Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Jawabané Alkitab

Jawabané Alkitab

Apa isa ngerti sing bener bab Gusti Allah?

Apa sebabé gusti allah péngin manungsa ngerti sing bener? Wacanen Yokanan 17:3

Gusti Allah seneng omong-omongan karo manungsa. Gusti Allah nggunakké roh suci, utawa kwasané kanggo nuntun manungsa bèn nulis pikirané ing Alkitab. (2 Pétrus 1:20, 21) Awaké dhéwé isa ngerti sing bener bab Gusti Allah saka Alkitab.—Wacanen Yokanan 17:17; 2 Timotéus 3:16.

Ing Alkitab, Gusti Allah ngandhani alesané manungsa digawé, kersané kanggo manungsa, carané urip ayem tentrem, lan nyritakké kaya apa Gusti Allah kuwi. (Lelakoné Para Rasul 17:24-27) Uga, mènèhi katrangan sing bener bab Gusti Allah Yéhuwah.—Wacanen 1 Timotéus 2:3, 4.

Apa sebabé Gusti Allah seneng karo wong sing péngin ngerti sing bener?

Yéhuwah seneng karo kabèh sing bener, lan ngutus putrané, Yésus, kanggo mulang sing bener. Mula, wong-wong sing péngin ngerti sing bener seneng cedhak karo Yésus. (Yokanan 18:37) Gusti Allah péngin wong-wong sing kaya ngono dadi abdiné.—Wacanen Yokanan 4:23, 24.

Iblis ngalang-alangi manungsa bèn ora cedhak karo Gusti Allah, nganggo cara mulang sing ora bener bab Gusti Allah. (2 Korinta 4:3, 4) Wong-wong sing ora seneng karo sing bener malah nyenengi ajarané Iblis. (Rum 1:25) Ning, akèh wong sing tulus atiné isa ngerti sing bener bab Gusti Allah saka Alkitab.—Wacanen Lelakoné Para Rasul 17:11.