Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Iku Allah Katresnan

Yéhuwah Iku Allah Katresnan

”Gusti Allah iku katresnan.”1 YO. 4:8, 16.

LAGU: 18, 51

1. Apa sipat utamané Gusti Allah, lan piyé perasaan panjenengan marang Yéhuwah nèk ngerti bab kuwi?

ALKITAB kandha nèk ”Gusti Allah iku katresnan”. (1 Yo. 4:8) Apa maksudé? Katresnan iku ora mung salah sijiné sipat Yéhuwah sing luhur, ning kuwi malah sipat sing utama. Yéhuwah ora mung nduwé sipat tresna, ning sakjané malah Gusti Allah iku katresnan. Tegesé, nèk tumindak apa waé, kuwi merga tresna. Awaké dhéwé mesthi maturnuwun banget karo Yéhuwah, merga wis nggawé jagat sak isiné. Kuwi kabèh merga tresna.

2. Merga ngerti nèk Yéhuwah nresnani manungsa, awaké dhéwé isa percaya bab apa? (Deloken gambar ndhuwur.)

2 Yéhuwah kuwi apikan lan welas asih karo sing digawé. Katresnané isa marakké awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal nindakké kersané nganggo cara sing paling cocog. Sing manut karo Yéhuwah bakal seneng uripé. Contoné, merga tresna, Yéhuwah ”namtokaken dinten anggènipun badhé ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji,” yaiku Yésus Kristus. (PR. 17:31) Awaké dhéwé percaya nèk kuwi mesthi bakal kelakon. Wong sing manut bakal urip saklawasé.

LELAKON URIPÉ MANUNGSA MBUKTÈKKÉ APA?

3. Nèk Yéhuwah ora nresnani manungsa, piyé uripé manungsa?

3 Piyé uripé manungsa nèk katresnan kuwi dudu sipaté Gusti Allah sing utama? Manungsa bakal terus nguwasani manungsa liyané, lan dikuwasani Iblis sing jahat. (2 Kr. 4:4; 1 Yo. 5:19; wacanen Wahyu 12:9, 12.) Uripé manungsa bakal ora karuan tanpa katresnané Yéhuwah.

4. Apa sebabé Yéhuwah ora langsung nyingkirké kabèh sing mbrontak?

4 Wektu mbrontak nglawan Gusti Allah, Iblis ya ngojok-ojoki Adam lan Kawa bèn mèlu-mèlu mbrontak. Iblis ora gelem ngakoni nèk Yéhuwah sing nduwé hak mréntah jagat iki. Iblis rumangsa isa luwih apik mréntah timbang Gusti Allah. (Pd. 3:1-5) Yéhuwah mènèhi wektu kanggo Iblis bèn isa mbuktèkké omongané. Ning nyatané, manungsa lan Iblis pancèn ora isa mréntah.

5. Lelakon uripé manungsa mbuktèkké apa?

5 Saiki donya iki tambah bobrok. Luwih saka wong 100 yuta mati merga perang saksuwéné 100 taun iki. Alkitab kandha nèk ing ”dina-dina wekasan,” ”wong ala lan culika bakal saya wuwuh alané”. (2 Tm. 3:1, 13) Alkitab uga kandha, ”Dhuh Sang Yéhuwah, kawula mangretos, bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun.” (Ym. 10:23) Kuwi wis kebukti saka lelakon uripé manungsa. Yehuwah ora maringi manungsa hak kanggo mréntah manungsa liya tanpa tuntunané.

6. Apa sebabé Gusti Allah durung nyingkirké kabèh sing jahat?

6 Yéhuwah durung nyingkirké kabèh sing jahat, merga péngin mbuktèkké nèk mung Yéhuwah sing paling cocog mréntah manungsa. Mbésuk, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat. Bar kuwi, kabèh sing ora gelem ngakoni pamréntahané Yéhuwah bakal langsung disingkirké. Yéhuwah isa nggunakké lelakon uripé manungsa kanggo bukti, nèk kabèh sing mbrontak lan sing jahat kudu cepet-cepet disingkirké.

CARANÉ YÉHUWAH NDUDUHKÉ KATRESNANÉ

7, 8. (a) Piyé carané Yéhuwah nduduhké katresnané? (b) Apa Yéhuwah pancèn kudu nggawé bumi lan manungsa? Terangna.

