Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Omonganmu Kudu Nyenengké

Omonganmu Kudu Nyenengké

”Mugi tembung ingkang kawula ucapaken . . . damel renaning penggalih Paduka.”—MS. 19:15, Basa Jawi Padintenan.

LAGU: 21, 35

1, 2. Apa sebabé Alkitab mbandhingké omongané awaké dhéwé karo geni?

TAUN 1871, ana alas gedhé kobong ing Wisconsin, Amerika Serikat. Cepet banget kobongé lan ngobong kira-kira rong milyar wit. Luwih saka wong 1.200 mati. Sing mati merga kobongan kuwi luwih akèh, timbang kobongan-kobongan liyané ing AS. Alas kuwi kobong kayané merga ana sepur sing metu geniné liwat kono. Iki ngélingké kandhané Alkitab, ”Geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhé.” (Yb. 3:5) Apa sebabé Yakobus kandha ngono?

2 Dhèwèké kandha, ”Ilat iku iya geni.” (Yb. 3:6) ”Ilat” kuwi tegesé omongané awaké dhéwé. Lan kaya geni, omongané awaké dhéwé isa nggawé cilakané wong liya. Dadi, omongan kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya. Malah, Alkitab tau kandha nèk omongané awaké dhéwé isa nggawé urip lan matiné wong liya. (WB. 18:21) Ning, apa kuwi tegesé awaké dhéwé ora éntuk ngomong apa-apa merga wedi salah? Ora. Awaké dhéwé ora mungkin ora nggunakké geni merga wedi kobong. Awaké dhéwé mesthi ati-ati wektu nggunakké geni kuwi. Contoné, geni dinggo masak, dinggo anget-anget bèn ora kademen, lan dinggo obor. Semono uga, nèk awaké dhéwé ati-ati wektu ngomong, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah lan ana paédahé kanggo wong liya.—Ms. 19:15.

3. Telung bab apa sing isa mbantu bèn omongané awaké dhéwé isa nggedhèkké atiné wong liya?

3 Allah Yéhuwah maringi awaké dhéwé ilat bèn isa crita marang wong liya apa sing dipikirké lan dirasakké, dudu basa isyarat tangan. Piyé carané awaké dhéwé nggunakké peparingé Yéhuwah iki kanggo nggedhèkké atiné wong liya? (Wacanen Yakobus 3:9, 10.) Awaké dhéwé kudu ngerti kapan kudu omong, apa sing diomongké, lan piyé carané.

KAPAN KUDU NGOMONG?

4. Kapan awaké dhéwé meneng waé?

4 Kadhang kala meneng waé kuwi apik. Alkitab kandha, ”Ana wayahé meneng.” (Ko. 3:7) Contoné, awaké dhéwé ngajèni wong liya nèk meneng waé pas dhèwèké lagi omong. (Ay. 6:24) Uga, ora ngomongké bab sing dudu urusané awaké dhéwé, lan sing wong liya ora perlu ngerti. (WB. 20:19) Wektu ana sing nggawé nesu, awaké dhéwé isa meneng waé lan ora nanggepi.—Ms. 4:5.

5. Wektu omongan, piyé carané awaké dhéwé mbuktèkké nèk ngajèni peparingé Yéhuwah?

5 Ana wektu kanggo omong. (Ko. 3:7) Ana wektu kanggo ngluhurké Yéhuwah, nggedhèkké atiné wong liya, crita bab awaké dhéwé, lan ngandhakké apa sing dibutuhké. (Ms. 51:17) Nèk awaké dhéwé ngomong kanggo tujuan kaya ngono, kuwi bukti awaké dhéwé ngajèni peparingé Yéhuwah iki. Wektu ana kanca ngekèki hadiah, mesthiné kuwi digunakké kanggo tujuan sing bener, ta?

6. Apa sebabé penting milih wektu sing pas kanggo omongan?

6 Apa sebabé penting milih wektu sing pas kanggo omongan? Wulang Bebasan 25:11 kandha, ”Tetembungan kang diucapaké cocog karo wektuné, iku upamané kaya apel mas ana ing pinggan salaka.” Apel mas pancèn kétok apik, ning luwih apik manèh nèk didèlèhké ing piring pérak. Semono uga, awaké dhéwé kudu ngomongké bab sing apik-apik marang wong liya. Ning, nèk awaké dhéwé milih wektu sing pas, kuwi isa luwih ana gunané kanggo wong liya. Piyé carané?

7, 8. Piyé para sedulur ing Jepang niru tuladhané Yésus?

7 Nèk wektuné ora pas kanggo omong, wong liya isa ora ngerti maksudé utawa ora gelem nampa. (Wacanen Wulang Bebasan 15:23.) Contoné, wektu ana lindhu lan tsunami sasi Maret 2011 ing Jepang sisih wétan. Luwih saka wong 15.000 mati. Senajan kélangan kanca lan seduluré, para Seksi Yéhuwah péngin nggunakké Alkitab kanggo mbantu wong liya sing uga kena musibah. Ning, para sedulur iki ngerti nèk akèh-akèhé sing dibantu iki wong Budha, sing ora akèh ngerti bab Alkitab. Mula, para sedulur kuwi ora nyritakké nèk wong mati bakal diuripké manèh. Ning, malah mènèhi panglipur lan nyritakké apa sebabé wong apik kena musibah.

