Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Dhidhiken Bocah Enom Bèn Isa Dadi Abdiné Yéhuwah

Dhidhiken Bocah Enom Bèn Isa Dadi Abdiné Yéhuwah

”Gusti Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané apadéné saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.”LK. 2:52.

LAGU: 41, 11

1, 2. (a) Apa sing sok dikuwatirké wong tuwa? (b) Bocah-bocah isa nggunakké uripé kanggo ngapa?

WONG TUWA mesthiné seneng banget wektu ndelok anaké dibaptis. Anaké Berenice sing cacahé papat, kabèh dibaptis sakdurungé umur 14 taun. Dhèwèké kandha, ”Kuwi nrenyuhké ati tenan. Aku lan bojoku seneng banget, merga bocah-bocah gelem ngabdi marang Yéhuwah. Ning, aku ya ngerti nèk bocah-bocah bakal ngadhepi masalah.” Mbokmenawa panjenengan ya nguwatirké anak panjenengan sing saya mundhak gedhé.

2 Wong sing nliti bab kejiwaané bocah kandha nèk ngadhepi bocah sing saya mundhak gedhé kuwi ora gampang. Wong tuwa kuduné ora nganggep bocah kuwi isih cilik terus. Bocah sing saya mundhak gedhé kuwi akèh akalé, perasaané molah-malih, lan péngin dolan karo kanca-kancané. Senajan ngono, anak panjenengan tetep isa kekancan akrab karo Yéhuwah, kaya Yésus pas cilik. (Wacanen Lukas 2:52.) Bocah kuwi isa saya apik nginjilé, lan semangat ngabdi marang Yéhuwah. Bocah kuwi uga isa nggawé keputusan dhéwé, contoné péngin dibaptis lan manut karo Yéhuwah. Ning, piyé carané ndhidhik bocah sing saya mundhak gedhé kuwi bèn dadi abdiné Yéhuwah? Awaké dhéwé isa niru Yésus wektu mulang para muridé nganggo rasa tresna, sipat andhap asor, lan pangertèn.

KUDU NRESNANI

3. Kok para rasulé Yésus ngerti nèk dianggep kanca karo Yésus?

3 Yésus ora mung majikané para rasulé, ning uga dadi kanca. (Wacanen Yokanan 15:15.) Jaman mbiyèn, majikan ora gelem crita-crita karo abdiné bab pikiran lan perasaané. Ning, Yésus ora nganggep para rasulé kuwi abdi. Yésus nresnani lan nggunakké wektu karo para rasulé. Yésus seneng crita bab pikiran lan perasaané. Yésus uga ngrungokké wektu para rasulé crita bab pikiran lan perasaané. (Mk. 6:30-32) Merga kerep ngomongké kuwi, Yésus lan para rasulé dadi kanca akrab, lan kuwi isa mbantu para rasulé siap nindakké tugas mbésuké.

4. Piyé wong tuwa isa dadi kancané anaké? (Deloken gambar ing kaca 13.)

4 Senajan nduwé wewenang, panjenengan isa dadi kancané anak panjenengan. Wong kekancan kuwi nggunakké wektu bareng-bareng. Mbokmenawa panjenengan isa ngurangi wektu kerja utawa kegiyatan liyané, bèn isa luwih akèh nggunakké wektu karo anak. Kuwi kudu didongakké lan dipikir tenanan. Wong kekancan kuwi biyasané nyenengi bab sing padha. Golèka ngerti musik, film, utawa olahraga sing disenengi anak. Coba panjenengan uga nyenengi sing padha. Ilaria saka Italia kandha, ”Wong tuwaku ya seneng musik sing tak senengi. Bapakku dadi kanca akrabku, lan aku isa crita apa waé, klebu bab sing ruwed.” Senajan dadi kanca akrab lan mbantu anak panjenengan dadi kancané Yéhuwah, panjenengan ora bakal kélangan wewenang dadi wong tuwa. (Ms. 25:14) Anak panjenengan bakal ngrasakké nèk ditresnani lan diajèni. Bocah-bocah kuwi isa dadi luwih gampang crita bab apa waé karo panjenengan.

