Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kratoné Gusti Allah Wis Satus Taun Mréntah

Kratoné Gusti Allah Wis Satus Taun Mréntah

”Déné Gusti Allahing tentrem-rahayu . . . mirantènana kowé kalawan samubarang kabèh kang becik kanggo nindakaké karsané.”IB. 13:20, 21.

LAGU: 136, 14

1. Sepira pentingé gawéan nginjil kanggoné Yésus? Terangna.

YÉSUS seneng nyritakké bab Kratoné Gusti Allah. Wektu ing bumi, Yésus luwih akèh nyritakké bab Kratoné Allah timbang bab liyané. Yésus ngrembug bab Kratoné Allah nganti ping 100 luwih wektu nginjil. Kratoné Allah bener-bener penting kanggoné Yésus.Wacanen Matéus 12:34.

2. Sapa waé sing ngrungokké préntahé Yésus sing dicathet ing Matéus 28:19, 20, lan apa buktiné?

2 Ora suwé sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni para muridé sing cacahé luwih saka 500. (1 Kr. 15:6) Mbokmenawa kedadéan kuwi padha wektuné pas Yésus mènèhi préntah kanggo nginjil karo ”sakabèhing bangsa”. Gawéan nginjil iki ora gampang. * Yésus ngandhani nèk gawéan nginjil iki bakal terus ditindakké, malah ”nganti tumeka ing wekasaning jaman”. Wektu martakké kabar apik saiki, jan-jané panjenengan mèlu ndhukung bèn ramalané kelakon.Mt. 28:19, 20.

3. Samubarang kang becik kuwi ana telu. Apa waé?

3 Sakwisé mènèhi préntah kanggo nginjil, Yésus kandha, ”Aku tansah nunggal karo kowé.” (Mt. 28:20) Dadi, Yésus njamin nèk para muridé bakal dituntun lan dibantu wektu nginjil ing saklumahing bumi. Yéhuwah uga nuntun awaké dhéwé. Yéhuwah bakal maringi ”samubarang kabèh kang becik” kanggo mbantu awaké dhéwé nginjil. (Ib. 13:20, 21) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembung samubarang kang becik kuwi: (1) sarana kanggo nginjil, (2) carané nginjil, lan (3) sekolah kanggo mbantu bèn trampil nginjil. Saiki, ayo dipikirké sarana apa waé sing wis digunakké umaté Yéhuwah saksuwéné 100 taun iki.

SARANA KANGGO NGINJIL

4. Piyé sarana werna-werna kuwi isa mbantu gawéan nginjil?

4 Yésus mbandhingké Kratoné Allah kuwi kaya wiji sing ditandur ing lemah sing béda-béda. (Mt. 13:18, 19) Kanggo nggarap lemah, tukang kebon nggunakké alat werna-werna. Semono uga, awaké dhéwé dikèki akèh sarana kanggo mbantu bèn wong-wong nampa kabar apik. Ana sarana sing dinggo mung sedhéla, ning ana sing dinggo nganti saiki. Ning, kabèh sarana kuwi mbantu awaké dhéwé tambah trampil nginjil.

5. Apa kertu kanggo nginjil kuwi, lan piyé kuwi biyasané dinggo?

5 Taun 1933 para penginjil mulai nggunakké kertu kanggo nginjil bèn isa mulai rembugan. Kertu kuwi ukurané cilik lan isiné ayat Alkitab sing cekak. Nèk nggawé kertu anyar, ayaté ya béda-béda. Sedulur Erlenmeyer sepisanan nggunakké kertu iki wektu umur 10 taun. Dhèwèké kandha, ”Carané mbukak rembugan biyasané, ’Apa panjenengan gelem maca kertu iki?’ Sakwisé sing nduwé omah maca kertu kuwi, aku isa nawakké wacan banjur neruské anggoné nginjil.”

6. Apa manèh gunané kertu kanggo nginjil?

6 Kertu iki uga isa mbantu para penginjil sing isinan, utawa sing péngin nginjil ning bingung apa sing arep diomongké. Ana penginjil liyané sing kewanèn. Penginjil kuwi arep nerangké akèh katrangan ing wektu sing sedhéla waé, ning cara iki ora cocog. Kertu iki isa mbantu kabèh penginjil dadi luwih gampang nginjil.

7. Piyé tanggepané wong-wong wektu dikabari nganggo kertu iki?

7 Ning, ana wong-wong sing tanggepané ora apik. Sedulur Grace Estep kandha, ”Kadhang kala, aku ditakoni, ’Maksudé apa, ta? Mbok langsung ngomong waé!’” Ana wong-wong sing ora isa maca kertu kuwi, ana sing ditampa thok banjur nutup lawang, malah ana sing disuwèk-suwèk merga ora seneng beritané. Senajan ngono, kertu iki mbantu para penginjil martakké kabar apik marang wong liya, lan isa nduduhké nèk dhèwèké penginjilé Kratoné Allah.

