Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Seneng Omong-omongan

Yéhuwah Seneng Omong-omongan

”Rungokna, Ingsun bakal paring pangandika.”—AY. 42:4.

LAGU: 37, 23

1-3. (a) Apa sebabé pikiran lan basané Gusti Allah luwih dhuwur timbang manungsa? (b) Apa sing disinaoni ing wulangan iki?

YÉHUWAH nggawé malaékat banjur nggawé manungsa, merga péngin mènèhi urip lan mbagi rasa senengé. (Ms. 36:10; 1 Tm. 1:11) Sing digawé sepisanan karo Yéhuwah yaiku ”Sang Sabda”. (Yo. 1:1; Wy. 3:14) Yéhuwah kerep crita bab pikiran lan perasaané karo Sang Sabda utawa Yésus. (Yo. 1:14, 17; Kl. 1:15) Rasul Paulus kandha nèk para malaékat uga omong-omongan nganggo basané malaékat, sing béda karo basané manungsa.—1 Kr. 13:1.

2 Yéhuwah ngerti kabèh bab malaékat lan manungsa. Yéhuwah isa ngrungokké dongané wong sing béda-béda ing wektu sing padha, senajan nganggo basa werna-werna. Wektu ngrungokké dongané manungsa, Yéhuwah isa uga omong-omongan lan mènèhi préntah para malaékaté. Kuwi isa ditindakké merga Yéhuwah nduwé pikiran, basa, lan ketrampilan omong-omongan sing luwih dhuwur timbang manungsa. (Wacanen Yésaya 55:8, 9.) Dadi, wektu omong-omongan karo manungsa, basané Yéhuwah digawé luwih gampang bèn isa dingertèni manungsa.

3 Wulangan iki bakal ngrembug carané Yéhuwah omong-omongan karo manungsa nganggo basa sing gampang dingertèni. Uga, bakal ngrembug nèk Yéhuwah isa ngowahi carané omong-omongan karo manungsa manut kahanané.

YÉHUWAH OMONG-OMONGAN KARO MANUNGSA

4. (a) Wektu omong-omongan karo Musa, Samuèl, lan Dawud, Yéhuwah nganggo basa apa? (b) Alkitab kuwi isiné apa?

4 Wektu omong-omongan karo Adam ing taman Èden, mbokmenawa Yéhuwah nganggo basa Ibrani kuna. Bar kuwi, Yéhuwah uga omong-omongan karo Musa, Samuèl, lan Dawud. Senajan nulis Alkitab ing basa Ibrani lan nganggo carané dhéwé-dhéwé, wong-wong kuwi nulis pikirané Gusti Allah. Sing ditulis yaiku omongané Yéhuwah langsung, lan hubungané Yéhuwah karo umaté. Contoné, Alkitab nulis bab iman lan katresnané umaté marang Gusti Allah, lan pengalamané umaté wektu nggawé salah lan ora setya. Kabèh tulisan kuwi ana gunané kanggo awaké dhéwé.—Rm. 15:4.

5. Wektu ngomong karo manungsa, apa Gusti Allah mung nganggo basa Ibrani? Terangna.

5 Yéhuwah omong-omongan karo manungsa ora mung nganggo basa Ibrani. Wektu bangsa Israèl bébas saka Babil, ana wong Israèl sing ngomong nganggo basa Aram. Mbokmenawa kuwi alesané Dhanièl, Yérémia, lan Ézra nulis buku Alkitab nganggo basa Aram.—Deloken katrangan tambahan ing buku Ézra 4:8; 7:12; Yérémia 10:11; Dhanièl 2:4 sing ditulis ing basa Aram.

