Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Sapa sing dimaksud ing Kohèlèt 5:7? Panguwasa manungsa utawa Yéhuwah?

Ayat kuwi kandha, ”Manawa ana ing sawijining dhaérah kowé nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowé aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulataké [utawa, ngawasi] sijiné, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkaté padha ngulat-ulataké wong-wong mau.”​—Ko. 5:7.

Nèk nurut pandhangané manungsa, ayat kuwi kayané mung maksudké para pejabat pamréntah. Ning, nèk dipikirké tenanan, sakjané ayat kuwi ya ana hubungané karo wulangan soal Yéhuwah sing isa nguwatké awaké dhéwé.

Kohèlèt 5:7 nyebutké soal panguwasa sing nindhes wong miskin lan tumindak ora adil. Panguwasa kuwi kuduné éling nèk dhèwèké mungkin diawasi karo wong sing kedudukan utawa wewenangé luwih dhuwur ketimbang dhèwèké. Malah, mungkin ana wong-wong sing nduwé kedudukan sing luwih dhuwur manèh. Sayangé, para panguwasa kuwi ora sampurna. Akibaté, rakyaté dadi sengsara merga ngalami tumindak ora adil.

Senajan kétoké ora ana harapan, ning awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Yéhuwah ngawasi wong sing ”luwih dhuwur pangkaté” ing pamréntahané manungsa. Awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah lan masrahké kabèh rasa kuwatiré awaké dhéwé marang Yéhuwah. (Ms. 55:23; Flp. 4:6, 7) Awaké dhéwé ngerti nèk ”paningaling Yéhuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhé nglubèraken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun”.​—2 Bb. 16:9.

Dadi, Kohèlèt 5:7 ngélingké awaké dhéwé soal pamréntahan saiki nèk isih ana wong sing nduwé kedudukan sing luwih dhuwur. Terus, saka ayat kuwi, awaké dhéwé ya diélingké nèk Yéhuwah nduwé kedudukan sing paling dhuwur. Saiki, Yéhuwah mréntah liwat Putrané, yaiku Yésus Kristus sing dadi Raja Kratoné Allah. Yéhuwah, Panguwasa sing ngawasi sak kabèhé, kuwi bener-bener adil. Kaya Yéhuwah, Yésus mesthi ya nduwé sipat sing padha.