Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tulung Kuwatna Imanku

Tulung Kuwatna Imanku

Mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”MK. 9:24.

LAGU: 54, 24

1. Sepira pentingé iman kuwi? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

APA panjenengan wis tau mikir, ’Apa Yéhuwah bakal nylametké aku pas sengsara gedhé?’ Rasul Paulus kandha nèk awaké dhéwé péngin slamet, kudu nduwé iman. Dhèwèké kandha, ”Nanging manawa tanpa pracaya mokal yèn ndadèkaké keparenging Allah.” (Ib. 11:6) Nèk ngomong pancèn gampang, ning sakjané ”ora kabèh wong kadunungan pracaya”. (2 Ts. 3:2) Ayat-ayat mau mbantu awaké dhéwé ngerti pentingé nguwatké iman.

2, 3. (a) Imané awaké dhéwé sepira pentingé? (b) Apa waé sing perlu dipikirké?

2 Rasul Pétrus ngrembug bab iman sing wis kebukti kuwat. (Wacanen 1 Pétrus 1:7.) Ora suwé manèh ana sengsara gedhé, lan awaké dhéwé péngin dadi wong ”kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawané”. (Ib. 10:39) Dadi, awaké dhéwé kudu tenanan ngupaya bèn imané kuwat, lan dadi wong sing dislametké wektu Yésus Kristus dadi raja. Kaya wong lanang sing njaluk imané dikuwatké Yésus, awaké dhéwé isa kandha, ”Mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!” (Mk. 9:24) Utawa, kaya para rasul, awaké dhéwé isa kandha, ”Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”Lk. 17:5.

3 Ing artikel iki bakal dirembug carané nguwatké iman, lan carané nduduhké nèk imané awaké dhéwé kuwat. Uga bakal dirembug apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk awaké dhéwé njaluk, Gusti Allah bakal nggawé imané awaké dhéwé luwih kuwat.

GUSTI ALLAH SENENG NÈK AWAKÉ DHÉWÉ NGUWATKÉ IMAN

4. Ana conto saka sapa sing isa mbantu awaké dhéwé nguwatké iman?

4 Merga iman kuwi penting banget, ana akèh conto saka Alkitab bab wong-wong sing imané kuwat. Conto-conto kuwi ”katulisan minangka piwulang kanggo kita”. (Rm. 15:4) Conto saka Abraham, Sara, Iskak, Yakub, Musa, Rakhab, Gidhéon, Barak, lan liyané, isa mbantu nguwatké imané awaké dhéwé. (Ib. 11:32-35) Sak liyané conto ing jaman mbiyèn, ana conto saka para sedulur sing imané kuwat ing jaman saiki. * (Deloken katrangan ing ngisor.)

5. Piyé carané Élia nduduhké nèk imané kuwat marang Yéhuwah, lan pitakonan apa sing perlu dipikirké?

5 Conto saka Alkitab sing arep dirembug, yaiku contoné nabi Élia. Sakwisé mikirké tenanan conto kuwi, gatèkna lima kahanan sing nduduhké nèk imané Élia kuwat marang Yéhuwah. (1) Wektu ngandhani Raja Akhab nèk Yéhuwah sing nggawé ora ana udan manèh, Élia kandha, ”Demi Pangéran Yéhuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israèl ingkang kawula ladosi, lah badhé boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika.” (1 Ra. 17:1) (2) Élia percaya nèk Yéhuwah bakal nyedhiyakké kabèh sing dibutuhké Élia lan liyané, senajan ora ana udan. (1 Ra. 17:4, 5, 13, 14) (3) Élia uga percaya nèk Yéhuwah isa nguripké manèh anak lanangé randha. (1 Ra. 17:21) (4) Élia yakin nèk geni sing ngobong kurban obaran ing Gunung Karmèl kuwi saka Yéhuwah. (1 Ra. 18:24, 37) (5) Malah sakdurungé udan, Élia yakin banget wektu ngomong, ”Kawula aturi tindak, dhahar saha ngunjuk, awit kumrasaking jawah sampun kepireng.” (1 Ra. 18:41) Sakwisé maca pengalaman kuwi, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan, ’Apa aku nduwé iman sing kuwat kaya imané Élia?’

PIYÉ CARANÉ NGUWATKÉ IMAN?

6. Apa sing dibutuhké saka Yéhuwah bèn iman tetep kuwat?

6 Ora isa nguwatké iman tanpa bantuané Yéhuwah, mula kudu njaluk roh suciné. Apa sebabé? Merga iman kuwi salah sijiné wohing roh. (Gl. 5:22) Ana akèh paédah nèk manut karo tuntunané Yésus, kanggo ndonga njaluk luwih akèh roh suci. Yésus janji nèk Yéhuwah ”bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyeyuwun”.Lk. 11:13.

