Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngrasakké Dhéwé Kwasané Gusti Allah?

Apa Panjenengan Ngrasakké Dhéwé Kwasané Gusti Allah?

”Astané Yéhuwah banjur bakal kelair marang para abdiné.”YÉ. 66:14.

LAGU: 32, 26

1, 2. Apa sing dipikirké wong-wong bab Gusti Allah?

AKÈH wong rumangsa nèk tumindaké ora ana pengaruhé karo perasaané Gusti Allah. Wong-wong nganggep nèk Gusti Allah ora perduli karo sing dialami manungsa. Contoné, wektu ana lésus gedhé ing Filipina sasi November 2013, ana walikota sing kandha, ”Gusti Allah mbuh nèng endi.”

2 Ana uga sing nganggep nèk Gusti Allah ora weruh sing lagi ditindakké manungsa. (Yé. 26:10, 11; 3 Yo. 11) Wong-wong ing jamané rasul Paulus uga mikir kaya ngono. Paulus kandha nèk wong-wong kuwi ”rumangsané ora prelu ngakoni Gusti Allah”. Wong-wong mau jahat, srakah, lan bejat kelakuané.Rm. 1:28, 29.

3. (a) Pitakonan apa waé sing kudu dipikirké? (b) Ing Alkitab, apa tegesé ”astaning” Gusti Allah?

3 Nèk aku dhéwé piyé? Yéhuwah pancèn ngerti kabèh tumindaké manungsa. Ning, apa aku percaya nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké tumindakku? Apa aku isa ngrasakké astané Yéhuwah? Ing Alkitab,”astaning” Gusti Allah kuwi tegesé kwasané. Yéhuwah nggunakké kwasané kanggo mbantu umaté, lan numpes mungsuh-mungsuhé. (Wacanen Pangandharing Torèt 26:8.) Yésus ngendika nèk ana wong-wong sing isa ”sumurup marang Gusti Allah”. (Mt. 5:8) Apa aku klebu wong-wong kuwi? Piyé carané isa ”sumurup marang Gusti Allah”? Awaké dhéwé isa sinau saka Alkitab pengalamané wong-wong sing gelem ngakoni kwasané Gusti Allah, lan sing ora. Uga isa sinau nèk iman isa mbantu awaké dhéwé ngrasakké kwasané Yéhuwah.

SING ORA GELEM NGAKONI KWASANÉ GUSTI ALLAH

4. Apa sebabé mungsuhé bangsa Israèl ora gelem ngakoni kwasané Gusti Allah?

4 Jaman mbiyèn, akèh wong nduwé kesempatan ndelok lan krungu bab kwasané Yéhuwah wektu mbantu bangsa Israèl. Yéhuwah nggunakké mukjijat kanggo mbébaské umaté saka Mesir, lan ngalahké raja-raja ing panggonan sing dijanjèkké. (Ys. 9:3, 9, 10) Senajan wis ndelok lan krungu bab kwasané Yéhuwah wektu nylametké umaté, ”raja-raja mau kabèh padha sarujuk merangi Yosua [Yusak] lan bangsa Israèl bebarengan”. (Ys. 9:1, 2, Basa Jawi Padintenan) Wektu perang nglawan Israèl, raja-raja iki nduwé kesempatan ndelok kwasané Yéhuwah. Kwasané Yéhuwah isa kétok, wektu ”srengéngé tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampungé wong Israèl anggoné males nempuh marang mungsuhé”. (Ys. 10:13) Yéhuwah ndadèkké atiné mungsuhé bangsa Israèl ”diwangkotaké,” bèn nyerang bangsa Israèl. (Ys. 11:20) Raja-raja kuwi kalah perang, merga ora gelem ngakoni nèk Yéhuwah sing perang kanggo umaté.