6. Apa sebabé Alkitab Ibrani diterjemahké ing basa Yunani?

6 Iskandar Agung nguwasani akèh negara, lan ndadèkké basa Yunani sing umum dinggo wong, yaiku Koine, dadi basa utama ing negara-negara sing dikwasani. Akèh wong Yahudi mulai ngomong nganggo basa Yunani, lan malah Alkitab Ibrani diterjemahké ing basa kuwi. Terjemahan kuwi sing disebut Septuaginta. Kuwi terjemahan Alkitab sing sepisanan, lan salah siji sing paling penting. Para ahli percaya nèk Septuaginta dirampungké 72 penerjemah. * Ana sing nerjemahké kabèh tembung, utawa sak tembung-sak tembung, sing ana ing Alkitab Ibrani, ning ana sing ora. Wong Yahudi sing nganggo basa Yunani lan para muridé Yésus percaya nèk Septuaginta kuwi Sabdané Gusti Allah.

7. Wektu mulang muridé, Yésus nganggo basa apa?

7 Wektu ing bumi, mbokmenawa Yésus nganggo basa Ibrani. (Yo. 19:20; 20:16; PR. 26:14) Yésus mbokmenawa uga nganggo tembung-tembung basa Aram sing umum ing jamané. Yésus uga ngerti basa Ibrani kuna sing dinggo Musa lan para nabi liyané, sing ana ing kitab sing diwaca saben minggu ing sinagoga, yaiku panggonan ibadahé wong Yahudi. (Lk. 4:17-19; 24:44, 45; PR. 15:21) Senajan wong-wong ing jamané Yésus nganggo basa Yunani lan Latin, Alkitab ora nyritakké nèk Yésus nganggo basa-basa kuwi.

8, 9. Apa sebabé para muridé Yésus nganggo basa Yunani, lan apa sing disinaoni saka Yéhuwah bab kuwi?

8 Para muridé Yésus nganggo basa Ibrani. Ning, sakwisé Yésus séda, para muridé nganggo basa werna-werna. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 6:1.) Merga kabar apik diwartakké ing endi-endi, para muridé Yésus luwih akèh nganggo basa Yunani timbang basa Ibrani. Buku Matéus, Markus, Lukas, lan Yokanan ditulis lan disebarké nganggo basa Yunani, merga basa kuwi sing umum dinggo ing jaman kuwi. * Surat-suraté Paulus lan buku-buku liyané ing Alkitab uga ditulis ing basa Yunani.

9 Wektu wong-wong sing nulis Kitab Yunani nyuplik ayat saka Kitab Ibrani, kuwi dijupuk saka Septuaginta. Kadhang kala, cuplikané rada béda karo tulisan Ibrani sing asli. Alkitab sing ana saiki kuwi diterjemahké para penerjemah sing ora sampurna. Dadi, awaké dhéwé ngerti nèk kanggoné Yéhuwah ora ana basa utawa budaya sing luwih unggul timbang liyané.—Wacanen Lelakoné Para Rasul 10:34.

10. Apa sing disinaoni saka carané Yéhuwah omong-omongan karo manungsa?

10 Awaké dhéwé wis sinau nèk Yéhuwah omong-omongan karo manungsa gumantung kahanané. Awaké dhéwé ora dikon nganggo basa sing wis ditemtokké bèn isa ngerti kersané. (Wacanen Zakharia 8:23; Wahyu 7:9, 10.) Awaké dhéwé uga wis sinau nèk Yéhuwah sing nuntun wong-wong sing nulis Alkitab. Wong-wong kuwi nulis pikirané Yéhuwah nganggo cara sing béda-béda.

GUSTI ALLAH NJAGA SABDANÉ

11. Apa buktiné nèk senajan manungsa nganggo basa werna-werna, kuwi ora masalah kanggoné Yéhuwah?

11 Senajan manungsa nganggo basa werna-werna, kuwi ora masalah kanggoné Yéhuwah. Apa buktiné? Ing Alkitab, tembung-tembungé Yésus ing basa sing dinggo Yésus, cacahé mung sithik. (Mt. 27:46; Mk. 5:41; 7:34; 14:36) Yéhuwah nggawé bèn kabèh sing diwartakké Yésus digawé lan diterjemahké ing basa Yunani, banjur ing basa-basa liya. Merga ping bola-bali diturun utawa ditulis manèh plek kaya asliné karo wong Yahudi lan para muridé Yésus, isiné Alkitab ora diowahi. Tulisan-tulisan sing diturun iki diterjemahké ing basa werna-werna. 400 taun sakwisé Yésus lair, John Chrysostom kandha nèk piwulangé Yésus wis diterjemahké ing basané wong Siria, Mesir, India, Persia, Étiopia, lan liyané.

