Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 37

”Tanganmu Aja Koklèrènaké”

”Tanganmu Aja Koklèrènaké”

”Wijimu sebaren ing wanci ésuk, lan tanganmu aja koklèrènaké ing wanci soré.”​—KO. 11:6.

LAGU 68 Nyebar Winih bab Kratoné Allah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa hubungané kata-kata sing ana ing Kohèlèt 11:6 karo gawéan nginjil?

WEKTU nginjil, piyé tanggepané wong-wong sing awaké dhéwé temoni? Ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik, malah mungkin wis nunggu-nunggu kabar apik kuwi. Ning, ya ana wong-wong sing ora péngin ngerti luwih akèh soal Gusti Allah lan Kitab Suci. Ora soal piyé tanggepané, Yéhuwah péngin awaké dhéwé tetep nginjil nganti Yéhuwah kandha nèk gawéan kuwi wis rampung.

2 Yéhuwah wis nentokké kapan gawéan nginjil bakal rampung. Bar kuwi, ”pungkasané donya bakal teka”. (Mat. 24:14, 36) Sakdurungé gawéan nginjil kuwi rampung, awaké dhéwé péngin manut karo kata-katané Alkitab sing kandha, ”tanganmu aja koklèrènaké.” * (Wacanen Kohèlèt 11:6.) Piyé carané awaké dhéwé ngetrapké kata-kata kuwi?

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug piyé carané bèn isa dadi ”tukang njala manungsa” utawa penginjil sing trampil. (Mat. 4:19) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telung cara sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé isa terus semangat nginjil ora soal tantangan apa waé sing diadhepi. Telung cara kuwi yaiku (1) ngutamakké gawéan nginjil, (2) sabar, lan (3) nduwé iman sing kuwat.

NGUTAMAKKÉ GAWÉAN NGINJIL

4. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus fokus karo tugas sing diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé?

4 Yésus wis ngandhani murid-muridé soal peristiwa apa waé sing bakal kelakon lan tumindaké wong-wong ing dina-dina pungkasan. Yésus ngerti nèk kuwi isa nggawé murid-muridé dadi ora fokus manèh karo gawéan nginjil. Mula, Yésus kandha nèk murid-muridé kudu ’terus jaga-jaga’. (Mat. 24:42) Ing jamané Nuh, ana akèh perkara sing nggawé wong-wong dadi ora nggatèkké peringatan saka Nuh. (Mat. 24:37-39; 2 Ptr. 2:5) Perkara-perkara kuwi ya isa nggawé awaké dhéwé dadi ora ngutamakké gawéan nginjil manèh. Mula, awaké dhéwé kudu terus fokus karo tugas sing diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé.

5. Apa sing dikandhakké Kisah Para Rasul 1:6-8 soal gawéan nginjil?

5 Saiki, awaké dhéwé kudu ngutamakké gawéan nginjil. Yésus ngramalké nèk gawéan nginjil bakal dadi gawéan sing luwih gedhé manèh lan bakal terus ditindakké sakwisé dhèwèké mati. (Yoh. 14:12) Sakwisé Yésus mati, ana murid-muridé sing nyambut gawé manèh dadi nelayan. Terus, sakwisé diuripké manèh, Yésus nggawé mukjijat bèn murid-muridé isa éntuk akèh iwak. Wektu kuwi, Yésus ngandhani murid-muridé nèk gawéan nginjil kuwi luwih penting ketimbang gawéan liyané. (Yoh. 21:15-17) Persis sakdurungé Yésus munggah swarga, Yésus kandha marang murid-muridé nèk kabar apik bakal diwartakké marang akèh bangsa. (Wacanen Kisah Para Rasul 1:6-8.) Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Yésus mènèhi wahyu marang Rasul Yohanes kanggo nduduhké apa sing bakal kelakon ”ing dinané Gusti”. * Yohanes ndelok ana malaékat sing nduwé ”kabar apik sing langgeng” sing diwartakké ”marang kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. (Why. 1:10; 14:6) Kuwi kabèh dadi bukti nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus martakké kabar apik nganti Yéhuwah kandha nèk gawéan kuwi wis rampung.

6. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus ngutamakké gawéan nginjil?

6 Awaké dhéwé isa terus ngutamakké gawéan nginjil nèk ngrenungké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo awaké dhéwé. Misalé, Yéhuwah nyedhiakké akèh publikasi tercétak lan èlèktronik, rekaman audio lan vidéo, lan acara JW Broadcasting. Terus, informasi-informasi sing ana ing situs wèbé awaké dhéwé wis diterjemahké ing luwih saka 1.000 basa. (Mat. 24:45-47) Ing donya iki, wong-wong ora isa bersatu merga ana perbédaan soal status ékonomi, politik, lan agama. Ning, luwih saka wolung juta umaté Yéhuwah ing sakdonya isa tetep bersatu. Misalé, dina Jumat, 19 April 2019 kabèh Seksi Yéhuwah ing sakdonya bareng-bareng nonton vidéo sing ngrembug ayat harian dina kuwi. Terus, benginé ana 20.919.041 wong sing teka ing acara Pèngetan Sédané Yésus. Wektu ngrenungké nèk awaké dhéwé wis dadi bagéan saka gawéan sing luar biasa iki, awaké dhéwé mesthi péngin terus ngutamakké gawéan nginjil.

Senajan ana sing ngalang-alangi, Yésus terus fokus kanggo nginjil (Deloken paragraf 7)

7. Apa sebabé contoné Yésus isa mbantu awaké dhéwé terus ngutamakké gawéan nginjil?

7 Cara liyané bèn isa ngutamakké gawéan nginjil yaiku niru Yésus. Senajan ana sing ngalang-alangi, Yésus terus fokus kanggo nginjil. (Yoh. 18:37) Yésus ora kegodha wektu Sétan nawani dhèwèké ”kabèh pamréntahan manungsa ing donya lan kamulyané”. Yésus ya ora kegodha wektu wong-wong péngin ndadèkké dhèwèké dadi raja. (Mat. 4:8, 9; Yoh. 6:15) Yésus ora nduwé kepénginan kanggo mburu bandha. Dhèwèké ya ora mbales tumindak sing kejem. (Luk. 9:58; Yoh. 8:59) Wektu ngadhepi tantangan, awaké dhéwé isa terus ngutamakké gawéan nginjil nèk ngéling-éling naséhaté Paulus. Paulus ngandhani wong Kristen kanggo niru contoné Yésus bèn ”ora dadi kesel lan nyerah”.​—Ibr. 12:3.

SABAR

8. Wong sing sabar bakal nindakké apa, lan apa sebabé kuwi penting?

8 Wong sing sabar bakal tetep tenang ngentèni nganti keadaané berubah. Awaké dhéwé mungkin péngin bèn kabèh kesusahan ndang disingkirké utawa wis ngarep-arep bèn keadaané isa berubah dadi luwih apik. Awaké dhéwé kudu sabar ngentèni kuwi kelakon. Mbiyèn, Nabi Habakuk wis ngentèn-entèni kapan kejahatan ing Yudéa disingkirké. (Hb. 1:2) Para rasulé Yésus ya ngentèn-entèni kapan Kratoné Allah bakal ”langsung kétok cetha” lan isa mbébaské wong-wong kuwi saka pamréntahan Roma. (Luk. 19:11) Saiki, awaké dhéwé lagi ngentèni Kratoné Allah nyingkirké kabèh kejahatan lan nggawé bumi iki dadi panggonan sing nyenengké sing dienggoni karo umaté Yéhuwah. (2 Ptr. 3:13) Mula, awaké dhéwé kudu sabar ngentèni Yéhuwah nindakké kuwi kabèh. Saiki, ayo dirembug carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa sabar.

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi sabar?