5. Raja Akhab sing jahat ora gelem percaya apa?

5 Raja Akhab sing jahat uga bola-bali nduwèni kesempatan ndelok kwasané Yéhuwah. Élia ngandhani Akhab, ”Badhé boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.” (1 Ra. 17:1) Kuwi bakal kelakon merga kwasané Gusti Allah. Ning, Akhab ora gelem percaya. Élia ndonga marang Yéhuwah, lan dongané dijawab nganggo geni saka langit. Kuwi didelok Akhab. Terus Élia ngomong karo Akhab nèk Yéhuwah bakal ngekèki udan, merga wis suwé ora udan. (1 Ra. 18:22-45) Senajan wis ndelok mukjijat kuwi, Akhab tetep ora gelem ngakoni kwasané Yéhuwah. Apa sing isa disinaoni saka conto kuwi? Awaké dhéwé kudu terus nggatèkké kwasané Yéhuwah sing kelakon ing uripé awaké dhéwé.

SING GELEM NGAKONI KWASANÉ YÉHUWAH

6, 7. Wong-wong Gibéon lan Rakhab ngakoni apa?

6 Wong-wong Gibéon ora kaya bangsa-bangsa liyané, merga wis ndelok kwasané Yéhuwah. Wong-wong Gibéon ngupaya rukun, ora malah nyerang bangsa Israèl. Apa sebabé? Merga wong-wong Gibéon wis krungu bab Yéhuwah lan tumindaké. (Ys. 9:3, 9, 10) Merga ngakoni nèk Yéhuwah sing perang kanggo bangsa Israèl, wong-wong Gibéon ora ditumpes.

7 Rakhab uga ndelok kwasané Yéhuwah. Dhèwèké dudu wong Israèl, ning wis krungu nèk Yéhuwah nylametké bangsa Israèl saka Mesir. Wektu ana utusan loro saka Israèl teka ing omahé Rakhab, dhèwèké kandha, ”Kula sumerep, bilih Sang Yéhuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan.” Rakhab percaya nèk Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké lan keluargané. Rakhab nduduhké nèk nduwé iman marang Yéhuwah, senajan tumindaké kuwi mbebayani kanggo dhèwèké.Ys. 2:9-13; 4:23, 24.

8. Apa buktiné nèk ana wong-wong Israèl sing ngakoni kwasané Yéhuwah?

8 Ora kaya Raja Akhab sing jahat, wong-wong Israèl sing ndelok geni saka langit ngakoni kwasané Gusti Allah. Wong-wong mau padha mbengok, ”Pangéran Yéhuwah, Panjenengané iku Gusti Allah!” (1 Ra. 18:39) Kanggoné wong-wong mau, kwasané Yéhuwah kuwi nyata.

9. Apa buktiné nèk awaké dhéwé isa ndelok kwasané Yéhuwah saiki?

9 Wis ana conto sing apik lan sing ala, sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti tegesé ”ndelok Gusti Allah” utawa ndelok kwasané. Nèk ngerti sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé isa ndelok kwasané Yéhuwah nganggo ’mripating ati’. (Éf. 1:18) Kuwi isa mbantu awaké dhéwé niru imané wong-wong mbiyèn lan saiki, sing wis ngrasakké bantuané Yéhuwah. Ning, apa awaké dhéwe isa mbuktèkké nèk Gusti Allah mbantu umaté saiki?

BUKTI KWASANÉ YÉHUWAH SAIKI

10. Apa buktiné nèk Yéhuwah mbantu wong-wong saiki? (Deloken gambar ing kaca 12.)

10 Wis ana akèh bukti nèk Yéhuwah mbantu wong-wong saiki. Kerep ana pengalaman bab wong-wong sing ndonga marang Gusti Allah njaluk bantuané, lan donga kuwi dijawab. (Ms. 53:3) Contoné, wektu nginjil ing pulo cilik ing Filipina, Allan ketemu karo wong wédok sing ujug-ujug nangis. Allan ngomong, ”Dhèwèké ditekani Seksi Yéhuwah, padhahal ésuké lagi waé ndonga.” Wektu isih enom, dhèwèké wis tau sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Ning, bar nduwé bojo lan pindhah ing pulo kuwi, dhèwèké mandheg sinau Alkitab. Dongané cepet dijawab lan kuwi nrenyuhké atiné. Ora nganti setaun, dhèwèké dibaptis.

