindakké Yésus marang para rasulé, Yésus ya nyiapké wong-wong wédok kuwi kanggo ngadhepi peristiwa sing bakal kelakon, yaiku ndelok Yésus sengsara lan mati. (Mrk. 9:30-32; 10:32-34) Wektu Yésus ditangkep, para rasulé mlayu ninggalké Yésus. Ning, pas Yésus mati ing cagak, wong-wong wédok sing biasa nglayani Yésus tetep ana ing kono.​—Mat. 26:56; Mrk. 15:40, 41.

12. Yésus mènèhi tugas apa marang wong-wong wédok?

12 Yésus mènèhi tugas penting marang wong-wong wédok. Misalé, wektu Yésus diuripké manèh, sing pertama kali ndelok peristiwa kuwi yaiku wong-wong wédok. Yésus ngongkon wong-wong kuwi kanggo ngandhani para rasulé nèk Yésus wis diuripké. (Mat. 28:5, 9, 10) Terus, pas Péntakosta 33 M, isa waé wong-wong wédok kuwi ya teka lan diurapi roh suci. Nèk ngono, wong-wong wédok sing diurapi roh suci kuwi ya isa ngomong nganggo basa-basa liya lan ngandhani wong liya soal ”perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah”.​—Kis. 1:14; 2:2-4, 11.

13. Apa sing ditindakké para sedulur wédok kanggo nglayani Yéhuwah, lan piyé carané njenengan isa ndhukung para sedulur wédok kuwi?

13 Kabèh upayané para sedulur wédok kanggo nglayani Yéhuwah kuwi pantes dipuji. Misalé, ana sing mèlu proyèk pembangunan lan pemeliharaan, ndhukung kelompok basa liya, lan dadi sukarélawan ing Bètel. Ana manèh sing gelem dadi rélawan kanggo mbantu korban bencana, mbantu nerjemahké publikasi, lan dadi perintis utawa utusan injil. Padha kaya para sedulur lanang, sedulur wédok ya diundang mèlu Sekolah kanggo Perintis, Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah, lan Sekolah Giléad. Sakliyané kuwi, para istri ya ndhukung suaminé sing nduwé tugas-tugas ing jemaat lan ing organisasi. Para sedulur lanang kuwi ”anugrah sing wujudé manungsa” sing nindakké akèh tugas kanggo mbantu para sedulur. Ning, para sedulur lanang kuwi bakal angèl kanggo nindakké tugasé nèk ora didhukung karo bojoné. (Éf. 4:8) Apa sing isa njenengan tindakké kanggo ndhukung para sedulur wédok kuwi?

14. Jabur 68:12 kandha apa soal para sedulur wédok, lan apa sing kudu ditindakké para pinituwa sing wicaksana?

14 Para pinituwa sing wicaksana ngerti nèk para sedulur wédok kuwi ”wadya-bala kang gedhé” sing gelem kerja keras lan semangat ndhukung gawéan nginjil. (Wacanen Jabur 68:12.) Mula, para pinituwa isa sinau saka pengalamané para sedulur wédok. Sedulur Abigail sing disebutké sakdurungé ngrasa dikuwatké wektu para pinituwa takon karo dhèwèké soal kata pengantar apa sing cocog kanggo wong-wong ing dhaérah kono. Dhèwèké kandha, ”Tumindaké para pinituwa kuwi mbantu aku ngerti nèk Yéhuwah wis mènèhi aku tugas penting ing jemaat.” Sakliyané kuwi, para pinituwa ya ngerti nèk para sedulur wédok sing wis suwé nglayani Yéhuwah lan nduwé akèh pengalaman isa mbantu para sedulur wédok sing luwih enom sing lagi ngadhepi tantangan. (Tit. 2:3-5) Kuwi nduduhké nèk para sedulur wédok pancèn pantes diajèni.

