Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 38

Nggunakké Kesempatan kanggo Terus Nginjil lan Nduwé Iman sing Kuwat

Nggunakké Kesempatan kanggo Terus Nginjil lan Nduwé Iman sing Kuwat

”Kaanané nagara tentrem lan ora katempuh ing perang ing taun-taun iku . . . Pangéran Yéhuwah ngganjar katentreman marang panjenengané.”​—2 BB. 14:6.

LAGU 60 Urip Langgeng kanggo Kabèh sing Nampa

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kapan awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk nglayani Yéhuwah kuwi ora gampang?

APA njenengan tau ngrasa nèk nglayani Yéhuwah kuwi ora gampang? Kapan njenengan tau ngrasa kaya ngono? Wektu ngadhepi akèh tantangan, utawa wektu ora ana tantangan? Wektu ngadhepi akèh tantangan, awaké dhéwé bakal ngendelké Yéhuwah. Ning, pas ora ngadhepi tantangan, sakjané awaké dhéwé isa waé dadi ora fokus manèh kanggo nglayani Yéhuwah. Mbiyèn, Yéhuwah ya wis ngandhani soal kuwi marang bangsa Israèl.​—PT. 6:10-12.

Raja Asa nyingkirké ibadah palsu (Deloken paragraf 2) *

2. Raja Asa mènèhi conto soal apa?

2 Raja Asa kuwi conto sing apik. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Dhèwèké terus nindakké kuwi ora mung pas ngadhepi tantangan, ning ya wektu ora ana tantangan. Kèt cilik, ”Sang Prabu Asa madhep marang Sang Yéhuwah kanthi gumolonging panggalih”. (1 Ra. 15:14) Apa buktiné nèk Raja Asa nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati? Raja Asa nyingkirké ibadah palsu saka Yudéa. Alkitab kandha, ”Misbyah-misbyah asing lan tengger-tengger pangurbanan padha kasingkiraké, tugu-tugu brahala padha digempuri, sarta saka-saka brahala padha disirnakké.” (2 Bb. 14:3, 5) Terus, Raja Asa ya nglèngsèrké simbahé, yaiku Maaka, merga ngongkon wong-wong kanggo nyembah brahala.​—1 Ra. 15:11-13.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Asa ora mung nyingkirké ibadah palsu. Dhèwèké ya mbantu rakyaté kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah mberkahi Asa lan bangsa Israèl. Saksuwéné sepuluh taun pamréntahané Raja Asa, ”kaanané nagara tentrem”. (2 Bb. 14:1, 4, 6) Apa sing ditindakké Raja Asa lan wong-wong Kristen ing jamané para rasul wektu ora ana tantangan? Terus, nèk awaké dhéwé manggon ing negara sing ora nglarang awaké dhéwé kanggo ngibadah marang Yéhuwah, apa sing isa awaké dhéwé tindakké saiki? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

SING DITINDAKKÉ RAJA ASA

4. Nurut 2 Babad 14:2, 6, 7, apa sing ditindakké Asa wektu keadaan ing Israèl isih tentrem?

4 Wacanen 2 Babad 14:2, 6, 7Raja Asa ngandhani rakyaté nèk Yéhuwah ”maringi [wong-wong kuwi] katentreman kang warata”. Ning, Asa ora nganggep nèk kuwi kesempatan kanggo istirahat. Dhèwèké mulai mbangun akèh kutha, témbok, gerbang, lan menara. Dhèwèké kandha marang rakyaté, ”Nagara iki isih ana ing tangan kita.” Apa arti saka kata-katané Asa kuwi? Kuwi artiné bangsa Israèl isa ngrasakké kebébasan saka Yéhuwah lan ora ana mungsuh sing bakal ngendhegké bangsa kuwi kanggo mbangun. Mula, dhèwèké ngongkon rakyaté kanggo bener-bener nggunakké kesempatan sing ana.