12. Apa buktiné nèk ana sing péngin nyingkirké Alkitab?

12 Nèk ndelok saka sejarah, akèh sing péngin nyingkirké Alkitab, wong sing nerjemahké, lan wong sing nyebarké. 300 taun sakwisé Yésus lair, Kaisar Rum sing jenengé Diokletian ngongkon kabèh Alkitab disingkirké. 1.200 taun bar kuwi, William Tyndale mulai nerjemahké Alkitab ing basa Inggris. Dhèwèké kandha nèk Gusti Allah ngekèki umur dawa, dhèwèke bakal nggawé bocah tani luwih ngerti Alkitab timbang pemimpin agamané. Merga dianiaya, Tyndale lunga saka Inggris menyang negara Éropa liyané, kanggo nerjemahké lan nyétak Alkitabé. Senajan para pemimpin agama ngupaya mbakar kabèh cétakan Alkitabé, terjemahan kuwi wis disebarké wong-wong. Akhiré, Tyndale ditekak lan diobong ing cagak. Ning, terjemahané isih ana lan digunakké kanggo bahan terjemahan Alkitab King James Version.Wacanen 2 Timotéus 2:9.

13. Apa sing ditemokké wong-wong sing nyinaoni tulisan-tulisan Alkitab kuna?

13 Pancèn bener nèk cétakan Alkitab jaman mbiyèn ana sing salah lan béda. Ning, para ahli Alkitab teliti nyinaoni tulisan kuna sing cacahé éwon, lan terjemahan Alkitab jaman mbiyèn. Sakwisé kabèh kuwi dibandhingké, mung ana sithik ayat sing béda lan bédané mung sepélé. Ning, isiné Alkitab tetep padha. Kuwi nggawé awaké dhéwé yakin, nèk Alkitab sing ana saiki kuwi Sabdané Yéhuwah.—Yé. 40:8. *

14. Piyé perkembangané Alkitab jaman saiki?

14 Senajan ana sing péngin nyingkirké, Alkitab wis diterjemahké luwih saka 2.800 basa. Kuwi luwih akèh timbang buku-buku liyané ing jaman saiki. Senajan akèh wong ora percaya karo Gusti Allah, Alkitab dadi buku sing paling akèh disebarké ing donya iki. Senajan ana terjemahan Alkitab sing ora gampang dingertèni utawa ora pas karo asliné, mèh kabèh terjemahan kuwi isiné bab pengarep-arep kanggo manungsa lan bab urip saklawasé.

DIBUTUHKÉ TERJEMAHAN ALKITAB SING ANYAR

15. (a) Kèt taun 1919 piyé wacan Alkitab ditulis? (b) Apa sebabé wacan Alkitab ditulis nganggo basa Inggris?

15 Taun 1919 ana siswa-siswa Alkitab sing dipilih dadi ”abdi kang setya lan pinter”. Wektu kuwi, abdi kang setya nulis wacan kanggo umaté Gusti Allah nganggo basa Inggris. (Mt. 24:45) Ning saiki, wacan Alkitab wis ana ing luwih saka 700 basa. Kaya basa Yunani jaman mbiyèn, basa Inggris saiki umum dinggo dagang, diwulangké ing sekolahan, lan dingertèni wong akèh. Dadi, wacan Alkitab ditulis nganggo basa Inggris, banjur diterjemahké ing basa-basa liyané.

16, 17. (a) Apa sing dibutuhké umaté Gusti Allah? (b) Piyé kebutuhan kuwi dicukupi? (c) Sedulur Knorr péngin apa?