7. Critakna carané bèn imané awaké dhéwé tetep kuwat.

7 Nèk wis nduwé iman sing kuwat, kuwi kudu dijaga. Iman kuwi kaya geni. Pas diurupké, geni isa waé gedhé. Ning, nèk geniné ora ditambahi kayu, suwé-suwé geniné mati lan kayuné dadi awu. Nèk geniné terus ditambahi kayu, bakal tetep murup. Padha kaya iman, nèk saben dina terus maca lan sinau Alkitab, awaké dhéwé bakal saya nresnani Yéhuwah lan nindakké pathokané Alkitab. Kuwi nggawé imané awaké dhéwé tetep kuwat.

8. Apa sing isa nggawé iman tetep kuwat?

8 Aja mung marem karo dhasar-dhasaré piwulang sing disinaoni sakdurungé baptis. (Ib. 6:1, 2) Contoné, panjenengan kudu terus sinau bab ramalané Alkitab sing wis kelakon. Kuwi bakal mbantu bèn iman panjenengan tetep kuwat. Panjenengan uga isa nggunakké Alkitab kanggo mriksa apa iman panjenengan tetep kuwat.Wacanen Yakobus 1:25; 2:24, 26.

9, 10. Piyé carané iman isa dikuwatké karo (a) kanca sing apik? (b) pakumpulan ibadah? (c) gawéan nginjil?

9 Rasul Paulus kandha nèk muridé Yésus isa dikuwatké nganggo imané wong liya. (Rm. 1:12) Apa maksudé? Wektu srawung karo para sedulur, awaké dhéwé isa padha nguwatké iman siji lan sijiné, apa manèh srawung karo para sedulur sing imané wis kebukti kuwat. (Yb. 1:3) Kanca sing pengaruhé ala, isa ngrusak iman. Ning, kanca sing apik isa mbantu nguwatké iman. (1 Kr. 15:33) Kuwi sebabé awaké dhéwé dikon terus mèlu pakumpulan ibadah. Ing kono awaké dhéwé isa ”padha éling-ingélingaké”. (Wacanen Ibrani 10:24, 25.) Lan manèh, piwulang sing ana ing kono isa nguwatké iman. Alkitab kandha nèk ”pracaya iku thukulé awit saka pangrungu”. (Rm. 10:17) Coba dipikir, ’Apa aku ajeg teka ing pakumpulan ibadah?’

10 Awaké dhéwé uga nguwatké iman wektu nginjil lan mulang wong liya bab kabar apik saka Alkitab. Kaya muridé Yésus jaman mbiyèn, awaké dhéwé kudu percaya marang Yéhuwah, lan kendel martakké injil ing endi waé lan karo sapa waé.PR. 4:17-20; 13:46.

11. Apa sebabé imané Kalèb lan Yusak kuwat, lan piyé awaké dhéwé isa niru?

11 Imané awaké dhéwé isa kuwat wektu ngerti nèk Yéhuwah nulungi lan njawab dongané awaké dhéwé. Iki dialami karo Kalèb lan Yusak. Wong loro kuwi nduduhké imané marang Yéhuwah wektu ndelok-ndelok panggonan sing dijanjèkké. Saya suwé, imané wong loro kuwi saya kuwat saben ndelok Yéhuwah mènèhi pitulungan. Yusak yakin banget pas ngomong, ”Kang wus dijanjèkaké déning Sang Yéhuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowé, iku ora ana kang ora dileksanani . . . Padha wedi-asiha marang Pangéran Yéhuwah lan ngabektia marang Panjenengané klawan tulus éklas lan setya . . . Aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangéran Yéhuwah!” (Ys. 23:14; 24:14, 15) Imané awaké dhéwé bakal saya kuwat, nèk percaya marang Yéhuwah lan ngalami dhéwé pitulungané Yéhuwah.Ms. 34:8.

CARANÉ NDUDUHKÉ IMAN SING KUWAT

12. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat?

12 Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat? Rasul Yakobus kandha, ”Kowé bakal daktuduhi pracayaku saka panggawé-panggawéku.” (Yb. 2:18) Iman kétok saka tumindaké. Ngéné carané.

Wong-wong sing ngupaya tenanan nginjil nduduhké nèk imané kuwat (Deloken paragraf 13)

13. Apa buktiné nèk nginjil kuwi cara kanggo nduduhké iman?

13 Nginjil kuwi cara sing cocog kanggo nduduhké iman sing kuwat. Apa sebabé? Merga wektu nginjil, awaké dhéwé nduduhké nèk percaya Armagédhon ora suwé manèh, lan kuwi ”ora diundur lan ora dibatalaké”. (Hb. 2:3, Basa Jawi Padintenan) Bèn isa mriksa imané awaké dhéwé kuwi kuwat apa ora, isa mikirké, ’Sepira pentingé gawéan nginjil kanggo aku? Apa aku wis ngupaya tenanan crita karo wong liya bab Gusti Allah? Apa aku uga nggolèk cara-cara liyané bèn isa luwih apik nginjilé?’ (2 Kr 13:5) Ayo duduhna iman sing kuwat kuwi, nganggo cara martakké kabar apik, merga ”kalawan tutuk wong anggoné ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu”.Wacanen Rum 10:10.