5. Apa sebabé Asa nglatih pasukan militèré bèn siap perang?

5 Asa ya nggunakké kesempatan kuwi kanggo nglatih pasukan militèré bèn siap perang. (2 Bb. 14:8) Apa kuwi nduduhké nèk dhèwèké ora ngendelké Yéhuwah? Ora. Ning, kuwi malah nduduhké nèk Asa nindakké tanggung jawabé dadi raja, yaiku nyiapké pasukané bèn isa ngadhepi kesusahan sing mungkin bakal kelakon. Asa ya ngerti nèk keadaan sing tentrem kuwi mesthi bakal ana akhiré lan kuwi tenanan kelakon.

SING DITINDAKKÉ WONG-WONG KRISTEN ING JAMANÉ PARA RASUL

6. Apa sing ditindakké murid-muridé Yésus ing jamané para rasul wektu ngrasakké keadaan sing tentrem?

6 Senajan kerep dianiaya, murid-muridé Yésus ing jamané para rasul ya tau ngrasakké keadaan sing tentrem. Terus, apa sing ditindakké murid-murid wektu kuwi? Wong-wong sing setya kuwi terus semangat martakké kabar apik lan fokus karo pelayanan. Hasilé, ”jumlahé murid-murid mundhak saya akèh”. Kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah mberkahi upayané murid-murid kuwi sing terus semangat nginjil ing saben kesempatan.​—Kis 9:26-31.

7-8. Paulus lan wong-wong Kristen liyané nggunakké saben kesempatan kanggo apa? Jelasna.

7 Murid-muridé Yésus ing jamané para rasul nggunakké saben kesempatan kanggo martakké kabar apik. Misalé, wektu ing Éfésus, Paulus ngerti nèk dhèwèké isa nginjil marang akèh wong. Mula, Paulus manggon ing kutha kuwi lan nggunakké kesempatan kuwi kanggo nginjil ing kono.​—1 Kor. 16:8, 9.

8 Terus, Paulus lan wong-wong Kristen liyané ya nggunakké kesempatan kanggo martakké kabar apik wektu masalah soal sunat dirampungké ing taun 49 M. (Kis. 15:23-29) Sakwisé keputusan soal masalah kuwi diumumké ing jemaat-jemaat, para murid terus ngupaya kanggo martakké ”kabar apik bab pangandikané Yéhuwah”. (Kis. 15:30-35) Hasilé, ”jemaat-jemaat terus dadi saya kuwat imané lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya saya akèh ing jemaat-jemaat”.​—Kis. 16:4, 5.

SING DITINDAKKÉ PARA SEDULUR

9. Apa sing dialami umaté Yéhuwah ing pirang-pirang negara, lan pitakonan apa sing isa awaké dhéwé pikirké?

9 Ing pirang-pirang negara, umaté Yéhuwah isa bébas nginjil. Apa njenengan manggon ing negara kaya ngono? Nèk iya, njenengan isa mikirké pitakonan iki, ’Wektu keadaané isa bébas nginjil, apa sing isa tak tindakké?’ Saksuwéné dina-dina pungkasan, organisasiné Yéhuwah terus nindakké gawéan nginjil lan mulang ing sakdonya. (Mrk. 13:10) Mula, ana akèh kesempatan sing isa dimanfaatké karo umaté Yéhuwah.

Para sedulur ngrasakké akèh berkah merga nginjil ing dhaérah liya utawa sinau basa liya (Deloken paragraf 10-12) *

10. Nurut 2 Timotius 4:2, apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

10 Wektu keadaané bébas nginjil, apa sing isa awaké dhéwé tindakké? (Wacanen 2 Timotius 4:2.) Apa awaké dhéwé utawa keluargané awaké dhéwé isa nindakké luwih akèh kanggo ndhukung gawéan nginjil, misalé dadi perintis? Mula, awaké dhéwé kuduné ora mburu bandha merga kuwi dudu perkara sing awaké dhéwé butuhké bèn isa slamet wektu sengsara gedhé kelakon.​—WB. 11:4; Mat. 6:31-33; 1 Yoh. 2:15-17.

11. Apa sing ditindakké karo para penginjil bèn isa nginjil marang akèh wong?

11 Saiki, ana akèh penginjil sing sinau basa liya kanggo mbantu wong-wong bèn isa kenal karo Yéhuwah. Organisasiné Yéhuwah ya nerjemahké wacan-wacan ing luwih akèh basa bèn kabar apik isa diwartakké marang akèh wong. Misalé, ing taun 2010, wacan-wacan wis diterjemahké kira-kira ing 500 basa. Ning, saiki wacan-wacan kuwi wis diterjemahké ing luwih saka 1.000 basa.