9 Yéhuwah mènèhi conto soal nduduhké sipat sabar. Dhèwèké mènèhi wektu sing cukup marang Nuh kanggo mbangun bahtera lan ngandhani wong-wong soal Banjir Gedhé. (2 Ptr. 2:5; 1 Ptr. 3:20) Yéhuwah ya gelem ngrungokké wektu Abraham bola-bali takon soal keputusané Yéhuwah sing bakal nyirnakké wong-wong jahat ing Sodom lan Gomora. (Pd. 18:20-33) Saksuwéné atusan taun, Yéhuwah sabar banget wektu ngadhepi bangsa Israèl sing ora manut. (Ny. 9:30, 31) Saiki, Yéhuwah ya sabar merga mènèhi kesempatan marang kabèh wong sing péngin dadi sahabaté bèn isa ”mertobat”. (2 Ptr. 3:9; Yoh. 6:44; 1 Tim. 2:3, 4) Contoné Yéhuwah kuwi isa mbantu awaké dhéwé sabar wektu martakké kabar apik lan mulang wong liya. Sakliyané mènèhi conto, Yéhuwah ya mulang awaké dhéwé liwat perumpamaan sing ana ing Alkitab kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa sabar.

Kaya petani sing gelem kerja keras lan sabar, awaké dhéwé ya kudu gelem ngentèni hasil saka gawéané awaké dhéwé (Deloken paragraf 10-11)

10. Awaké dhéwé isa sinau apa saka perumpamaan soal petani sing dicathet ing Yakobus 5:7, 8?

10 Wacanen Yakobus 5:7, 8Awaké dhéwé isa sinau carané nduduhké sipat sabar nèk nggatèkké perumpamaan soal petani sing lagi nandur. Ana tanduran sing thukulé cepet lan sing liyané butuh wektu sing suwé bèn isa dipanèn. Petani ing Israèl kudu ngentèni nganti enem sasi bèn tandurané isa dipanèn. Petani nandur winihé pas awal musim udan, yaiku ing pertengahan sasi Oktober. Terus, petani bakal manèn buahé pas musim udan mèh rampung, yaiku ing pertengahan sasi April. (Mrk. 4:28) Kaya petani kuwi, awaké dhéwé ya bakal éntuk manfaat nèk nduduhké sipat sabar. Ning, isa waé kuwi ora gampang kanggo ditindakké.

11. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé tetep sabar wektu nindakké gawéan nginjil?

11 Biasané, awaké dhéwé péngin langsung éntuk hasil saka gawéané awaké dhéwé. Gatèkna manèh perumpamaan soal petani mau. Petani mau kudu sabar ngentèni nganti tandurané isa ngasilké buah. Dhèwèké kudu nggali tanah, nandur winih, nyingkirké hama, lan nyirami tandurané. Wektu nginjil, awaké dhéwé ya kudu sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé ora bakal dadi cilik ati wektu ana wong-wong sing ora gelem ngrungokké kabar apik. Awaké dhéwé bakal terus ngupaya nggolèki wong-wong sing gelem nampa kabar apik. Awaké dhéwé ya kudu tetep sabar wektu ketemu karo wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik lan gelem sinau Alkitab. Awaké dhéwé ora isa meksa sing sinau Alkitab bèn langsung percaya karo apa sing disinaoni. Mbiyèn, murid-muridé Yésus ya ora langsung paham karo ajarané Yésus. (Yoh. 14:9) Mula, awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu wong-wong sing sinau Alkitab kanggo nresnani wong liya lan ora nduwé prasangka manèh.​—1 Kor. 3:6.

12. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké sipat sabar wektu mènèhi kesaksian marang keluarga?

12 Awaké dhéwé mungkin ngrasa kangèlan kanggo nduduhké sipat sabar wektu mènèhi kesaksian marang keluarga. Ning, ing Kohèlèt 3:7, ana pathokan sing isa awaké dhéwé pikirké. Ayat kuwi kandha, ”Ana wayahé meneng, ana wayahé caturan [utawa, omongan].” Nèk awaké dhéwé nduduhké tumindak sing apik, keluargané awaké dhéwé mungkin dadi gelem ngrungokké kabar apik. Ning, awaké dhéwé ya kudu nggunakké saben kesempatan kanggo mènèhi kesaksian. (1 Ptr. 3:1, 2) Mula, awaké dhéwé kudu semangat nginjil lan mulang. Ning, ora mung kuwi. Awaké dhéwé ya kudu terus nduduhké sipat sabar marang kabèh wong, termasuk marang keluargané awaké dhéwé.