5. Kok isa para muridé Yésus bakal seneng nèk nindakké tugas saka Yéhuwah?

5 Yésus ngerti, nèk para muridé semangat nginjil lan ngabdi marang Yéhuwah, para muridé bakal seneng. Dadi, Yésus mènèhi semangat bèn para muridé tenanan nginjil. Yésus uga janji nèk bakal mbantu para muridé.Mt. 28:19, 20.

6, 7. Ngajari anak bèn ajeg mèlu acara ibadah kuwi bukti nèk panjenengan nresnani dhèwèké. Apa sebabé?

6 Panjenengan mesthi péngin anak panjenengan cedhak karo Yéhuwah. Panjenengan diwènèhi wewenang karo Yéhuwah kanggo ndhidhik bocah kuwi. (Éf. 6:4) Mula, panjenengan kudu yakin nèk bocah kuwi wis didhidhik tenan. Coba dipikir, panjenengan mesthiné nyekolahké anak panjenengan, merga kuwi penting lan ana gunané kanggo dhèwèké. Semono uga, panjenengan ngupaya bèn bocah kuwi mèlu pakumpulan ibadah, kebaktian, lan ibadah sak keluarga, merga piwulang saka Yéhuwah kuwi isa nylametké uripé. Mula, bocah kuwi kudu dibantu bèn seneng sinau bab Yéhuwah, lan percaya nèk Yéhuwah bakal ndadèkké dhèwèké wicaksana. (WB. 24:14) Panjenengan uga isa ngajari bèn bocah kuwi ajeg nginjil. Panjenengan isa niru contoné Yésus wektu mbantu bocah kuwi mulang Alkitab karo wong liya.

7 Piyé carané acara ibadah kaya sinau Alkitab, mèlu pakumpulan ibadah, lan nginjil isa mbantu anak panjenengan? Erin saka Afrika Selatan kandha, ”Wektu cilik, aku sok rèwèl lan sambat nèk diajak sinau Alkitab, teka ing pakumpulan ibadah, lan nginjil. Kadhang kala, aku sengaja nggolèk perkara pas sinau Alkitab karo keluarga, bèn isa ora mèlu acara kuwi. Ning, wong tuwaku ora gelem nuruti.” Erin maturnuwun banget karo wong tuwané, merga dibantu bèn isa ngajèni acara ibadah. Saiki, nèk dhèwèké ndilalah ora isa mèlu pakumpulan ibadah utawa nginjil, dhèwèké mesthi ngupaya bèn isa mèlu manèh.

KUDU ANDHAP ASOR

8. (a) Apa buktiné nèk Yésus andhap asor? (b) Para muridé isa sinau apa saka tuladhané Yésus?

8 Senajan sampurna, Yésus andhap asor lan kandha karo para muridé nèk dhèwèké butuh bantuané Yéhuwah. (Wacanen Yokanan 5:19.) Apa kuwi nggawé para muridé dadi ora ngajèni Yésus? Ora. Saya ngerti nèk Yésus ngendelké Yéhuwah, para muridé malah saya percaya karo Yésus. Para muridé banjur niru sipaté Yésus sing andhap asor.PR. 3:12, 13, 16.

9. Apa sing isa ditiru anak panjenengan wektu ngerti nèk panjenengan gelem ngakoni salah lan njaluk ngapura?

9 Ora kaya Yésus, awaké dhéwé ora sampurna lan isa gawé salah. Mula, dadia andhap asor. Panjenengan kudu ngakoni nèk akèh sing ora isa ditindakké, lan kudu gelem ngakoni salah. (1 Yo. 1:8) Kuwi bakal ditiru anak panjenengan. Dhèwèké ya bakal gelem ngakoni salahé, lan bakal luwih ngajèni panjenengan. Kira-kira panjenengan bakal luwih ngajèni sapa? Bos sing gelem ngakoni salahé, utawa sing ora tau njaluk ngapura? Rosemary sing nduwé anak telu kandha nèk dhèwèké lan bojoné gelem ngaku, wektu nggawé salah. Dhèwèké kandha, ”Kuwi sing marahi anak-anakku gelem crita nèk nduwé masalah. Aku lan bojoku ngandhani carané ngrampungi masalah. Nèk bocah-bocah butuh dibantu, tak bantu nganggo wacan saka Alkitab lan ndonga bareng.”