Apa panjenengan ngrasakké nèk kwasané Yéhuwah nyata? (Deloken paragraf 11-13)

11, 12. (a) Piyé carané Yéhuwah mbantu para abdiné? (b) Terangna carané Yéhuwah mbantu salah sijiné sedulur wédok.

11 Akèh abdiné Yéhuwah wis ngrasakké bantuané. Contoné isa mandheg ngrokok, ora nganggo narkoba manèh, lan ora nonton manèh sing saru-saru utawa pornografi. Akèh sing ngakoni nèk kuwi angèl, ning merga njaluk bantuané Yéhuwah, wong-wong kuwi dikèki ”kakuwatan kang ngédab-édabi,” dadi isa mandheg saka kebiyasaan sing ala mau.2 Kr. 4:7; Ms. 37:23, 24.

12 Yéhuwah uga mbantu para abdiné ngadhepi masalah ing urip saben dina. Iki dialami karo Ami. Dhèwèké ditugasi mèlu mbangun Balé Ibadah lan omahé utusan injil ing pulo cilik ing Laut Pasifik. Budaya ing kono béda, sok ora ana listrik utawa banyu, dalané sok banjir, lan dhèwèké manggon ing kamar hotèl sing cilik. Dhèwèké uga kangen karo keluargané. Dhèwèké wis tau ngunèk-unèkké sedulur wédok sing dadi kanca kerjané. Perasaané dadi ora pénak. Dhèwèké lunga ing kamaré, banjur ndonga marang Yéhuwah lan njaluk dibantu. Pas kuwi listriké mati. Bar listriké murup, dhèwèké maca Menara Pengawal bab wisudhané siswa Giléad. Artikel ing kono ngrembug masalah sing padha karo dhèwèké. Ami kandha, ”Aku krasa nèk Yéhuwah ngomong karo aku mbengi kuwi. Aku dibantu bèn isa terus nindakké tugasku.”Ms. 44:26, 27; Yé. 41:10, 13.

13. Apa buktiné nèk Yéhuwah mbantu bèn tugasé umaté isa sah miturut hukum negara?

13 Yéhuwah uga mbantu bèn tugasé nginjil umaté isa sah miturut hukum negara. (Fp. 1:7) Contoné, wektu ana negara sing nglarang gawéan nginjil, Seksi-Seksi Yéhuwah maju ing pengadilan, lan wis menangké kurang luwih 268 perkara hukum sak donya. Taun 2000, Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia (ECHR) menangké 24 perkarané Seksi Yéhuwah. Kuwi bukti nèk ora ana sing isa ngalangi kwasané Yéhuwah—Yé. 54:17; wacanen Yésaya 59:1.

14. Apa buktiné nèk Gusti Allah ana ing tengah-tengahé umaté?

14 Bukti liya bab kwasané Yéhuwah kétok saka gawéan nginjil sak donya. (Mt. 24:14; PR. 1:8) Para abdiné Yéhuwah saka akèh bangsa isa rukun mung merga bantuané Yéhuwah. Mung umaté Yéhuwah sing isa kaya ngono. Malah wong-wong sing dudu umaté Yéhuwah ngakoni, ”Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.” (1 Kr. 14:25) Pancèn wis ana akèh bukti nèk Gusti Allah ana ing tengah-tengahé umaté. (Wacanen Yésaya 66:14.) Nèk panjenengan piyé? Apa ya ngrasakké dhéwé kwasané Yéhuwah kuwi?

APA PANJENENGAN NGRASAKKÉ DHÉWÉ KWASANÉ YÉHUWAH?

15. Kadhang kala, apa sebabé awaké dhéwé ora rumangsa ngrasakké kwasané Yéhuwah?

15 Kadhang kala, mbokmenawa awaké dhéwé ora rumangsa ngrasakké kwasané Yéhuwah. Apa sebabé? Wektu ngadhepi akèh masalah, mbokmenawa awaké dhéwé lali nèk Yéhuwah wis bola-bali nulungi awaké dhéwé. Kuwi uga dialami Élia. Senajan kendel, dhèwèké wedi banget wektu arep dipatèni Ratu Izébèl. Pas kuwi, dhèwèké ora kèlingan nèk Yéhuwah wis tau nulungi. Alkitab kandha nèk dhèwèké péngin mati. (1 Ra. 19:1-4) Élia isa éntuk kekuwatan lan bantuan saka sapa? Saka Yéhuwah.1 Ra. 19:14-18.