8 Para sedulur iki niru Yésus. Yésus ngerti kapan wektuné meneng waé, lan uga ngerti kapan kudu omong. (Yo. 18:33-37; 19:8-11) Yésus ngentèni wektu sing cocog kanggo mulang para muridé. (Yo. 16:12) Para sedulur ing Jepang mau ngentèni kapan wektu sing cocog kanggo nyritakké nèk wong mati bakal diuripké manèh. Rong taun setengah sakwisé tsunami, para sedulur nawakké selebaran Apa Wong Mati Bener-Bener Bisa Urip Manèh? marang wong-wong liya. Akèh sing nampa selebaran kuwi, lan krasa dilipur atiné. Awaké dhéwé uga isa mikirké budaya lan agamané wong liya ing dhaérahé awaké dhéwé, bèn isa ngerti wektu sing cocog kanggo martakké kabar apik.

9. Ing kahanan kaya apa awaké dhéwé isa nunggu wektu sing cocog kanggo omong?

9 Ing kahanan kaya apa awaké dhéwé isa ngentèni wektu sing cocog kanggo omong? Mbokmenawa ana wong sing omongané nglarani ati. Timbang kesusu njawab lan malah ngomong sing nglarani ati, awaké dhéwé isa mandheg sedhéla lan mikir, ’Apa dhèwèké pancèn arep nglarani ati? Apa aku perlu ngomong karo dhèwèké bab omongané?’ Sakjané sing paling apik rasah omong apa-apa. Ning, nèk ana alesan kanggo omong, ngomongé aja pas awaké dhéwé isih nesu. (Wacanen Wulang Bebasan 15:28.) Nèk arep mbantu keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah bèn kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu sabar, mikir dhisik sakdurungé omong, lan nggolèk wektu sing cocog bèn dhèwèké gelem ngrungokké.

APA SING KUDU DIOMONGKÉ?

10. (a) Apa sebabé kudu ati-ati wektu milih tembung sing arep diomongké? (b) Awaké dhéwé aja nganti omong apa?

10 Sing diomongké awaké dhéwé isa nggawé perasaané wong liya pénak apa ora. (Wacanen Wulang Bebasan 12:18.) Akèh wong jaman saiki omongané nylekit kaya ”panah” utawa ”pedhang,” merga péngin nglarani wong liya. (Ms. 64:4) Liyané, ngomong kaya ngono merga tiru-tiru saka film utawa TV. Ning, Seksi Yéhuwah aja nganti omongané kasar lan nglarani ati senajan mung guyon. Wektu crita, guyonan kuwi apik lan isa marahi critané nyenengké. Ning, aja nganti guyonan kuwi nyindir, nggawé isin, lan ngécé wong liya. Uga, aja ndadèkké wong liya bahan guyonan. Alkitab kandha nèk umaté Yéhuwah aja nganti ngomong nylekit. Lan, uga kandha, ”Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yèn prelu, supaya kang krungu, olèha sih-rahmat.”—Éf. 4:29, 31.

11. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé milih tembung-tembung sing cocog?

11 Yésus mulang nèk ”apa kang kaucapaké ing cangkem iku saka bludaging ati.” (Mt. 12:34) Kuwi tegesé, apa sing diomongké nduduhké isiné ati. Mula, nèk nresnani lan perduli tenan karo wong-wong, awaké dhéwé isa milih tembung-tembung sing cocog lan nggedhèkké ati.

12. Apa manèh sing isa mbantu milih tembung sing cocog?

12 Butuh upaya kanggo milih tembung sing cocog. Senajan wicaksana, Raja Suléman uga ”nenimbang” lan ”nguji” bèn tulisané bener lan pénak diwaca. (Ko. 12:9, 10) Apa sing mbantu awaké dhéwé milih tembung sing cocog? Awaké dhéwé isa maca Alkitab lan wacan saka pakumpulan kanggo nggolèki cara-cara sing pas kanggo ngomongké pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Lan, isa sinau tegesé tembung isa ora dingertèni. Uga, niru tuladhané Yésus sing omongané nyenengké wektu mulang wong liya. Yésus ngerti apa sing diomongké merga Yéhuwah mulang Yésus carané ”nyantosakaké wong kang lemes lesu kalawan tembung”. (Yé. 50:4) Penting uga mikirké apa omongané awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo wong liya. (Yb. 1:19) Awaké dhéwé isa mikir, ”Nèk aku ngomong ngéné, apa wong liya isa ngerti maksudku? Piyé perasaané?

