Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Nresnani Wong Liya Kaya Nresnani Panjenengan Dhéwé?

Apa Panjenengan Nresnani Wong Liya Kaya Nresnani Panjenengan Dhéwé?

”Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.”MT. 22:39.

LAGU: 25, 36

1. Yéhuwah lan Yésus nduwé sipat apa? Lan, awaké dhéwé isa percaya apa?

KATRESNAN iku sipat utamané Yéhuwah. (1 Yo. 4:16) Yésus Kristus, sing sepisanan digawé Yéhuwah, wis manggon milyaran taun ing swarga karo bapaké. Yésus sinau bab katresnané Yéhuwah. (Kl. 1:15) Sakjegé urip, Yésus nduduhké katresnan sing padha ing swarga lan ing bumi. Mula, awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah lan Yésus mréntah nganggo dhasar rasa tresna.

2. Préntah apa sing kudu dituruti?

2 Wektu ana sing takon karo Yésus bab préntah endi sing paling penting, Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.”Mt. 22:37-39.

3. Sapa sing dimaksud ”sapepadha” utawa wong liya kuwi?

3 Nduduhké katresnan marang wong liya kuwi penting banget. Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu nresnani Yéhuwah lan wong liya. Ning, sapa sing dimaksud ”sapepadha” utawa wong liya kuwi? Nèk wis nduwé bojo, kuwi tegesé bojoné. Nèk ing jemaat yakuwi tegesé para sedulur seiman. Lan nèk wektu nginjil kuwi klebu wong-wong sing ditemoni. Ing artikel iki awaké dhéwé bakal ngerti carané nduduhké katresnan marang wong liya.

NRESNANI BOJO

4. Senajan ora sampurna, piyé urip bebojoan isa nyenengké?

4 Yéhuwah sing ndadèkké Kawa dadi bojoné Adam. Kuwi urip bebojoan sing sepisanan. Gusti Allah péngin urip bebojoané Adam lan Kawa nyenengké, lan isa nduwé anak-putu bèn ngebaki bumi. (Pd. 1:27, 28) Ning, merga ora manut karo Yéhuwah, urip bebojoané dadi bubrah, lan kabèh anak-putuné dosa banjur mati. (Rm. 5:12) Ning, sakjané urip bebojoan kuwi isa nyenengké saiki. Ing Alkitab, Yéhuwah wis maringi tuntunan kanggo urip bebojoan.Wacanen 2 Timotéus 3:16, 17.

5. Sepira pentingé katresnan ing urip bebojoan?

5 Alkitab kandha nèk katresnan lan welas asih kuwi penting banget wektu nduwé hubungan karo wong liya, klebu ing urip bebojoan. Rasul Paulus nyritakké bab katresnan sing sejati, ”Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumèrèn, ora gumunggung lan kumenthus. Katresnan iku ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan. Katresnan iku ora bungah awit saka anané tumindak kang ora adil, nanging kayektèn kang mbungahaké. Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang. Katresnan iku ora ana entèké.” (1 Kr. 13:4-8) Nèk mikirké lan nindakké omongané Paulus, urip bebojoan bakal nyenengké.

Alkitab ngandhani carané urip bebojoan sing nyenengké (Deloken paragraf 6, 7)

6, 7. (a) Apa kandhané Alkitab bab sesirahan utawa wewenangé wong lanang? (b) Wong lanang kudu piyé karo bojoné?

6 Yéhuwah wis nemtokké sapa sing mimpin keluarga. Paulus kandha, ”Nanging karepku, kowé padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahé sabèn wong lanang iku Sang Kristus, déné sesirahé wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahé Sang Kristus iku Gusti Allah.” (1 Kr. 11:3) Yéhuwah péngin wong lanang dadi bojo sing nresnani keluargané, ora kasar utawa kejem. Senajan wewenangé paling gedhé, Yéhuwah apikan lan ora tau mentingké awaké dhéwé. Mula, Yésus ngajèni wewenangé Gusti Allah sing kebak katresnan iku. Yésus kandha, ”Aku tresna marang Sang Rama.” (Yo. 14:31) Yésus ora bakal nresnani Yéhuwah, nèk Yéhuwah tumindaké kasar utawa kejem.

7 Senajan wong lanang kuwi sesirahé wong wédok, Alkitab kandha nèk wong lanang kudu ngajèni bojoné. (1 Pt. 3:7) Piyé carané? Wong lanang nggatèkké kebutuhané bojoné lan ngajèni sing disenengi bojoné. Alkitab kandha, ”Hé para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadéné Sang Kristus anggoné wus ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané marga saka pasamuwan iku.” (Éf. 5:25) Yésus ngurbanké nyawané kanggo para muridé. Nèk wong lanang gelem niru Yésus, bojoné luwih gampang nresnani dhèwèké lan ngajèni keputusané.Wacanen Titus 2:3-5.

