Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Alkitab sing Gampang Dingertèni

Alkitab sing Gampang Dingertèni

”Sabab pangandikané Gusti Allah iku gesang.”—IB. 4:12.

LAGU: 37, 43

1. Apa tugas saka Yéhuwah kanggo Adam? (b) Sakwisé kuwi, piyé umaté Gusti Allah nggunakké basa?

BASA kuwi hadiah saka Yéhuwah kanggo manungsa. Ing taman Éden, Yéhuwah maringi tugas Adam, yaiku kon njenengi kéwan-kéwan. Adam nggawé jeneng sing cocog kanggo kéwan-kéwan kuwi. (Pd. 2:19, 20) Sakwisé kuwi, umaté Gusti Allah nggunakké basa kanggo ngluhurké lan nyritakké bab Yéhuwah marang wong liya. Saiki, umaté Gusti Allah nggunakké basa kanggo nerjemahké Alkitab, bèn akèh wong isa sinau bab Yéhuwah.

2. (a) Dhasar-dhasar apa sing dinggo para anggotané New World Bible Translation Committee wektu nerjemahké? (b) Apa sing arep disinaoni saiki?

2 Senajan ana éwon terjemahan Alkitab, ana terjemahan sing luwih cocog karo tulisan asliné timbang liyané. Kanggo nerjemahké Alkitab sing cocog karo tulisan asliné, para sedulur sing dadi anggotané New World Bible Translation Committee, manut karo dhasar iki: (1) Ngluhurké jenengé Gusti Allah lan nggunakké jeneng kuwi manut tulisan asliné. (Wacanen Matéus 6:9.) (2) Nèk isa, nerjemahké saben tembung. Nèk ora isa, nerjemahké tegesé. (3) Nganggo basa sing gampang diwaca lan dingertèni. * (Wacanen Néhémya 8:9, 13.) Dhasar-dhasar iki wis dinggo para penerjemahé Alkitab New World Translation ing luwih saka 130 basa liya. Ing wulangan iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé dhasar-dhasar kuwi dinggo wektu nggawé lan nerjemahké Alkitab New World Translation sing anyar taun 2013.

ALKITAB SING NGLUHURKÉ JENENGÉ GUSTI ALLAH

3, 4. (a) Ing endi awaké dhéwé isa ndelok Tétragramaton? (b) Jenengé Gusti Allah diapakké ing akèh terjemahan Alkitab?

3 Jenengé Gusti Allah ditulis nganggo huruf Ibrani sing cacahé papat, sing disebut Tétragramaton. Awaké dhéwé isa ndelok Tétragramaton iki ing tulisan kuna Ibrani, contoné Gulungan Laut Mati. Uga ana Septuaginta Yunani sing ana tulisan Tétragramaton iki. Tulisan-tulisan iki ana sing digawé 200 taun sakdurungé Masèhi, lan uga 100 taun sakwisé Masèhi. Akèh wong padha gumun weruh jenengé Gusti Allah ing tulisan-tulisan kuna iki.

4 Cetha nèk jenengé Gusti Allah kudu ana ing Alkitab. Ning, akèh terjemahan Alkitab sing ora nggunakké jenengé Gusti Allah. Contoné, rong taun sakwisé Alkitab New World Translation of the Christian Greek Scriptures dicétak, Alkitab American Standard Version sing anyar uga dicétak. Édhisi taun 1901 nggunakké jenengé Gusti Allah, ning édhisi taun 1952 ora nganggo. Apa sebabé? Para penerjemah rumangsa nèk jenengé Gusti Allah ”ora pantes” digunakké. Akèh penerjemah liyané, sing nerjemahké ing basa Inggris utawa basa liyané uga tumindak padha.

5. Apa sebabé kudu nggunakké jenengé Gusti Allah ing Alkitab?

5 Apa dadi masalah nèk jenengé Gusti Allah ana ing Alkitab apa ora? Ya mesthi dadi masalah. Yéhuwah, Sing Ngarang Alkitab, péngin manungsa ngerti jenengé. Penerjemah sing apik kuduné ngerti, lan nggawé terjemahan sing cocog karo karepé sing ngarang. Akèh ayat ing Alkitab nduduhké nèk jenengé Gusti Allah kuwi penting, lan kudu diluhurké. (Pa. 3:15; Ms. 83:19; 148:13; Yé. 42:8; 43:10; Yo. 17:6, 26; PR. 15:14) Yéhuwah uga nuntun sing nulis Alkitab, bèn nulis jenengé luwih saka ping 7.000 ing tulisan-tulisan kuna. (Wacanen Yéhéskièl 38:23.) Mula, nèk para penerjemah ngilangké jenengé Gusti Allah, kuwi nduduhké nèk ora ngajèni Yéhuwah.