8. Piyé carané fonograf dinggo nginjil? (Deloken gambar ing kaca 28.)

8 Sarana liya sing digunakké mulai taun 1930 yaiku fonograf utawa gramafon sing isa digawa-gawa. Ana sing ngarani fonograf kuwi Harun, merga alat kuwi sing ngomong. (Wacanen Pangentasan 4:14-16.) Nèk sing dikabari gelem ngrungokké, penginjil kuwi banjur nyetèlké ceramah Alkitab lan nawakké wacan. Wis tau ana sak keluarga gelem ngrungokké bareng. Taun 1934, Pakumpulan Watch Tower mulai nggawé fonograf kusus kanggo nginjil. Para sedulur malahan isa ngrekam 92 ceramah Alkitab sing judhulé béda-béda.

9. Apa hasilé merga nggunakké fonograf kanggo nginjil?

9 Wektu Hillary Goslin ngrungokké salah sijiné rekaman ceramah, dhèwèké banjur nyilih fonograf kuwi seminggu bèn isa nginjil karo tanggané. Akhiré, ana sing gelem sinau Alkitab lan dibaptis. Malahan, anak-anaké wédok sedulur Goslin sing cacahé loro, diundang mèlu sekolah Giléad lan dadi utusan injil. Fonograf padha kaya kertu kanggo nginjil, isa mbantu umaté Yéhuwah bèn isa nginjil. Banjur, Yéhuwah mulang umaté bèn trampil nginjil nganggo acara Sekolah kanggo Mulang Alkitab.

CARA WERNA-WERNA KANGGO NGINJIL

10, 11. Piyé koran lan radio dinggo nginjil, lan apa sebabé cara kuwi cocog?

10 Yésus nuntun umaté Yéhuwah nggunakké cara werna-werna kanggo nginjil. Cara-cara kuwi penting utamané nèk cacahé penginjil mung sithik. (Wacanen Matéus 9:37.) Contoné nganggo koran. Saben minggu Sedulur Russell ngirim ceramah Alkitab ing kantor sing nyétak koran. Banjur, ceramah kuwi dikirim ing kantor-kantor sing nyétak koran ing negara Kanada, Éropa, lan Amerika Serikat. Taun 1913 ceramahé Sedulur Russell dicétak ing 2.000 koran lan diwaca kurang luwih wong 15.000.000.

11 Radio uga cocog kanggo nginjil. Tanggal 16 April 1922 Sedulur Rutherford sepisanan ceramah ing radio, lan kira-kira wong 50.000 sing ngrungokké. Banjur, umaté Allah nggunakké stasiun radio dhéwé sing disebut WBBR, lan program acara sing sepisanan dirungokké tanggal 24 Februari 1924. Watch Tower 1 Desember 1924 kandha, ”Umaté Yéhuwah percaya nèk radio kuwi cara sing murah lan cocog kanggo nginjil dibandingké cara sak durungé.” Kaya koran, radio uga isa mbantu nginjil ing dhaérah sing cacahé penginjil mung sithik.

Akèh penginjil seneng nginjil ing panggonan umum lan ngandhani situs wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah (Deloken paragraf 12, 13)

12. (a) Panjenengan paling seneng nginjil ing endi? (b) Apa sing mbantu awaké dhéwé bèn ora wedi nginjil ing panggonan umum?

12 Cara liyané sing cocog yaiku nginjil ing panggonan umum. Ana sing nginjil ing halte, stasiun, lan parkiran. Liyané nginjil ing kantor, alun-alun, lapangan, toko, lan pasar. Apa nginjil ing panggonan umum marahi panjenengan deg-degan? Nèk ngono, donga isa mbantu. Coba dipikir kandhané Sedulur Manera sing dadi pinituwané wilayah, ”Aku nganggep saben cara nginjil sing anyar kuwi cara liyané kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi uga cara kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé setya lan nduwé iman sing kuwat, lan mbuktèkké nèk lila ngabdi nganggo cara apa waé sing dikersakké Yéhuwah.” Wektu nyoba cara nginjil sing anyar lan ora wedi nginjil, kuwi tegesé awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah lan dadi penginjil sing luwih apik.Wacanen 2 Korinta 12:9, 10.

13. Apa sebabé nggunakké jw.org cocog kanggo nginjil, lan apa ana pengalaman panjenengan bab kuwi?

13 Akèh penginjil sing seneng nduduhké situs wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah, yaiku jw.org. Ing situs iki akèh wacan Alkitab sing isa diwaca lan diundhuh nganggo luwih saka 700 basa. Saben sasi ana wong 1,6 yuta sing mbukak situs iki. Mbiyèn, radio dinggo nginjil ing dhaérah plosok. Ning, saiki situs jw.org sing dinggo.