NRESNANI PARA SEDULUR SEIMAN

8. Kuduné piyé perasaané awaké dhéwé marang para sedulur seiman?

8 Saiki, akèh wong-wong ing salumahing bumi ngibadah marang Yéhuwah. Kuduné piyé perasaané awaké dhéwé marang para sedulur seiman? Alkitab kandha, ”Ayo padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.” (Gl. 6:10; wacanen Rum 12:10.) Rasul Pétrus nulis nèk ”pambangun-turut marang kayektèn” kudu kétok saka ”katresnan ing pasaduluran” sing sejati. Pétrus uga kandha marang para muridé Yésus, ”Kang prelu dhéwé padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan.”1 Pt. 1:22; 4:8.

9, 10. Apa sebabé umaté Allah isa rukun?

9 Ora ana sing isa kaya pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya. Apa sebabé? Merga awaké dhéwé nduwé tresna sing sejati marang sedulur seiman. Lan sing paling penting, merga awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan manut karo préntahé, uga merga Yéhuwah wis maringi kekuwatané sing paling ampuh yaiku roh suciné. Roh suci kuwi sing isa nggawé para sedulur seiman sak donya padha rukun.Wacanen 1 Yokanan 4:20, 21.

10 Rasul Paulus nerangké luwih cetha nèk katresnan ing antarané murid Yésus kuwi dibutuhké banget. Paulus kandha, ”Kowé kuwi padha umaté Gusti Allah. Panjenengané ngasihi kowé lan milih kowé dadi kagungané. Mulané padha duwéa watak welasan, sumanak, andhap-asor, lembah-manah lan sabar. Padha tulung-tinulunga lan apura-ingapuraa, samasa panunggalanmu ana sing duwé rasa ora kepénak atiné. Kowé kudu apura-ingapura, kaya patrapé Gusti ngapura kowé. Malah isih kokwuwuhana menèh katresnan, awit katresnan kuwi nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna.” (Kl. 3:12-14, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Mesthiné awaké dhéwé matur nuwun merga anané ”katresnan [sing] nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna” ing antarané umat Allah, senajan béda-béda asalé.

11. Pakumpulané Gusti Allah isa dititèni saka apa?

11 Agama sing bener kuwi kétok saka umaté sing nduwé tresna sing sejati lan rukun. Yésus kandha, ”Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yèn kowé padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowé padha tresna-tinresnan.” (Yo. 13:34, 35) Rasul Yokanan nulis, ”Bédané putrané Allah lan anaké Iblis kuwi mengkéné: Sing sapa ora nglakoni kersané Allah, utawa ora nresnani seduluré, kuwi dudu putrané Allah. Pawarta sing padha kokrungu wiwit-wiwitan mula, yakuwi: Supaya kita padha tresna-tinresnan.” (1 Yo. 3:10, 11, BJP) Tresna lan rukun nduduhké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi muridé Yésus sing sejati, sing martakké Injil ing salumahing bumi.Mt. 24:14.

NGLUMPUKKÉ ”GOLONGANING WONG AKÈH”

12, 13. Apa sing ditindakké ”golonganing wong akèh” ing jaman saiki, lan apa sing bakal dialami wong-wong kuwi ora suwé manèh?

12 Akèh-akèhé abdiné Yéhuwah ing jaman saiki, klebu ”golonganing wong akèh” asalé saka panggonan béda-béda, sing ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Wong-wong kuwi ”luwar saka ing sangsara gedhé sarta wus padha ngumbah jubahé nganti putih ing rahé Sang Cempé,” merga nduwé iman marang tebusané Yésus. Wong-wong sing klebu ”golonganing wong akèh” kuwi nresnani Yéhuwah lan putrané, uga ngibadah marang Yéhuwah ”rina-wengi”.Wy. 7:9, 14, 15.

13 Ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat saka donya iki ing ”kasusahan sing gedhé banget”. (Mt. 24:21, BJP; wacanen Yérémia 25:32, 33.) Ning merga nresnani umaté, Yéhuwah bakal ngayomi lan nuntun para abdiné bèn isa mlebu ing Pirdus. Kaya sing wis dijanjèkké kira-kira 2.000 taun kepungkur, ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.” Apa panjenengan péngin banget urip ing Pirdus sakwisé kabèh sing jahat, kasusahan, lan pati disingkirké?Wy. 21:4.