6. Apa sebabé ana tambahan nem manèh jenengé Gusti Allah ing Alkitab New World Translation 2013?

6 Saiki, ana luwih akèh bukti pentingé nggunakké jenengé Gusti Allah. Alkitab New World Translation sing anyar taun 2013, nggunakké jenengé Gusti Allah ping 7.216. Ana tambahan nem manèh timbang édhisi sakdurungé. Sing lima ditambahké, merga ana katrangan bab kuwi ing buku sing ngrembug Gulungan Laut Mati, sing dicétak durung suwé iki. * Tambahan lima kuwi ana ing 1 Samuèl 2:25; 6:3; 10:26; 23:14, 16. Sing keenem, ana ing Para Hakim 19:18. Kuwi ditambahké sakwisé sinau luwih tliti tulisan-tulisan kuna sing isa dipercaya.

7, 8. Jeneng Yéhuwah kuwi tegesé apa?

7 Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep penting banget nèk isa ngerti tegesé jenengé Gusti Allah. Tegesé jenengé Gusti Allah yaiku ”Sing Isa Nyebabké Bèn Dadi”. * Mbiyèn, wacané Seksi-Seksi Yéhuwah nerangké tegesé jenengé Gusti Allah nganggo dhasar Pangentasan 3:14, ”Aku Arep Dadi Apa Waé sing Tak Péngini [New World Translation].” Alkitab New World Translation 1984 nerangké nèk Yéhuwah sing nggawé supaya Dhèwèké dadi apa waé kaya sing dipéngini, bèn janjiné isa kelakon. * Ning, Alkitab New World Translation 2013 kandha, ”Senajan pangertèn mau cocog, ning tegesé jenengé Gusti Allah ora mung kuwi thok. Iki uga klebu nèk Yéhuwah isa nggawé kelakon kabèh sing ana hubungané karo pakaryané lan kersané.”

8 Yéhuwah uga isa ndadèkké pakaryané dadi kaya sing dikersakké. Contoné, Yéhuwah ndadèkké Nuh isa nggawé bahtera utawa prau sing gedhé banget. Bézaleèl didadèkké tukang nggawé bekakas, Gidhéon didadèkké prajurit sing prakosa, lan Paulus didadèkké utusan injil. Jenengé Gusti Allah bener-bener ana tegesé kanggo wong-wong kuwi. Mula, kuwi alesané New World Translation Bible Committee nggunakké jenengé Gusti Allah wektu nerjemahké Alkitab.

9. Apa sebabé nerjemahké Alkitab ing basa liya kuwi bab sing utama?

9 Saya akèh para penerjemah sing ora nggunakké jenengé Gusti Allah. Para penerjemah nggunakké sebutan ”Gusti” utawa jenengé allah-allah ing dhaérah kono. Iki alesané apa sebabé Pengurus Pusat ngerti nèk wong-wong sing nganggo basa liya, kudu nduwé Alkitab sing ngluhurké jenengé Gusti Allah. (Wacanen Maléakhi 3:16.) Nganti tekan saiki, Alkitab New World Translation terus ngluhurké jenengé Gusti Allah nganggo luwih saka 130 basa.

GAMPANG DINGERTÈNI LAN COCOG KARO ASLINÉ

10, 11. Apa waé masalah sing diadhepi wektu nerjemahké New World Translation ing basa liya?

10 Ana masalah sing diadhepi wektu nerjemahké Alkitab New World Translation basa Inggris ing basa-basa liyané. Contoné, ing basa Inggris tembung ”Sheol” saka basa Ibrani digunakké ing Kohèlèt 9:10 lan ing ayat-ayat liyané. Ing basa Inggris tembung kuwi gampang dingertèni. Ning, ing basa liyané tembung kuwi ora digunakké, merga ora ngerti tembung kuwi. Tembung kuwi ora ana ing kamus, lan malah ana sing ngarani kuwi jeneng panggonan. Mula, saiki para penerjemah éntuk ijin nerjemahké tembung ”Sheol” ing basa Ibrani lan ”Hades” ing basa Yunani dadi ”Kuburan”. Iki dadi terjemahan sing cocog karo basa asliné lan luwih gampang dingertèni.

11 Tembung Ibrani lan Yunani sing maksudé ”nyawa”, uga angèl diterjemahké ing basa liya. Ing basa liya tembung ”nyawa” biasané ana gandhèngané karo dhemit, utawa nduduhké sing metu saka raga wektu wong mati. Bèn ora padha salah ngerti, para penerjemah éntuk ijin nerjemahké tembung ”nyawa” manut karo ukarané. Katrangan tambahan bab tembung kuwi diterangké ing apendiks New World Translation of the Holy Scriptures—With References. Katrangan tambahan bab tembung Ibrani lan Yunani ditulis ing bagéan ngisor kaca sing ana tembung kuwi, bèn gampang diwaca lan dingertèni.

12. Apa waé sing diganti ing Alkitab 2013? (Deloken uga katrangan bab ”Alkitab Basa Inggris New World Translation 2013ing kaca 28 majalah iki.)

12 Pitakonan-pitakonan saka para penerjemah nduduhké, nèk wong-wong isa waé salah ngerti wektu maca ayat Alkitab. Mula, sasi September 2007 Pengurus Pusat mènèhi ijin nggawé terjemahan Alkitab basa Inggris sing luwih gampang dingertèni. Para sedulur sing mèlu nerjemahké nyinaoni ndhisik pitakonan-pitakonan saka para penerjemah liyané wektu ndandani terjemahan 2013. Tembung-tembung basa Inggris sing kuna diganti karo sing saiki umum dinggo, bèn luwih gampang diwaca lan dingertèni. Terjemahan Alkitab nganggo basa liyané sing lagi waé digawé, isa mbantu bèn terjemahan 2013 dadi luwih apik.—WB. 27:17.