7 Yéhuwah nduduhké katresnané nganggo cara werna-werna. Contoné, coba bayangna ukurané jagat iki. Ing jagat iki ana milyaran galaksi, lan saben galaksi ana milyaran lintang lan planèt. Ing galaksi Bima Sakti, ana salah sijiné lintang sing jenengé srengéngé. Nèk ora ana srengéngé, ora ana sing isa urip ing bumi. Kabèh sing digawé Yéhuwah mbuktèkké nèk Yéhuwah iku Sing Nggawé Urip. Lan, kuwi uga nduduhké sipat-sipaté Yéhuwah, kaya kuwasané, kapinterané, lan katresnané. ”Wiwit jagad dititahaké, kawontenané Gusti Allah sing ora ketingal, yakuwi pangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cetha ana ing samubarang sing dititahaké.”Rm. 1:20, Basa Jawi Padintenan.

8 Yéhuwah nyedhiyakké bumi kanggo manungsa. Sing ana ing bumi, kabèh ana gunané kanggo manungsa lan kéwan. Manungsa diwènèhi taman sing éndah, lan awak uga pikiran sing sampurna bèn isa urip saklawasé. (Wacanen Wahyu 4:11.) Lan manèh, Yéhuwah ”paring pangan marang sakèhing makhluk, awit langgeng sih-kadarmané.”Ms. 136:25.

9. Kadhang kala Yéhuwah nduwé perasaan apa, lan apa sebabé?

9 Senajan Yéhuwah iku Allah katresnan, ning tetep sengit karo kabèh sing jahat. Contoné, Jabur 5:5-7 kandha bab Yéhuwah, ”Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka . . . Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.” Yéhuwah uga sengit karo wong sing ngwutahké getih lan ngapusi.

SING JAHAT BAKAL DISINGKIRKÉ

10, 11. (a) Wong jahat bakal diapakké? (b) Wong sing setya bakal éntuk berkah apa?

10 Ing wektu sing wis ditemtokké, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing jahat saka jagat iki, merga Yéhuwah kuwi Allah katresnan lan sengit karo sing jahat. Alkitab janji, ”Wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yéhuwah iku bakal padha olèh warisan bumi. Awit wektuné mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna.” Mungsuh-mungsuhé Yéhuwah bakal ”padha sirna kayadéné kukus [kebul]”.Ms. 37:9, 10, 20.

11 Alkitab uga janji, ”Para wong mursid padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.” (Ms. 37:29) Wong sing setya ”bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”. (Ms. 37:11) Apa sebabé? Merga Gusti Allah ngerti sing paling cocog kanggo para abdiné sing setya. Alkitab kandha, ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.” (Wy. 21:4) Mbésuk, wong sing ngajèni katresnané Gusti Allah mesthiné urip pénak, ta?

12. ”Wong mursid [bener]” kuwi sapa?

12 Alkitab kandha, ”Mara titènana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanané bakal nyenengaké ing tembé mburiné; balik wong mursal padha tinumpes bebarengan, sarta para wong duraka pangarep-arep” (Ms. 37:37, 38) ”Wong mursid [bener]” gelem kenal Yéhuwah lan putrané, lan nindakké kersané. (Wacanen Yokanan 17:3.) Wong kuwi percaya nèk ”donya lan kesenengané kabèh bakal ilang. Nanging sapa sing manut marang pituturé Gusti Allah bakal urip slawas-lawasé”. (1 Yo. 2:17, Basa Jawa Surinamé) Merga Armagédhon wis ora suwé manèh, awaké dhéwé kudu ’padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah, sarta lumaku ing marginé’.Ms. 37:34.