13-14. Awaké dhéwé isa niru contoné sapa waé soal nduduhké sipat sabar?

13 Awaké dhéwé isa sinau soal sipat sabar nèk niru contoné umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn lan saiki. Misalé, Habakuk péngin bèn kejahatan isa ndang disingkirké. Ning, dhèwèké sabar ngentèni kuwi kelakon. Dhèwèké kandha, ”Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara.” (Hb. 2:1) Paulus ya péngin banget ngrampungké gawéan nginjil lan nampa berkah urip ing swarga. Ning, Paulus tetep sabar ”mènèhi kesaksian kanthi tliti bab kabar apik”.​—Kis. 20:24.

14 Gatèkna pengalamané suami istri sing lulus saka Sekolah Giléad. Wong loro kuwi ditugaské menyang negara sing ora ana akèh Seksi Yéhuwah. Terus, akèh-akèhé wong ing kana agamané ya dudu Kristen lan mung sithik sing gelem sinau Alkitab. Padahal, kanca-kanca sak kelasé pas Sekolah Giléad crita nèk akèh wong ing dhaérah penugasané gelem sinau Alkitab lan dadi Seksi Yéhuwah. Ning, suami istri kuwi tetep sabar. Wong loro kuwi terus nginjil senajan mung sithik sing gelem ngrungokké kabar apik. Hasilé, saksuwéné wolung taun nginjil ing dhaérah kuwi, ana siji sing akhiré dibaptis. Apa sing isa disinaoni saka conto-conto kuwi? Kabèh umaté Yéhuwah mau terus semangat lan ora mandheg nindakké gawéan nginjil. Hasilé, Yéhuwah mberkahi upayané wong-wong kuwi merga terus nduduhké sipat sabar. Awaké dhéwé ya kudu nduwé tékad kanggo ”niru wong-wong sing nampa warisan saka janji-janji kuwi merga nduwé iman lan sabar”.​—Ibr. 6:10-12.

NDUWÉ IMAN SING KUWAT

15. Apa sebabé iman isa mbantu awaké dhéwé terus semangat nginjil?

15 Awaké dhéwé yakin karo berita sing awaké dhéwé wartakké. Mula, awaké dhéwé dadi semangat kanggo mbagèkké kabar kuwi marang sak akèh-akèhé wong. Apa sebabé? Awaké dhéwé percaya karo janji-janjiné Yéhuwah. (Ms. 119:42; Yé. 40:8) Awaké dhéwé ngerti nèk ramalané Alkitab bener-bener kelakon. Awaké dhéwé ya ngerti nèk ana wong-wong sing isa berubah merga wis ngetrapké pathokané Alkitab. Kuwi kabèh mesthi nggawé awaké dhéwé tambah yakin nèk kabar apik Kratoné Allah pancèn kudu diwartakké marang kabèh wong.

16. Nurut Jabur 46:2-4, apa sebabé awaké dhéwé isa dadi luwih semangat nginjil nèk nduwé iman marang Yéhuwah lan Yésus?

16 Awaké dhéwé ya nduwé iman marang Yéhuwah sing dadi sumberé kabar apik lan marang Yésus sing wis dilantik dadi Raja ing Kratoné Allah. (Yoh. 14:1) Ora soal tantangan apa waé sing awaké dhéwé adhepi, Yéhuwah mesthi bakal nguwatké lan nglindhungi awaké dhéwé. (Wacanen Jabur 46:2-4.) Awaké dhéwé mesthi ya yakin nèk Yésus ngarahké gawéan nginjil nggunakké wewenang sing wis dhèwèké tampa saka Yéhuwah.​—Mat. 28:18-20.