16 Kabèh wacané Seksi Yéhuwah dhasaré Alkitab. Sepisanan, umaté Gusti Allah nggunakké Alkitab King James Version, sing dirampungké taun 1611. Ning, basané kuna lan angèl dingertèni. Jenengé Gusti Allah mung ana sithik, senajan ing tulisan-tulisan kuna sakdurungé ditulis luwih saka ping 7.000. Terjemahan kuwi ana sing salah lan ditambahi ayat sing ora ana ing tulisan kuna sakdurungé. Terjemahan Alkitab basa Inggris liyané uga nduwé masalah sing padha.

17 Mula, umaté Gusti Allah butuh terjemahan Alkitab sing pas kaya asliné lan gampang dingertèni. Dadi, New World Bible Translation Committee digawé, lan para sedulur lanang sing dadi anggotané nyétak sebagéan Alkitab saka taun 1950-1960. Cétakan kuwi ana nem jilid lan sing sepisanan diumumké ing kebaktian tanggal 2 Agustus 1950. Ing kebaktian iku, Sedulur Knorr kandha nèk umaté Gusti Allah butuh terjemahan Alkitab anyar sing pas kaya asliné lan gampang dingertèni, sing isa mbantu wong ngerti isiné Alkitab luwih cetha. Wong-wong kuwi butuh terjemahan sing gampang diwaca lan gampang dingertèni persis kaya tulisan asliné para muridé Kristus. Sedulur Knorr péngin Alkitab New World Translation mbantu akèh wong kenal Yéhuwah.

18. Apa sing mbantu penerjemahan Alkitab?

18 Taun 1963, sing dipéngini Sedulur Knorr kelakon. Wektu kuwi, New World Translation of the Christian Greek Scriptures (Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Dunia Baru) ana ing basa Belanda, Perancis, Jerman, Italia, Portugis, lan Spanyol. Taun 1989 Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé bagéan sing kusus mbantu para penerjemah Alkitab. Bagéan kuwi ana ing kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Taun 2005 wis ana ijin kanggo nerjemahké Alkitab ing basa sing dinggo nerjemahké Warta Penting. Saiki, Alkitab New World Translation (Terjemahan Dunia Baru), sing lengkap utawa sebagéan, ana ing luwih saka 130 basa.

19. Ana acara penting apa ing taun 2013, lan apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

19 Basa Inggris saiki wis ora padha karo basa Inggris jamané New World Translation wektu pisanan diumumké. Mula, basané perlu dipadhakké karo basa Inggris jaman saiki. Tanggal 5 lan 6 Oktober 2013, para sedulur sing cacahé 1.413.676 saka 31 negara, padha ngrungokké acara pakumpulan saben tauné Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania sing kaping 129. Ing acara kuwi, anggotané Pengurus Pusat ngumumké nèk wis ana Alkitab New World Translation basa Inggris sing wis didandani. Para sedulur seneng banget lan ana akèh sing nangis wektu éntuk Alkitab iki. Wektu sedulur sing ceramah maca ayat saka Alkitab iki, kétok banget nèk terjemahané gampang diwaca lan dingertèni. Minggu ngarep bakal dirembug bab Alkitab iki lan carané diterjemahké ing basa liya.

^ par. 6 Septuaginta maksudé ”Pitung Puluh”. Kayané terjemahan kuwi mulai digawé kira-kira 300 taun sakdurungé Masèhi, lan digawé saksuwéné 150 taun. Terjemahan iki penting banget nganti saiki, merga isa mbantu para ahli bèn isa ngerti tembung-tembung Ibrani sing angèl utawa maksud ayaté.

^ par. 8 Ana sing nganggep nèk buku Matéus ditulis ing basa Ibrani, terus diterjemahké ing basa Yunani. Mbokmenawa Matéus dhéwé sing nerjemahké.

^ par. 13 Deloken Apendiks A3 ing New World Translation 2013; uga Buku bagi Semua Orang, kaca 7-9, ”Bagaimana Buku Ini Dapat Tetap Bertahan?”