BUKTI KATRESNANÉ YÉHUWAH SING PALING GEDHÉ

13. Apa bukti katresnané Yéhuwah sing paling gedhé?

13 Senajan ora sampurna, awaké dhéwé isa manut karo Gusti Allah. Awaké dhéwé isa kekancan akrab karo Yéhuwah, merga Yésus wis séda kanggo tebusan. Kuwi bukti katresnané Yéhuwah sing paling gedhé, bèn manungsa sing setya isa bébas saka dosa lan pati. (Wacanen Rum 5:12; 6:23.) Wektu ing swarga, Yésus setya marang Yéhuwah. Mula, Yéhuwah percaya Yésus bakal setya wektu ing bumi. Wektu putrané dijahati wong, mesthiné Yéhuwah kelara-lara banget merga nresnani putrané. Ning, Yésus setya ndukung pamréntahané Gusti Allah, lan nduduhké nèk manungsa sampurna isa tetep setya senajan sengsara.

Merga tresna, Yéhuwah ngutus putrané (Deloken paragraf 13)

14, 15. Apa gunané sédané Yésus kanggo manungsa?

14 Senajan ngalami sengsara, Yésus tetep setya marang Gusti Allah nganti sédané. Awaké dhéwé kudu maturnuwun merga tebusané Yésus isa nylametké uripé manungsa, bèn manungsa isa urip saklawasé ing pirdus. Rasul Paulus nyritakké katresnané Yéhuwah lan Yésus sing kétok saka anané tebusan. Dhèwèké kandha, ”Ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi déning Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi séda kanggo kita para wong duraka. Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener — éwadéné bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati.— Nanging Gusti Allah wus ngatingalaké sihé marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” (Rm. 5:6-8) Rasul Yokanan kandha, ”Sihé Gusti Allah iku kababaraké ana ing antara kita, iya iku déné Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga déning Panjenengané. Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.”1 Yo. 4:9, 10.

15 Yésus kandha, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng.” (Yo. 3:16) Yéhuwah ngutus putrané dadi tebusan senajan atiné lara banget. Kuwi bukti nèk Yéhuwah nresnani manungsa, lan katresnané bakal ana saklawasé. Paulus nulis, ”Aku mesthèkaké, sanadyan pati utawa urip, para malaékat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhéngah titah liyané, ora bakal bisa megataké kita saka ing sihé Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.”Rm. 8:38, 39.

KRATONÉ GUSTI ALLAH WIS MRÉNTAH

16. Kratoné Sang Mèsih kuwi apa, lan sapa sing dipilih Yéhuwah dadi raja?

16 Kratoné Gusti Allah utawa Kratoné Sang Mèsih uga dadi bukti katresnané Yéhuwah marang manungsa. Kok isa? Yéhuwah wis milih Yésus dadi raja, merga nresnani manungsa lan pancèn cocog mréntah. (WB. 8:31) Banjur, wong 144.000 sing wis tau ngrasakké dadi manungsa, dipilih kanggo mréntah ing swarga. (Wy. 14:1) Wektu ing bumi, berita sing paling utama sing dicritakké Yésus yaiku Kratoné Gusti Allah. Yésus mulang para muridé kon ndonga, ”Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken. Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Mt. 6:9, 10) Awaké dhéwé ngentèni isiné donga kuwi bakal kelakon, wektu Kratoné Gusti Allah mberkahi manungsa.

17. Bandhingna pamréntahané Yésus karo pamréntahané manungsa.

17 Pamréntahané Yéhuwah lan pamréntahané manungsa kuwi béda banget. Pamréntahané manungsa njalari perang sing matèni wong akèh. Ning, wektu dadi raja, Yésus tenanan nresnani manungsa lan niru sipat-sipaté Gusti Allah, utamané katresnan. (Wy. 7:10, 16, 17) Yésus kandha, ”Hé, wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu. PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lan lembah ing budi, temahan kowé bakal padha olèh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapénak lan momotanKu iku ènthèng.” (Mt. 11:28-30) Pancèn kuwi janji sing nentremké ati.

18. (a) Bar taun 1914 ana kedadéan apa? (b) Apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

18 Alkitab ngandhani nèk Kratoné Gusti Allah mulai mréntah ing swarga taun 1914. Bar kuwi, anggotané 144.000 sing durung munggah swarga diklumpukké. ”Golonganing wong akèh” yaiku sing bakal urip ing pirdus ing bumi uga diklumpukké. (Wy. 7:9, 13, 14) Golonganing wong akèh kuwi cacahé pira? Gusti Allah péngin wong-wong iku nindakké apa? Jawabané bakal dirembug minggu ngarep.