MBÉLA LAN MBANTU PARA SEDULUR WÉDOK

15. Kapan para sedulur wédok mbutuhké bantuané wong liya?

15 Wektu ngadhepi tantangan, para sedulur wédok mungkin mbutuhké bantuané wong liya. (Yé. 1:17) Misalé, sedulur wédok sing ditinggal mati utawa pegatan karo bojoné mungkin butuh wong liya sing isa mènèhi saran lan mbantu dhèwèké kanggo nindakké gawéan sing biasané ditindakké karo bojoné. Para sedulur wédok sing wis tuwa mungkin ya butuh bantuan kanggo ngurus keséhatané. Utawa, sedulur wédok perintis sing nduwé tugas tambahan ing organisasi mungkin butuh wong liya sing mbélani dhèwèké wektu ana sing ngèlèk-èlèk merga dhèwèké ora kerep nginjil kaya perintis liyané. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu para sedulur wédok kuwi? Ayo digatèkké contoné Yésus.

16. Kaya sing dicritakké ing Markus 14:3-9, apa buktiné nèk Yésus mbéla Maria?

16 Yésus kerep mbéla para sedulur wédok wektu wong-wong kuwi ngalami tumindak sing ora adil. Misalé, dhèwèké mbéla Maria wektu Marta ngèlèk-ngèlèk Maria. (Luk. 10:38-42) Terus, Yésus ya mbéla Maria manèh wektu ana wong liya sing ngèlèk-èlèk Maria merga nganggep nèk Maria wis nggawé keputusan sing salah. (Wacanen Markus 14:3-9.) Yésus ngerti apa sebabé Maria tumindak kaya ngono. Yésus kandha, ”Dhèwèké wis tumindak apik marang aku. . . . Wong wadon kuwi wis nglakoni apa sing isa dilakoni.” Malah, Yésus ya kandha nèk tumindak apiké Maria kuwi bakal dicritakké ”ing ngendi waé kabar apik diwartakké ing saklumahing bumi”, kaya sing disebutké ing artikel iki. Kata-katané Yésus kuwi bener-bener luar biasa. Dhèwèké kandha nèk tumindak apiké Maria kuwi ya bakal dicritakké marang akèh wong, padha kaya kabar apik sing diwartakké ing sakdonya. Maria mesthi bener-bener ngrasa dikuwatké.

17. Wènèhana conto apa sebabé awaké dhéwé mungkin kudu mbéla sedulur wédok.

17 Apa njenengan gelem mbéla wektu para sedulur wédok dièlèk-èlèk? Misalé, bayangna peristiwa iki. Ana sedulur wédok sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah. Wektu ing perhimpunan, ana sedulur-sedulur sing padha nggatèkké nèk sedulur wédok kuwi kerep teka telat lan langsung bali sakwisé acara perhimpunan rampung. Sedulur wédok kuwi ya jarang ngejak anak-anaké mèlu berhimpun. Dadi, para sedulur ing jemaat padha mikir apa sebabé sedulur wédok kuwi ora kandha karo bojoné supaya anak-anaké isa dijak berhimpun. Padahal, para sedulur kuwi ora ngerti nèk sakjané sedulur wédok kuwi wis ngupaya tenanan nindakké apa sing isa dhèwèké tindakké. Senajan dhèwèké wis nggawé jadwal, ning apa sing dhèwèké tindakké kuwi ora mesthi kelakon persis kaya sing wis direncanakké. Sakliyané kuwi, dudu mung dhèwèké sing isa nggawé keputusan soal anak-anaké. Apa sing isa njenengan tindakké nèk ana sedulur liya sing ngèlèk-èlèk sedulur wédok kuwi? Nèk njenengan muji lan kandha soal tumindak apiké sedulur wédok kuwi, para sedulur liyané mungkin ora ngèlèk-èlèk sedulur wédok kuwi manèh.

18. Apa manèh sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu para sedulur wédok?

18 Awaké dhéwé isa mènèhi bantuan sing dibutuhké marang para sedulur wédok. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé perduli marang para sedulur kuwi. (1 Yoh. 3:18) Sedulur Annette, sing ngrawat ibuné sing lagi lara kandha, ”Ana para sedulur sing teka ing omahku kanggo mbantu aku ngrawat ibuku utawa mènèhi aku panganan. Kuwi nggawé aku ngrasa disayangi lan ngrasa berharga ing jemaat.” Sedulur Jordan ya dibantu carané ngrawat mobil karo salah siji sedulur lanang. Jordan kandha, ”Aku seneng banget merga para sedulur nggatèkké aku lan péngin bèn aku tetep aman wektu aku nyetir mobil.”