14. Apa buktiné golonganing wong akèh dadi saya akèh?

14 Wektu dina-dina pungkasan mulai ing taun 1914, mung ana pirang-pirang éwu abdiné Gusti Allah sing bakal munggah swarga. Merga nresnani wong liya lan dibantu roh suciné Gusti Allah, wong-wong kuwi isa martakké Injil senajan ngalami kasusahan. Apa éntuk-éntukané? Wong-wong sing klebu golonganing wong akèh, sing bakal urip ing bumi, diklumpukké. Saiki ana kira-kira 8.000.000 Seksi Yéhuwah ing 115.400 jemaat sak donya, lan cacahé saya mundhak akèh. Contoné, luwih saka wong 275.500 dibaptis dadi Seksi Yéhuwah ing taun kagiyatan 2014. Kuwi tegesé ana wong 5.300 sing dibaptis saben minggu.

15. Piyé carané wong-wong isa krungu bab Injil?

15 Nggumunké banget nèk ndelok wong akèh wis padha krungu bab Injil. Saiki wacané Seksi Yéhuwah wis dicétak ing luwih saka 700 basa. Majalah sing dicétak paling akèh sak donya kuwi majalah Warta Penting. Saben sasi majalah iki dicétak luwih saka 52.000.000 majalah ing 228 basa. Lan, buku Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan? wis diterjemahké ing luwih saka 250 basa. Nganti saiki, buku kuwi wis dicétak luwih saka 200.000.000 buku.

16. Apa sebabé pakumpulané Yéhuwah mundhak saya gedhé?

16 Pakumpulané Seksi Yéhuwah isa saya mundhak gedhé, merga nduwèni iman marang Gusti Allah lan Alkitab. (1 Ts. 2:13) Umaté Allah tetep diberkahi Yéhuwah senajan dijahati Iblis.2 Kr. 4:4.

TERUS NRESNANI LIYANÉ

17, 18. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nduwé perasaan apa marang wong-wong sing dudu umaté?

17 Wong-wong nanggepi nganggo cara sing béda-béda. Ana sing gelem ngrungokké lan ana sing malah sengit nèk dikabari. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nduwé perasaan apa marang wong-wong sing dudu umaté? Ora masalah wong bakal nanggepi piyé, sing penting awaké dhéwé manut tuntunané Alkitab. Alkitab kandha, ”Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowé sumurup, kapriyé anggonmu bakal mangsuli pitakoné saben wong.” (Kl. 4:6) Saben mbélani kapracayané awaké dhéwé, kuwi kudu ditindakké ”diklawan alus lan andhap-asor” merga awaké dhéwé nresnani wong liya.1 Pt. 3:15.

18 Senajan wong-wong nesu lan ora gelem nampa wektu dikabari, awaké dhéwé mbuktèkké nèk nresnani wong-wong kuwi. Uga niru contoné Yésus, yaiku wektu Yésus ”dipisuhi, ora males misuh. Nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengané kang ngadili kanthi adil”. Malah, Yésus percaya marang Yéhuwah. (1 Pt. 2:23) Saben wektu, awaké dhéwé kudu nduduhké sipat andhap asor lan nindakké kandhané Alkitab, ”Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok baliné, kowé padha mberkahana.”1 Pt. 3:8, 9.

19. Awaké dhéwé kudu piyé karo wong-wong sing mungsuhi?

19 Sipat andhap asor isa mbantu awaké dhéwé manut karo pathokané Yésus. Yésus kandha, ”Kowé iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet, supaya kowé padha katitika, yèn dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethèkaké srengéngé marang wong ala lan wong becik, sarta nurunaké udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.” (Mt. 5:43-45) Merga awaké dhéwé iki abdiné Allah, kudu nresnani wong-wong sing mungsuhi.

20. Awaké dhéwé isa ngerti saka endi nèk wong-wong salumahing bumi bakal nresnani Yéhuwah lan wong liya? (Deloken gambar ing kaca 23.)

20 Saben wektu, awaké dhéwé kudu nduduhké nèk nresnani Yéhuwah lan wong liya. Senajan mbokmenawa ana sing njahati, awaké dhéwé kudu tetep nulungi nèk wong kuwi mbutuhké. Rasul Paulus nulis, ”Kowé aja padha duwé utang apa-apa marang sapa baé, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Torèt. Awit pangandika: aja laku jina, aja mematèni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhéngaha pangandika liyané iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé! Tresna iku ora nandukaké piala marang sapadha-padha, mulané katresnan iku katetepané angger-anggering Torèt.” (Rm. 13:8-10) Para abdiné Allah kudu nresnani wong liya senajan urip karo wong-wong jahat, kasar, lan ora rukun ing donya sing dikwasani Iblis. (1 Yo. 5:19) Sakwisé Yéhuwah nyingkirké Iblis, malaékat jahaté, lan wong jahat ing donya iki, wong-wong salumahing bumi bakal padha tresna siji lan sijiné. Kaya apa senengé mengko, nèk kabèh sing ana ing bumi padha nresnani Yéhuwah lan wong liya!