10. Kok Yésus isa disebut andhap asor wektu mènèhi préntah para muridé?

10 Yésus nduwé wewenang kanggo ngatur sing kudu ditindakké muridé. Ning merga andhap asor, Yésus kerep nerangké apa sebabé para muridé kudu nindakké préntahé. Contoné, Yésus ora mung ngandhani bèn muridé ndhisikké kersané Gusti Allah, ning uga kandha, ”Nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé.” Wektu ngandhani bèn ora ngarani wong sakpénaké dhéwé, Yésus nerangké alesané,”Supaya kowé iku aja katetepaké alamu. Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu.”Mt. 6:31–7:2.

11. Bocah-bocah bakal ngerti apa nèk panjenengan nerangké alesané nggawé aturan utawa keputusan?

11 Nèk isa, terangna karo anak panjenengan alesané panjenengan nggawé aturan utawa keputusan. Nèk ngerti alesané, bocah kuwi bakal manut. Barry sing anaké cacahé papat ing Afrika Selatan kandha, ”Nèk ngandhani alesané, bocah-bocah bakal percaya karo panjenengan.” Bocah-bocah bakal ngerti nèk panjenengan nggawé aturan utawa keputusan ora mung merga panjenengan nduwé wewenang, ning merga aturan utawa keputusan kuwi apik. Anak panjenengan dudu cah cilik manèh. Bocah-bocah kuwi wis isa mikir, lan péngin nggawé keputusan dhéwé. (Rm. 12:1) Barry ngomong, ”Bocah-bocah kuduné ngupaya nggawé keputusan sing bener, sing ana alesané dudu merga perasaan waé. (Ms. 119:34) Mula, dadia andhap asor lan terangna alesané panjenengan nggawé keputusan. Kuwi isa mbantu dhèwèké nggawé keputusan dhéwé. Dhèwèké uga bakal ngerti nèk panjenengan ngajèni lan nganggep dhèwèké dudu cah cilik manèh.

KUDU PANGERTÈN

12. Merga nduwé pangertèn, piyé carané Yésus mbantu Pétrus?

12 Yésus ngerti tenan apa sing dibutuhké para muridé. Contoné, wektu Yésus ngandhani nèk bakal dipatèni, Pétrus kandha nèk kuwi aja nganti kedadéan. Yésus ngerti nèk ditresnani Pétrus, ning ya ngerti nèk pikirané Pétrus mau salah. Piyé carané Yésus mbantu Pétrus lan murid liyané? Sing sepisan, Yésus ngandhani Pétrus nèk pikirané salah. Terus, Yésus nerangké apa éntuk-éntukané wong sing ora gelem nindakké kersané Yéhuwah merga kuwi angèl. Yésus uga kandha nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong sing ora mentingké awaké dhéwé. (Mt. 16:21-27) Pétrus ngetrapké piwulang kuwi.1 Pt. 2:20, 21.

13, 14. (a) Apa tandhané nèk anak panjenengan perlu dikuwatké imané? (b) Piyé carané bèn ngerti bantuan apa sing dibutuhké anak panjenengan?

13 Panjenengan isa ndonga karo Yéhuwah njaluk bèn isa ngerti tenan kebutuhané anak panjenengan. (Ms. 32:8) Wektu panjenengan nggatèkké nèk anak panjenengan kétok susah, utawa ngomongké sing èlèk bab sedulur liya, mbokmenawa panjenengan krasa nèk dhèwèké ana masalah sing ora diomongké. Aja cepet-cepet mikir nèk anak panjenengan nggawé salah ning ora gelem ngomong. * Ning, kuwi aja dianggep sepélé utawa ora penting. Malah, mbokmenawa imané perlu dikuwatké.

Bocah-bocah perlu dibantu bèn isa nduwé kanca-kanca sing apik ing jemaat (Deloken paragraf 14)

14 Bèn isa mbantu, panjenengan isa takon alon-alon lan aja kasar. Kuwi kaya ngangsu banyu saka sumur. Nèk diangsu cepet-cepet, banyuné bakal wutah-wutah. Semono uga, nèk panjenengan ora sabar wektu takon lan meksa kon jawab, dhèwèké ora bakal crita bab pikiran lan perasaané. (Wacanen Wulang Bebasan 20:5.) Ilaria éling mbiyèn pas isih bocah, dhèwèké péngin nggunakké akèh wektu karo kancané sekolah, ning dhèwèké ngerti nèk kuwi salah. Wong tuwané nggatèkké sing dirasakké Ilaria. Dhèwèké kandha, ”Soré-soré wong tuwaku ngomong nèk ndelok aku lagi sedhih. Aku ditakoni apa masalahé. Aku nangis, nerangké sing tak alami, lan njaluk bantuan. Aku dikekep, lan aku dikandhani nèk wong tuwaku isa ngerti perasaanku. Wong tuwaku ya janji nèk arep mbantu aku.” Wong tuwané Ilaria cepet-cepet mbantu bèn anaké nduwé kanca-kanca sing apik ing jemaat.