19. Piyé carané para pinituwa mbantu sedulur-sedulur wédok?

19 Para pinituwa kudu nggatèkké kebutuhané para sedulur wédok. Para pinituwa ngerti nèk Yéhuwah péngin bèn umaté tumindak apik marang para sedulur wédok. (Yak. 1:27) Para pinituwa isa niru contoné Yésus sing masuk akal. Ketimbang nggawé aturan sing kaku, para pinituwa isa tetep tumindak apikan lan ngupaya ngertèni keadaané sedulur liya. (Mat. 15:22-28) Nèk para pinituwa ngupaya tenanan kanggo mbantu, para sedulur wédok isa ngerti nèk Yéhuwah lan organisasiné kuwi perduli karo dhèwèké. Wektu ngerti nèk Sedulur Kia pindhah omah, pengawas KDL-é Kia langsung nggawé pengaturan kanggo mbantu dhèwèké. Kia kandha, ”Aku dadi ora pati strès. Merga para pinituwa padha nguwatké lan mbantu aku, aku dadi ngerti nèk aku berharga kanggo jemaat. Aku ya ora ngrasa dhèwèkan wektu ngadhepi masalah.”

KABÈH SEDULUR WÉDOK BUTUH DIKUWATKÉ

20-21. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur wédok?

20 Ing akèh jemaat, ana para sedulur wédok sing butuh dikuwatké. Nèk niru contoné Yésus, awaké dhéwé isa mbantu para sedulur wédok. Awaké dhéwé isa nyisihké wektu bèn isa ngobrol lan kenal karo para sedulur wédok. Awaké dhéwé ya bakal ngajèni para sedulur kuwi merga wis ndhukung gawéan nginjil. Terus, nèk keadaané cocog, awaké dhéwé ya bakal mbéla para sedulur kuwi.

21 Ing bagéan akhir suraté Paulus marang para sedulur ing Roma, Paulus nyebutké sangang jeneng sedulur wédok. (Rm. 16:1, 3, 6, 12, 13, 15) Para sedulur wédok kuwi bener-bener ngrasa dikuwatké wektu Paulus mènèhi pujian lan nyampèkké salam marang dhèwèké. Mula, awaké dhéwé ya kudu ndhukung para sedulur wédok ing jemaat. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo para sedulur wédok kuwi lan nganggep kaya keluargané dhéwé.

LAGU 136 Yéhuwah Mesthi Ngopahi

^ par. 5 Akèh umaté Yéhuwah, termasuk sedulur wédok, sing ngadhepi akèh tantangan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal contoné Yésus sing kerep bergaul karo wong wédok, ngajèni, lan mbéla wong wédok. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané niru contoné Yésus kuwi bèn isa nguwatké para sedulur wédok.

^ par. 5 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 6 Salah siji ensiklopedia kandha, ”Biasané, murid-murid lungguh ing cedhak sikilé guruné wektu murid kuwi ya péngin dadi guru. Wektu kuwi, wong-wong wédok ora éntuk dadi guru. Mula, akèh wong lanang Yahudi kagèt wektu ndelok Maria lungguh ing cedhak sikilé Yésus lan ngrungokké ajarané.”

^ par. 9 Para pinituwa kudu ngati-ati wektu mbantu para sedulur wédok. Misalé, para pinituwa aja nganti dhèwèkan wektu ngunjungi salah siji sedulur wédok.

^ par. 65 GAMBAR: Niru Yésus sing perduli marang para sedulur wédok. Misalé, ana sedulur lanang sing lagi mbantu ngganti ban mobilé sedulur wédok. Sedulur lanang liyané teka ing omahé sedulur wédok lansia. Terus, ana sedulur lanang karo bojoné sing nindakké ibadah keluarga bareng karo sedulur wédok lan anaké wédok.