Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?

Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?

Piyé perasaané panjenengan wektu maca Alkitab? Bosen? Utawa seneng? Ayo dirembug piyé carané bèn maca Alkitab kuwi isa dadi luwih nyenengké.

Pilihen terjemahan Alkitab sing basané modhèren lan isa dipercaya. Panjenengan mesthi ora seneng maca buku sing basané kuna lan angèl dingertèni. Dadi, panjenengan isa nggolèk Alkitab sing basané gampang dingertèni lan isa mlebu ing ati, ning tetep isa dipercaya lan isiné padha karo asliné. *

Gunakna tèknologi modhèren. Bentuké Alkitab kuwi ora mung buku. Ning, saiki ana uga sing bentuké digital, yaiku sing isa diwaca ing internèt utawa diundhuh ing komputer, tablèt, lan handphone. Ana Alkitab versi digital sing isa mbantu panjenengan mbandhingké karo terjemahan liya utawa ayat liya sing ngrembug bab sing padha. Nèk panjenengan luwih seneng ngrungokké timbang maca, panjenengan isa ngrungokké rekaman Alkitab sing ana ing akèh basa. Akèh wong seneng ngrungokké rekaman Alkitab wektu lagi numpak kendaraan umum, nindakké gawéan omah, utawa kagiyatan liyané. Panjenengan isa nyoba cara-cara sing cocog kanggo panjenengan.

Gunakna sarana-sarana kanggo sinau Alkitab. Sarana-sarana kanggo sinau Alkitab isa mbantu panjenengan éntuk paédah luwih akèh. Contoné, panjenengan isa ndelok péta kanggo nemokké panggonan sing dicritakké ing Alkitab lan mbayangké kahanané. Artikel-artikel ing majalah warta penting utawa ing situs wèb jw.org uga isa mbantu panjenengan éntuk katrangan bab isiné Alkitab.

Pilihen bagéan sing disenengi. Maca Alkitab urut saka ngarep tekan mburi kuwi isa waé ora nyenengké. Mula, panjenengan isa maca dhisik bagéan sing disenengi. Contoné, nèk péngin ngerti bab wong-wong sing kerep dicritakké ing Alkitab, panjenengan isa maca bagéan sing crita bab wong-wong kuwi. Panjenengan isa nyoba nganggo conto-conto sing disebutké ing kothak ” Sinau bab Wong-Wong sing Dicritakké ing Alkitab”. Utawa, panjenengan isa maca nurut topik sing dipéngini utawa nurut kedadéan-kedadéan sing dicritakké ing Alkitab.

^ par. 4 Akèh sing seneng nggunakké Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru merga isiné padha karo asliné, isa dipercaya, lan gampang dingertèni. Alkitab iki digawé karo Seksi-Seksi Yéhuwah lan wis ana ing luwih saka 130 basa. Panjenengan isa ngundhuh Alkitab kuwi saka situs wèb jw.org utawa aplikasi JW Library. Utawa, nèk gelem, panjenengan isa njaluk Alkitab kuwi marang Seksi-Seksi Yéhuwah.