SEKOLAH-SEKOLAH KANGGO NGINJIL

14. Sekolah kaya apa sing dibutuhké para penginjil, lan sekolah apa sing isa mbantu bèn dadi guru sing trampil?

14 Sarana lan cara kanggo nginjil sing dirembug mau pancèn cocog. Ning, para penginjil butuh sekolah bèn isa trampil nginjil. Contoné, ana wong-wong sing dikabari ora setuju karo apa sing dirungokké ing fonograf. Ning, ana sing gelem sinau Alkitab. Para penginjil perlu ngerti cara sing cocog wektu nanggepi wong sing durung péngin sinau Alkitab, lan dadi guru Alkitab sing luwih trampil. Wong-wong kuwi padha percaya nèk kuwi kabèh bantuané roh suci. Sedulur Knorr ngerti nèk para penginjil perlu dilatih carané nginjil sing apik. Mula, mulai taun 1943 ana Sekolah kanggo Mulang Alkitab ing jemaat-jemaat. Sekolah iki mbantu kabèh bèn dadi guru sing trampil.

15. (a) Ana pengalaman apa waé bab wong-wong sing éntuk tugas ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab? (b) Piyé janjiné Yéhuwah sing ditulis Jabur 32:8 kelakon ing urip panjenengan?

15 Ana akèh sedulur sing ora biasa ngomong ing ngarepé wong akèh. Sedulur Ramu crita bab ceramahé sing sepisanan ing taun 1944. Ceramah kuwi bab wong sing jenengé Doèg, sing ana ing Alkitab. Dhèwèké kandha, ”Sikil, tangan lan untuku ndhredheg. Kuwi pengalamanku sing sepisanan ing mimbar.” Senajan ora gampang, bocah-bocah uga isa éntuk tugas ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Sedulur Manera nyritakké wektu ana bocah lanang sing sepisanan maju ing ngarep. ”Dhèwèké deg-degan wektu mulai ceramah, banjur ujug-ujug nangis. Ning, dhèwèké tetep péngin ceramah, dadi ceramahé karo nangis.” Mbokmenawa, panjenengan ora wani urun rembug ing pakumpulan ibadah merga isin utawa rumangsa ora isa. Nèk ngono, njaluka tulung Yéhuwah bèn wani. Yéhuwah bakal mbantu panjenengan kaya mbantu wong-wong sing lagi anyaran mèlu Sekolah kanggo Mulang Alkitab mau.Wacanen Jabur 32:8.

16. Apa tujuané Sekolah Giléad?

16 Pakumpulané Yéhuwah uga nyedhiyakké Sekolah Giléad. Salah siji tujuané yaiku mbantu para siswa bèn terus péngin nginjil. Sekolah kuwi dimulai taun 1943 lan wis ana 8.500 lulusan sing dikirim ing 170 negara. Mulai taun 2011 sing diundhang ing sekolah iki yaiku perintis istimewa, pinituwané wilayah, anggotané Bètel, lan utusan injil sing durung tau mèlu Giléad.

17. Apa gunané Sekolah Giléad?

17 Apa Sekolah Giléad ana gunané? Mesthiné iya. Contoné, sing dikirim ing negara Jepang. Sasi Agustus 1949 ora nganti 10 penginjil ing negara iku. Ning, akhir taun 1949 ana 13 utusan injil sing mbantu penginjil ing kono. Saiki, ana kira-kira 216.000 penginjil ing Jepang, lan separoné dadi perintis.

18. Sekolah liyané apa waé sing ana?

18 Ana sekolah-sekolah liyané, contoné Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat, Sekolah kanggo Perintis, Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah, Sekolah kanggo Pinituwané Wilayah lan Bojoné, lan Sekolah kanggo Panitya Cabang lan Bojoné. Sekolah-sekolah iki kebukti mbantu para sedulur nduwé iman sing kuwat. Kuwi bukti nèk Yésus terus nuntun umaté.

19. Apa kandhané Sedulur Russell bab gawéan nginjil, lan apa buktiné saiki?

19 Kratoné Gusti Allah wis mréntah luwih saka 100 taun. Saksuwéné iku Yésus Kristus terus ngarahké gawéan nginjil. Mbiyèn taun 1916, Sedulur Russell percaya nèk gawéan nginjil bakal ditindakké saklumahing bumi. Dhèwèké kandha, ”Gawéan iki cepet banget majuné, lan bakal terus maju. Merga kuwi gawéan sing ditindakké sak donya kanggo martakké ’Injil Kratoné Allah.’” (Faith on the March, sing ditulis A.H. Macmillan, kaca 69) Gawéan nginjil iki terus ana nganti saiki. Awaké dhéwé kudu matur nuwun karo Yéhuwah, Allah tentrem rahayu, sing wis maringi kabèh sing dibutuhké kanggo nindakké kersané.

^ par. 2 Kayané sebagéan murid mau dadi wong Kristen. Apa buktiné? Rasul Paulus nyebut wong-wong kuwi ”sadulur luwih saka 500”. Paulus banjur kandha, ”Kang akèh nganti sapréné isih padha urip, salong iya wus padha mati.” Paulus lan wong Kristen liyané kayané pancèn kenal karo wong-wong sing krungu langsung préntahé Yésus.