13. Apa sebabé omongané awaké dhéwé kudu gampang dingertèni?

13 Ing Israèl, swara trompèt digunakké kanggo mènèhi tandha. Ana sing mènèhi tandha bèn padha ngumpul. Swara liyané kanggo mènèhi tandha nèk ana mungsuh sing nyerang. Bayangna piyé kedadéané nèk para prajurit ora ngerti maksudé swara trompèt mau. Alkitab mbandhingké swara trompèt sing cetha karo tembung sing gampang dingertèni. Nèk awaké dhéwé ora cetha nerangké, wong liya isa waé dadi bingung lan percaya sing ora bener. Senajan awaké dhéwé péngin nerangké sing cetha, kudu ati-ati aja nganti ngomongé kasar lan ora ngajèni wong liya.—Wacanen 1 Korinta 14:8, 9.

14. Ing bab ngomong nganggo cara sing gampang dingertèni, Yésus mènèhi conto apa?

14 Ing Matéus bab 5-7, ana conto sing apik saka carané Yésus milih tembung-tembung sing gampang dingertèni. Ing ceramahé, Yésus ora nggunakké tembung-tembung sing angèl, sing ora perlu, lan sing nglarani ati. Yésus nerangké bab-bab sing penting nganggo cara sing gampang dingertèni. Contoné, Yésus péngin njamin para muridé bèn ora nguwatirké apa sing arep dipangan saben dinané. Mula, Yésus nerangké nèk Yéhuwah makani manuk-manuk. Banjur, Yésus takon, ”Apa kowé ora kinacèk luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?” (Mt. 6:26) Yésus isa mbantu wong-wong ngerti bab sing penting, lan isa nggedhèkké atiné mung nganggo tembung-tembung sing gampang dingertèni.

PIYÉ CARANÉ NGOMONG?

15. Apa sebabé omongané awaké dhéwé kudu nyenengké?

15 Carané ngomong padha pentingé karo isiné omongan. Wong-wong seneng ngrungokké Yésus merga carané ngomong nyenengké. (Lk. 4:22) Nèk omongané awaké dhéwé nyenengké, wong-wong uga seneng ngrungokké lan gelem nampa sing diomongké. (WB. 25:15) Omongané awaké dhéwé isa nyenengké nèk ngajèni lan perduli karo perasaané wong liya, kaya tuladhané Yésus. Contoné, wektu Yésus ndelok wong akèh ngupaya ngrungokké, Yésus seneng nggunakké wektu bareng-bareng lan mulang wong-wong kuwi. (Mk. 6:34) Nèk ana wong sing ngécé, Yésus ora mbales ngécé.—1 Pt. 2:23.

16, 17. (a) Wektu omongan karo keluarga lan kanca, piyé carané niru Yésus? (b) Piyé salah sijiné ibu ngupaya bèn omongané nyenengké?

16 Senajan nresnani keluarga lan kanca, awaké dhéwé isa waé ngomong nylekit merga wis akrab. Mbokmenawa, awaké dhéwé mikir ora perlu njaga omongan merga keluarga utawa kancané dhéwé. Yésus ora tau ngomong nylekit karo kanca-kancané. Wektu para muridé padu bab sapa sing paling penting, Yésus ngandhani nganggo cara sing nyenengké, yaiku nggunakké conto saka bocah cilik sing isa mbantu ngowahi pikirané para muridé. (Mk. 9:33-37) Para pinituwa isa niru tuladhané Yésus, ngomong karo para sedulur nganggo cara sing nyenengké.—Gl. 6:1.

17 Nèk ana sing omongané nylekit, awaké dhéwé isa ngupaya bèn omongané awaké dhéwé tetep nyenengké. (WB. 15:1) Contoné, ana randha sing anaké lanang ora tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Sedulur wédok ing jemaat sing prihatin kandha, ”Wah, mesakké tenan ya kowé. Anakmu ora maju-maju.” Ibu kuwi mangsuli, ”Ya, pancèn saiki dhèwèké ngono, ning sakjané ya isih tak dhidhik. Bèn ngerti hasilé, mengko awaké dhéwé isa rembugan manèh bar Armagédhon.” Merga ibu kuwi tetep apikan karo sedulur wedok mau, wong loro kuwi isih tetep kekancan. Wektu anaké krungu omongané ibuké sing isih percaya karo upayané, dhèwèké ora kekancan manèh karo wong-wong sing ora apik, banjur dibaptis, lan akhiré kerja ing Bètel. Semono uga, nèk awaké dhéwé ngomong karo sedulur seiman, keluarga, utawa wong-wong sing ora dikenal, omongané awaké dhéwe kudu ”tansah kebak katresnan, aja cemplang”.—Kl. 4:6.

18. Piyé carané niru tuladhané Yésus bab carané ngomong?

18 Ngomongké apa sing dipikirké lan sing dirasakké, kuwi pancèn peparingé Yéhuwah sing aji. Nèk gelem niru tuladhané Yésus, awaké dhéwé isa milih wektu sing cocog, ati-ati karo apa sing diomongké, lan ngupaya bèn omongané nyenengké. Mula, ayo padha nggunakké omongan kanggo nggedhèkké ati sedulur liyané lan nggawé Yéhuwah seneng.