12. Piyé perasaané wong-wong wektu krungu kabar apik sing disampèkké ing basané dhèwèké dhéwé? Wènèhana conto.

12 Piyé perasaané wong-wong wektu krungu kabar apik sing disampèkké ing basané dhèwèké dhéwé? Gatèkna pengalamané salah siji sedulur sing teka ing kebaktian gabungan wilayah ing Amerika Serikat. Kebaktian kuwi nggunakké basa Kinyarwanda, basa sing kerep digunakké karo wong-wong ing Rwanda, Kongo (Kinshasa), lan Uganda. Sakwisé kebaktian, sedulur kuwi kandha, ”Aku pindhah ing Amerika Serikat kèt 17 taun kepungkur, ning lagi iki aku isa bener-bener paham isiné ceramah-ceramah sing ana ing kebaktian kuwi.” Sedulur kuwi bener-bener trenyuh karo ceramah-ceramah sing disampèkké ing basa asliné dhèwèké. Nèk isa, apa njenengan ya gelem sinau basa liya kanggo nginjil ing dhaérahé njenengan? Apa wong-wong ing dhaérahé njenengan luwih seneng ngrungokké kabar apik nèk disampèkké ing basané dhèwèké dhéwé? Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané njenengan.

13. Apa sing ditindakké para sedulur ing Rusia wektu isih isa bébas nginjil?

13 Ora kabèh umaté Yéhuwah isa bébas nginjil. Ing pirang-pirang negara, ana para sedulur sing ora isa bébas nginjil merga dilarang karo pamréntah. Misalé, para sedulur ing Rusia sing ngalami aniaya nganti puluhan taun. Ing sasi Maret taun 1991, pamréntah Rusia ora nglarang manèh para sedulur kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Para sedulur nggunakké kesempatan kuwi kanggo terus martakké kabar apik. Awalé, mung ana kira-kira 16.000 penginjil ing Rusia. Ning, 20 taun sakwisé kuwi, jumlahé dadi 160.000 penginjil. Pancèn, para sedulur ing kono ora isa terus-terusan bébas nginjil. Ning, para sedulur kuwi terus semangat nginjil. Para sedulur kuwi terus ngupaya bèn isa tetep nglayani Yéhuwah.

KEADAAN SING TENTREM BAKAL BERAKHIR

Merga Asa ngendelké Yéhuwah, pasukan Étiopia akhiré isa dikalahké (Deloken paragraf 14-15)

14-15. Apa buktiné nèk Yéhuwah nggunakké kuwasané kanggo mbantu Raja Asa?

14 Ing jamané Raja Asa, keadaané ora terus-terusan tentrem. Ana pasukan prajurit sing jumlahé luwih saka sak juta prajurit teka saka Étiopia. Pemimpin pasukan kuwi jenengé Zérakh. Dhèwèké lan pasukané yakin banget nèk isa ngalahké wong-wong Yudéa. Ning, Raja Asa ora ngendelké prajurité, dhèwèké ngendelké Yéhuwah. Asa ndonga, ”Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yéhuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami suméndhé dhumateng Paduka sarta anggèn kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka.”​—2 Bb. 14:11.

15 Senajan pasukan Étiopia jumlahé ping pindhoné pasukané wong-wong Yudéa, Raja Asa yakin nèk Yéhuwah kuwi nduwé kuwasa sing gedhé kanggo mbantu umaté. Akhiré, Yéhuwah bener-bener mbantu lan pasukan Étiopia isa dikalahké.​—2 Bb. 14:8-13.

16. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk keadaan sing tentrem kuwi ora bakal ana nganti sakterusé?

16 Awaké dhéwé ora ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn. Ning, awaké dhéwé ngerti nèk keadaan sing tentrem sing dirasakké umaté Yéhuwah kuwi ora bakal ana sakterusé. Mbiyèn, Yésus ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan para muridé ”bakal digethingi kabèh bangsa”. (Mat. 24:9) Terus, Rasul Paulus kandha nèk ”kabèh wong sing urip nyawiji karo Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah, uga bakal dianiaya”. (2 Tim. 3:12) Sakliyané kuwi, Sétan ya ”nesu banget” lan kuwi mesthi ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé.​—Why. 12:12.

