Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | PANJENENGAN ISA NGERTI ALKITAB

Buku sing Isa Dingertèni

Buku sing Isa Dingertèni

Alkitab kuwi buku sing paling tuwa. Pira umuré? Alkitab mulai ditulis ing Timur Tengah kira-kira 3.500 taun kepungkur. Kuwi ditulis wektu raja Shang saka Cina mréntah, lan kira-kira sepuluh abad sakdurungé agama Budha mulai ana ing India.—Deloken kothak ”Katrangan bab Alkitab.”

Alkitab njawab akèh pitakonan penting bab urip

Nèk ana buku sing isa mbantu lan ana paédahé kanggo manungsa, buku kuwi kudu isa dingertèni lan cocog kanggo wong-wong. Alkitab kuwi buku sing kaya ngono. Alkitab mènèhi jawaban saka akèh pitakonan penting bab urip.

Mbokmenawa panjenengan tau takon, ”Apa sebabé aku dilairké?” Kèt mbiyèn pitakonan kuwi ditakokké wong-wong, lan nganti saiki durung ana jawabané. Padhahal, kuwi dijawab ing bab 1 lan 2 buku Purwaning Dumadi, buku ing Alkitab sing sepisanan. Alkitab nyritakké ”jaman kawitan”—milyaran taun kepungkur, wektu jagat iki digawé, klebu galaksi, bintang, lan bumi. (Purwaning Dumadi 1:1) Alkitab nyritakké nèk bumi dicepakké kanggo sing bakal urip ing kono klebu tanduran, kéwan, lan manungsa, kaya sing dikersakké Gusti Allah.

DITULIS BÈN ISA DINGERTÈNI

Ing Alkitab ana tuntunan sing gampang dingertèni, sing isa mbantu manungsa ngadhepi masalah saben dina. Apa alesané?

Sepisan, basané Alkitab kuwi cetha lan gampang dingertèni. Timbang nggunakké tembung-tembung sing mbingungké utawa sipaté gaib, Alkitab malah nggunakké tembung-tembung sing nyata utawa sing ana hubungané karo urip saben dina. Bab-bab sing penting diterangké nganggo basa sing umum dinggo.

Contoné, Yésus nggunakké conto sing ana ing urip saben dina bèn wulangané isa mlebu ati. Conto-conto kuwi isa diwaca ing buku Matéus bab 5 tekan 7 sing disebut Piwulangé Yésus ing Gunung. Ana wong sing ngomong nèk piwulang kuwi ”gampang ditrapké ora mung omong thok. Malah, nèk gelem ngetrapké, kuwi cespleng tenan”. Panjenengan isa maca piwulang kuwi mbokmenawa mung 15 tekan 20 menit. Panjenengan bakal gumun nèk ngerti piwulangé Yésus kuwi gampang dingertèni lan ditrapké.

Bab liyané sing isa nggawé Alkitab gampang dingertèni yakuwi isiné. Alkitab dudu buku crita kuna, utawa dongèng. Ning, nurut The World Book Encyclopedia, sebagéan isiné nyritakké bab ”wong penting lan wong biasa” lan uga ”perjuangané, pengarep-arepé, kesalahané, lan kemenangané”. Iki gampang dingertèni merga conto-conto kuwi nyata ing urip saben dina.—Rum 15:4.

KANGGO KABÈH WONG

Bèn isa ngerti isiné Alkitab, kudu nganggo basa sing panjenengan ngertèni. Saiki, mbokmenawa Alkitab ana ing basa panjenengan, ora masalah panjenengan manggon ing endi lan saka negara endi. Kuwi isa kelakon merga alesan iki.

Diterjemahké. Alkitab sing asli ditulis nganggo basa Ibrani, Aram, lan Yunani. Mung sithik sing isa ngerti basa kuwi. Bèn tulisan iki ana ing basa liya, dibutuhké upaya tenanan saka para penerjemah sing tulus kanggo nerjemahké. Matur nuwun kanggo upaya sing gedhé iki, merga saiki Alkitab sing sebagéan utawa lengkap wis ana ing kira-kira 2.700 basa. Iki tegesé 90 persèn wong ing bumi isa maca Alkitab nganggo basané dhéwé.

Dicétak. Tulisan asli Alkitab ditulis ing kulit kayu lan papirus sing gampang rusak. Nèk kuwi rusak, bèn tulisan asliné tetep isa diwaca, tulisan asli mau kudu diturun lan ditulis manèh. Sebagéan tulisan tangan kuwi larang regané lan mung sithik sing isa tuku. Ning, bar mesin cétaké Gutenberg ditemokké 550 taun kepungkur, mulai akèh Alkitab sing dicétak lan disebarké. Saiki, luwih saka limang milyar Alkitab wis dicétak lengkap utawa sebagéan.

Ora ana kitab suci liya sing kaya Alkitab ing bab-bab mau. Pancèn, Alkitab kuwi buku sing isa dingertèni senajan butuh upaya. Ning, ana sing isa mbantu. Sapa kuwi? Apa éntuk-éntukané nèk gelem dibantu? Golèka jawabané ing kaca sakbanjuré.