16. Wektu ana masalah, piyé carané awaké dhéwé isa ngrasakké kwasané Yéhuwah?

16 Ayub mung mikirké masalahé dhéwé. Dadi, Ayub ora isa mikir kaya sing dipikirké Yéhuwah. (Ay. 42:3-6) Kadhang kala, ora gampang ngrasakké bantuané Yéhuwah merga akèh masalah. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé? Awaké dhéwé kudu mikirké tenanan pathokané Alkitab wektu ngadhepi masalah. Awaké dhéwé dadi isa saya cedhak karo Yéhuwah lan isa kandha, ”Anggèn kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang, nanging sapunika kawula ningali Paduka kalayan mripat kawula piyambak.”

Apa panjenengan digunakké Yéhuwah kanggo mbantu liyané bèn isa ndelok kwasané? (Deloken paragraf 17, 18)

17, 18. (a) Apa buktiné nèk kwasané Yéhuwah isa dirasakké ing urip saben dina? (b) Critakna pengalaman nèk saiki Yéhuwah mbantu umaté.

17 Apa buktiné nèk kwasané Yéhuwah isa dirasakké ing urip saben dina? Buktiné ana lima. Siji, mbokmenawa panjenengan ngrasakké Yéhuwah mbantu panjenengan bèn isa sinau Alkitab. Loro, mbokmenawa panjenengan kèlingan wektu teka ing pakumpulan ibadah, lan ngrungokké ceramah Alkitab, terus kandha, ”Kuwi cocog kanggo aku.” Telu, mbokmenawa panjenengan ngrasakké nèk Yéhuwah njawab donga panjenengan. Papat, mbokmenawa panjenengan péngin luwih apik ibadahé marang Yéhuwah, lan kuwi isa kelakon merga bantuané Yéhuwah. Lima, mbokmenawa panjenengan lila metu saka panggonan nyambut gawé merga gawéané ngganggu gawéan nginjil, lan isa ngrasakké dhéwé nèk janjiné Gusti Allah kelakon yaiku, ”Sira ora pisan-pisan Suntilar”. (Ib. 13:5) Nèk nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa luwih gampang ngrasakké kwasané ing urip saben dina.

18 Sara, sedulur wédok saka Kenya, kandha, ”Aku ndongakké wong sing sinau Alkitab karo aku, merga rumangsaku dhèwèké ora niyat sinau. Aku takon karo Yéhuwah apa mandheg waé ya sinauné. Ujug-ujug bar aku ngomong ’Amin,’ wong sing sinau Alkitab karo aku tilpun. Dhèwèké ngomong nèk péngin teka ing pakumpulan ibadah karo aku. Kuwi ngagètké tenan.” Nèk ngéling-éling manèh kabèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé, kuwi isa mbantu awaké dhéwé ndelok kwasané. Rona, sedulur wédok saka Asia, kandha nèk awaké dhéwé kudu mikirké carané Yéhuwah mbantu ing urip saben dina. Dhèwèké uga kandha, ”Pisan waé mbok rasakké kwasané, kuwi nggumunké banget merga ngerti nèk Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé.”

19. Apa manèh sing kudu ditindakké bèn isa ngrasakké kwasané Yéhuwah?

19 Yésus ngendika nèk wong-wong sing ”bakal padha sumurup marang Allah” kudu ”resik atiné.” (Mt. 5:8) Apa maksudé? Pikirané awaké dhéwé kudu resik, lan kudu mandheg anggoné nindakké dosa. (Wacanen 2 Korinta 4:2.) Ing artikel iki, awaké dhéwé sinau nèk arep ngrasakké kwasané Gusti Allah, kudu nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Minggu ngarep, bakal dirembug nèk iman isa mbantu awaké dhéwé luwih ngerti kwasané Yéhuwah ing urip saben dina.