SING PADHA NGAJÈNI

13. Piyé tanggepané para sedulur wektu ana Alkitab 2013?

13 Piyé tanggepané para sedulur wektu ana Alkitab New World Translation 2013? Éwon surat ditampa kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing Brooklyn, New York saka para sedulur sing ngajèni. Liyané ngrasakké sing padha kaya sing dirasakké sedulur wédok iki, ”Alkitab iki kaya pethi sing kebak harta karun, sing isiné luwih aji timbang mas-masan. Terjemahan Alkitab iki mbantu bèn isa ngerti luwih cetha sabdané Yéhuwah. Kuwi kaya ngematké watu akik sing bentuké apik, bening, lan éndah warnané. Alkitab iki mbantu aku luwih kenal karo Yéhuwah merga basané gampang dingertèni. Aku krasa nèk Yéhuwah kuwi kaya bapak sing ngrangkul lan maca kanggo anakké, nganggo tembung-tembung sing nentremké.”

14, 15. Piyé tanggepané para sedulur bab New World Translation ing basa liya?

14 Wong-wong sing ora nganggo basa Inggris, uga ngajèni Alkitab iki. Salah sijiné pinituwa ing Sofia, Bulgaria kandha bab Alkitab New World Translation basa Bulgaria, ”Aku wis maca Alkitab puluhan taun, ning durung tau maca sing terjemahané gampang dingertèni lan isa mlebu ati.” Sedulur wédok saka Albania crita, ”Sabdané Gusti Allah ing basa Albania kuwi pénak banget dirungokké. Kaurmatan sing gedhé isa ngrungokké Yéhuwah omong-omongan nganggo basaku dhéwé.”

15 Ing negara-negara liya, Alkitab larang regané lan angèl digolèki. Nampa Alkitab New World Translation iki berkah sing aji. Ana pengalaman saka Rwanda, ”Wis suwé banget wong-wong sing sinau karo para sedulur ora nggawé kemajuan merga ora nduwé Alkitab. Para siswa iki ora isa tuku Alkitab sing dinggo ing gereja, lan uga ora ngerti tegesé ayat-ayat ing Alkitab kuwi. Kuwi sing ndadèkké para siswa iki ora isa nggawé kemajuan.” Wektu ana Alkitab New World Translation ing basa Rwanda, keluarga sing nduwé anak papat kandha, ”Keluargaku matur nuwun banget marang Yéhuwah lan abdi sing setya lan pinter, merga ngekèki Alkitab iki. Keluargaku mlarat lan ora nduwé dhuwit dinggo tuku Alkitab kanggo saben anggota keluarga. Ning, saiki kabèh anggota keluargaku wis nduwé. Kanggo ngucap sokur marang Yéhuwah, aku lan keluargaku maca Alkitab bareng-bareng saben dina.”

16, 17. (a) Yéhuwah péngin wong-wong piyé? (b) Awaké dhéwé kudu terus nggunakké apa?

16 Alkitab New World Translation 2013 mengko bakalé diterjemahké ing luwih akèh basa. Iblis nyoba ngalang-alangi bèn iki ora kelakon, ning awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah péngin wong-wong ngrungokké sabdané nganggo basa sing gampang dingertèni. (Wacanen Yésaya 30:21.) Mengko, ”saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah, kayadéné banyuning sagara kang nasabi dhasaré”.—Yé. 11:9.

17 Awaké dhéwé kudu terus nggunakké kabèh peparingé Yéhuwah, klebu terjemahan Alkitab sing ngluhurké jenengé. Kuwi ditindakké bèn Yéhuwah isa terus ngandhani awaké dhéwé saben dina nganggo Alkitab. Yéhuwah isa mirengké kabèh dongané awaké dhéwé. Hubungan sing kaya ngéné iki mbantu awaké dhéwé luwih kenal karo Yéhuwah, lan tresnané awaké dhéwé marang Yéhuwah uga dadi saya gedhé.—Yo. 17:3.

”Kaurmatan gedhé merga Yéhuwah gelem omong-omongan nganggo basané dhéwé”

^ par. 2 Deloken Apendiks A1 ing New World Translation sing anyar, lan artikel sing judhulé ”Bagaimana Memilih Terjemahan Alkitab yang Baik” ing Menara Pengawal 1 Mei 2008.

^ par. 6 Gulungan Laut Mati wis ana 1.000 taun sakdurungé tulisan Masorèt Ibrani.

^ par. 7 Ana buku-buku sing ngekèki katrangan kaya ngono, ning ora kabèh ahli setuju.

^ par. 7 Deloken the New World Translation of the Holy Scriptures—With References, Appendix 1A, “The Divine Name in the Hebrew Scriptures,” kaca 1561.