17. Wènèhana conto sing nduduhké nèk awaké dhéwé kudu terus nginjil.

17 Nèk nduwé iman, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayané awaké dhéwé kanggo nginjil. Kadhang kala, Yéhuwah mberkahi awaké dhéwé nganggo cara sing ora dinyana-nyana. (Ko. 11:6) Misalé, saben dina ana éwonan wong sing ndelok wacan-wacané awaké dhéwé sing dipajang wektu kesaksian ing panggonan umum. Apa cara kuwi ana hasilé? Ing Pelayanan Kerajaan Kita November 2014, ana pengalaman saka mahasiswi sing péngin nulis artikel soal Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ora isa nemokké panggonan Balé Ibadah. Ning, dhèwèké ndelok ana Seksi Yéhuwah sing lagi njaga gerai ing kampusé. Terus, dhèwèké diwènèhi wacan-wacan sing dibutuhké kanggo nggawé artikel. Akhiré, dhèwèké dibaptis lan saiki nglayani dadi perintis biasa. Pengalaman kuwi dadi bukti nèk saiki isih ana wong-wong sing kudu dikandhani soal kabar apik. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé dadi péngin terus nginjil.

NDUWÉA TEKAD KANGGO TERUS NGINJIL

18. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk gawéan nginjil mesthi bakal rampung ing wektu sing wis ditentokké Yéhuwah?

18 Gawéan nginjil kuwi mesthi bakal rampung ing wektu sing wis ditentokké Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin soal kuwi nèk nggatèkké apa sing kelakon ing jamané Nuh. Yéhuwah mbuktèkké nèk apa sing Dhèwèké tindakké kuwi mesthi cocog karo wektu sing wis ditentokké. Yéhuwah wis ngramalké soal Banjir Gedhé kuwi 120 taun sakdurungé kuwi kelakon. Puluhan taun sakwisé Yéhuwah ngramalké kuwi, Yéhuwah ngongkon Nuh kanggo mbangun bahtera. Terus, kira-kira 40 taun utawa 50 taun sakdurungé Banjir Gedhé, Nuh tetep kerja keras. Senajan wong-wong padha ora gelem ngrungokké, Nuh terus mènèhi peringatan marang wong liya nganti Yéhuwah ngongkon dhèwèké kanggo nggawa mlebu kéwan-kéwan menyang bahtera. Bar kuwi, ”lawangé prau diinebaké [utawa, ditutup] déning Sang Yéhuwah” ing wektu sing wis ditentokké.​—Pd. 6:3; 7:1, 2, 16.

19. Nèk awaké dhéwé terus semangat nginjil, apa sing isa awaké dhéwé entèn-entèni?

19 Sedhéla manèh, Yéhuwah bakal ngandhani awaké dhéwé kapan gawéan nginjil kuwi rampung. Terus, Yéhuwah bakal nyingkirké donyané Sétan lan nggawé bumi dadi panggonan sing dienggoni karo wong-wong sing manut karo Yéhuwah. Muga-muga, awaké dhéwé isa terus semangat nginjil kaya Nuh, Habakuk, lan umaté Yéhuwah sing liyané. Muga-muga, awaké dhéwé ya isa terus ngutamakké gawéan nginjil, sabar, lan nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan janji-janjiné.

LAGU 75 ’Huwah, Utusen Aku!’

^ par. 5 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug piyé carané bèn wong-wong sing sinau Alkitab lan wis nggawé kemajuan isa dibantu kanggo dadi penginjil. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telung cara bèn kabèh penginjil isa nduwé tékad sing kuwat kanggo terus nginjil nganti Yéhuwah kandha nèk gawéan iki wis rampung.

^ par. 2 KATRANGAN: Ing artikel iki, kata-kata ”tanganmu aja koklèrènaké” berarti awaké dhéwé kudu terus semangat kanggo nginjil nganti Yéhuwah kandha nèk gawéan kuwi wis rampung.

^ par. 5 ”Dinané Gusti” dimulai wektu Yésus dadi raja ing taun 1914 nganti Pamréntahan Sèwu Taun rampung.