15. Ana conto apa saka Yésus wektu ndelok sipat apiké wong liya?

15 Yésus ya nduwé pangertèn wektu nggatèkké sipat-sipat apiké para muridé. Contoné, wektu ngerti nèk Yésus saka Nasarèt, Natanaèl kandha, ”Saka Nasarèt apa ana barang kang becik?” (Yo. 1:46) Nèk ana ing kono, apa panjenengan bakal mikir nèk Natanaèl nduwé pikiran èlèk utawa ora nduwé iman? Yésus ora mikir ngono, malah ngerti nèk Natanaèl kuwi wong jujur. Yésus kandha, ”Lah, iku wong Israèl sajati, kang ora kadunungan cidra.” (Yo. 1:47) Yésus isa maca ati, lan kuwi dinggo ndelok sipat apiké wong liya.

16. Piyé carané nyemangati anak bèn nindakké sing bener?

16 Senajan ora isa maca ati kaya Yésus, panjenengan uga isa nduwé pangertèn. Yéhuwah isa mbantu panjenengan ndelok sipat apiké anak panjenengan. Nèk bocah kuwi nggawé panjenengan sedhih, aja kandha nèk dhèwèké bocah ora nggenah utawa seneng golèk perkara. Aja pisan-pisan mikir ngono. Ning, malah kudu kandha karo dhèwèké nèk dhèwèké nduwé sipat sing apik, lan panjenengan yakin nèk dhèwèké péngin nindakké sing bener. Gatèkna wektu dhèwèké ngupaya nindakké sing bener lan bocah kuwi isa dialem. Nèk perlu, wènèhana tanggung jawab bèn isa nduduhké sipat sing apik kuwi. Kuwi sing ditindakké Yésus marang para muridé. Siji setengah taun sakwisé kenal Natanaèl (Bartoloméus), Yésus mènèhi tanggung jawab Natanaèl dadi rasul, lan tugas kuwi tenanan ditindakké Natanaèl. (Lk. 6:13, 14; PR. 1:13, 14) Panjenengan isa ngalem lan nyemangati anak panjenengan, aja rumangsa nèk sing ditindakké bocah kuwi ora tau ana beneré. Panjenengan isa nggawé dhèwèké rumangsa isa nyenengké panjenengan lan Yéhuwah, lan nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

PANJENENGAN BAKAL SENENG NÈK ISA NDHIDHIK ANAK

17, 18. Apa éntuk-éntukané nèk panjenengan ndhidhik anak panjenengan bèn isa ngabdi marang Yéhuwah?

17 Mbokmenawa panjenengan ngerti perasaané Paulus. Dhèwèké sok kuwatir karo wong-wong sing wis dianggep anaké dhéwé. Wong-wong kuwi wis tau dibantu sinau bab Yéhuwah, lan ditresnani tenan karo Paulus. Dhèwèké mesthiné sedhih banget wektu ana sing ora ngabdi marang Yéhuwah manèh. (1 Kr. 4:15; 2 Kr. 2:4) Viktor sing anaké telu kandha, ”Nggedhèkké anak kuwi ora gampang, saya manèh nèk wis gedhé. Masalah sing kudu diadhepi saya akèh. Ning, merga bantuané Yéhuwah, aku isa kekancan akrab karo anak-anakku.”

18 Wong tuwa ngupaya tenanan ndhidhik anak-anak merga tresna. Kuwi kudu terus diupayakké. Coba dipikir kaya apa senengé nèk ndelok anak panjenengan nggawé keputusan ngabdi marang Yéhuwah saklawasé.3 Yo. 4.

^ par. 13 Wong tuwa isa dibantu nganggo buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1, kaca 317, lan Jilid 2, kaca 136-141.