14, 15. (a) Piyé carané nduduhké iman sing kuwat ing urip saben dina? (b) Critakna pengalamané wong sing imané kuwat.

14 Awaké dhéwé uga nduduhké iman marang Yéhuwah wektu ngadhepi alangan lan masalah. Wektu awaké dhéwé mlarat, lara, nglokro, strès, lan ngadhepi masalah liyané, awaké dhéwé kudu percaya nèk Yéhuwah lan Yésus bakal maringi ”kapitulungan ing mangsa kang becik”. (Ib. 4:16) Iman marang Yéhuwah uga isa diduduhké wektu awaké dhéwé njaluk bantuan. Yésus ngendika nèk awaké dhéwé isa njaluk ”rejeki saiki lan saben dina”. (Lk. 11:3, Basa Jawa Suriname) Pengalaman ing Alkitab mbuktèkké nèk Yéhuwah isa maringi kabèh sing dibutuhké. Contoné, wektu suwé ora udan ing Israèl, Yéhuwah maringi panganan lan banyu kanggo ngombé marang Élia. Alkitab kandha, ”Ing wayah ésuk lan soré manuk gagak padha nyaosi roti lan daging marang panjenengané déné ngunjuké saka ing kali kono.” (1 Ra. 17:3-6) Awaké dhéwé uga isa percaya nèk Yéhuwah isa maringi kabèh sing dibutuhké.

Awaké dhéwé uga nduduhké iman marang Yéhuwah wektu ngadhepi alangan lan masalah (Deloken paragraf 14)

15 Awaké dhéwé isa yakin nèk ngetrapké pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa nyukupi kebutuhané keluarga. Ribka sing wis nduwé bojo, saka Asia, crita nèk dhèwèké lan keluargané ngetrapké pathokan ing Matéus 6:33 lan Wulang Bebasan 10:4. Dhèwèké crita bab bojoné sing nduwé gawéan sing isa ngrusak hubungané karo Yéhuwah. Gawéané mau akhiré ditinggal, padhahal anaké papat. Terus, wong loro mau dodolan panganan, dadi isa nyukupi kebutuhané keluarga. Ribka kandha, ”Aku lan keluargaku rumangsa nèk Yéhuwah terus ngopèni aku. Aku lan keluargaku ora tau ora mangan.” Apa panjenengan ya nduwé pengalaman sing padha, sing isa nguwatké iman panjenengan?

16. Apa éntuk-éntukané nèk percaya marang Gusti Allah?

16 Awaké dhéwé isa percaya nèk manut karo tuntunané, Yéhuwah bakal mbantu. Paulus nyuplik omongané Habakuk wektu kandha, ”Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya.” (Gl. 3:11; Hb. 2:4) Kuwi alesané awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat marang Gusti Allah, sing isa nulungi awaké dhéwé. Paulus ngélingké nèk Gusti Allah kuwi ”kang kuwaos nindakaké luwih déning akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir”. (Éf. 3:20) Para abdiné Yéhuwah ngupaya tenanan nindakké kersané, senajan kahanané béda-béda. Mesthi seneng banget rasané ngerti nèk Gusti Allah nggatèkké, lan mberkahi upayané awaké dhéwé.

NÈK NJALUK DIKUWATKÉ IMANÉ, BAKAL DIJAWAB

17. (a) Piyé carané Yésus maringi sing dibutuhké muridé? (b) Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk njaluk dikuwatké imané, Yéhuwah bakal njawab?

17 Saka sing wis disinaoni, mbokmenawa awaké dhéwé ngerti perasaané para rasul wektu kandha karo Yésus, ”Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!” (Lk. 17:5) Yésus maringi sing dibutuhké para muridé nganggo cara sing nggumunké, ing dina Péntakosta taun 33 Masèhi. Wektu kuwi, para muridé nampa roh suci lan isa ngerti luwih akèh bab kersané Gusti Allah. Kuwi nguwatké iman para muridé. Bar kuwi, apa sing isa ditindakké para muridé? Wong-wong kuwi dadi saya mempeng nginjilé. (Kl. 1:23) Nèk awaké dhéwé njaluk dikuwatké imané, apa kuwi bakal dijawab? Kuwi bakal dijawab nèk awaké dhéwé ”nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané.”1 Yo. 5:14.

18. Piyé carané Yéhuwah mberkahi wong sing ngupaya nguwatké imané?

18 Nèk awaké dhéwé percaya tenanan marang Yéhuwah, atiné bakal seneng banget. Yéhuwah bakal njawab nèk awaké dhéwé njaluk dikuwatké imané. Imané awaké dhéwé bakal saya kuwat, lan awaké dhéwé bakal ”dadi wargané Kratoné Gusti Allah”.2 Ts. 1:3, 5.

^ par. 4 Contoné, wacanen pengalamané Lillian Gobitas Klose (Sedarlah! 22 Juli 1993), Feliks Borys (Sedarlah!  22 Februari 1994), lan Josephine Elias (Sedarlah! September 2009).