Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | PANJENENGAN ISA NGERTI ALKITAB

Bantuan Bèn Ngerti Alkitab

Bantuan Bèn Ngerti Alkitab

Bayangna, nèk panjenengan lagi sepisanan teka ing panggonan sing anyar. Wongé, kebiasaané, panganané, lan dhuwité béda. Mbokmenawa kuwi isa nggawé panjenengan bingung.

Wektu sepisanan maca Alkitab, mbokmenawa panjenengan uga ngrasakké sing padha. Kuwi kaya urip ing donya jaman mbiyèn sing durung tau dingertèni. Panjenengan isa ngerti bab wong Filisti, bab kebiasaan ’nyuwèk panganggon’, bab panganan sing jenengé manna, lan dhuwit sing diarani drakhma. (Pangentasan 16:31; Yusak 13:2; 2 Samuèl 3:31; Lukas 15:9) Kuwi kabèh marahi bingung. Nèk lagi teka ing panggonan sing anyar, mesthiné panjenengan bakal ngajèni wong sing mbantu nerangké kabèh karo panjenengan, ta?

BANTUAN ING JAMAN MBIYÈN

Kèt Alkitab mulai ditulis ing abad 16 SM, wis ana bantuan kanggo ngertèni isiné. Contoné, Musa, sing dadi pemimpin bangsa Israèl, ”nggelaraké” utawa nerangké kitab kuwi.—Pangandharing Torèt 1:5.

Guru Alkitab sing dipilih, isih ana nganti kira-kira sepuluh abad sakwisé kuwi. Taun 455 SM, wong-wong Yahudi, klebu bocah-bocah, padha kumpul ing alun-alun kutha Yérusalèm. Torèté Gusti Allah ”kawacakaké kalawan cetha” karo guru Alkitab kuwi. Banjur, ”diterangaké, satemah wong-wong padha ngreti surasané”.—Néhémya 8:2-9.

Limang abad sakbanjuré, Yésus Kristus uga nindakké bab sing padha. Malah, wong-wong nganggep Yésus kuwi guru. (Yokanan 13:13) Kadhang kala, Yésus mulang langsung wong akèh, ning kadhang kala mulang siji-siji. Yésus wis tau mulang wong-wong, lan mènèhi ceramah sing terkenal ing gunung lan ”wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé”. (Matéus 5:1, 2; 7:28) Ing taun 33 M, Yésus ”nerangaké Kitab Suci” karo muridé sing cacahé loro, wektu padha mlaku menyang Yérusalèm.—Lukas 24:13-15, 27, 32.

Murid-muridé Yésus uga mulang Alkitab. Wis tau ana wong penting saka Étiopia lagi maca kitab nabi Yésaya. Banjur, muridé Yésus sing jenengé Filipus, nyedhak lan takon, ”Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?” Wong Étiopia mau njawab, ”Kadospundi anggèn kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Filipus banjur nerangké tegesé ayat kuwi.—Lelakoné Para Rasul 8:27-35

BANTUAN ING JAMAN SAIKI

Kaya guru Alkitab jaman mbiyèn, saiki Seksi-Seksi Yéhuwah uga nindakké gawéan sing padha ing 239 negara. (Matéus 28:19, 20) Saben minggu, para Seksi mbantu luwih saka wong sangang yuta sinau Alkitab. Akèh wong sing sinau Alkitab, agamané dudu Kristen. Sinau Alkitabé ora mbayar, lan isa sinau ing omah utawa panggonan liya. Uga, ana sing sinau liwat tilpun utawa vidhéo sing ditonton liwat komputer utawa HP.

Njaluka bantuané Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa ngerti Alkitab. Panjenengan bakal ngerti nèk Alkitab kuwi ora angèl dingertèni, ning ”migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayektèn,” bèn isa ”nindakaké samubarang kang becik”.—2 Timotéus 3:16, 17.