17. Kedadéan apa waé sing mungkin isa nguji imané awaké dhéwé?

17 Ora suwé manèh, imané awaké dhéwé bakal diuji. Bakal ana ”sengsara gedhé sing durung tau kedadéan saka wiwitané donya nganti saiki”. (Mat. 24:21) Wektu kuwi kelakon, mungkin ana keluarga sing nentang awaké dhéwé lan gawéan nginjil isa waé ya dilarang. (Mat. 10:35, 36) Kaya Asa, apa awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi awaké dhéwé?

18. Nurut Ibrani 10:38, 39, apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nduwé iman sing kuwat?

18 Saiki, Yéhuwah wis mbantu awaké dhéwé bèn isa nduwé iman sing kuwat. Liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”, Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé ’pangan ing wektu sing pas’ bèn imané awaké dhéwé tetep kuwat. (Mat. 24:45) Senajan ngono, awaké dhéwé ya kudu ngupaya tenanan bèn nduwé iman sing kuwat.​—Wacanen Ibrani 10:38, 39.

19-20. Nurut 1 Babad 28:9, pitakonan apa waé sing isa awaké dhéwé renungké, lan apa sebabé pitakonan-pitakonan kuwi penting?

19 Kaya Raja Asa, awaké dhéwé kudu ”ngupaya [utawa, nggolèki] Pangéran Yéhuwah”. (2 Bb. 14:4; 15:1, 2) Carané, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab lan dibaptis. Bar kuwi, awaké dhéwé perlu ngupaya tenanan bèn isa luwih sayang marang Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé isa ngrenungké pitakonan iki, ’Apa aku ajeg teka berhimpun?’ Ing perhimpunan, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan saka Yéhuwah lan para sedulur ing jemaat. (Mat. 11:28) Awaké dhéwé ya isa ngrenungké pitakonan iki, ’Apa aku maca Alkitab saben dina?’ Nék njenengan lan keluarga manggon sak omah, apa njenengan lan keluarga ajeg nindakké ibadah keluarga saben minggu? Wektu ora manggon sak omah karo keluarga, apa njenengan ya tetep nyisihké wektu kanggo sinau Alkitab pribadi? Apa njenengan ngupaya tenanan nindakké gawéan nginjil?

20 Apa sebabé pitakonan-pitakonan kuwi penting? Alkitab kandha nèk Yéhuwah mriksa isi ati lan pikirané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé ya kudu mriksa isi ati lan pikirané awaké dhéwé bèn cocog karo kepénginané Yéhuwah. (Wacanen 1 Babad 28:9.) Bar kuwi, wektu ngerti nèk cita-cita, tumindak, utawa cara mikiré awaké dhéwé kudu berubah, awaké dhéwé kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nindakké kuwi. Mulai saiki, awaké dhéwé kudu latihan bèn isa tetep setya wektu ngadhepi tantangan sing ora suwé manèh bakal kelakon. Awaké dhéwé kudu nggunakké kesempatan iki kanggo nginjil lan nduwé iman sing kuwat mumpung keadaané isih tentrem.

LAGU 62 Lagu Anyar

^ par. 5 Apa njenengan manggon ing negara sing bébas ngibadah marang Yéhuwah? Nèk iya, piyé carané njenengan nggunakké kesempatan kuwi? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané niru contoné Raja Asa lan wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Wong-wong kuwi nggunakké kesempatan sing diduwèni bèn isa luwih semangat ngabdi marang Yéhuwah.

^ par. 56 GAMBAR: Raja Asa nglèngsèrké simbahé saka kedudukané merga ngongkon wong-wong kanggo nyembah brahala. Rakyat-rakyat sing ndhukung Raja Asa ya padha manut karo dhèwèké lan mèlu ngancurké brahala.

^ par. 58 GAMBAR: Suami istri sing ngupaya urip sederhana bèn isa nglayani ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil.