Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pujinen Yah Saben Dina

Pujinen Yah Saben Dina

(Mazmur 96:8)

Download:

  1. 1. Mahak’wasa oh, Allahku,

    ’Ra ana tandhingané.

    Pancèn hébat tumindak-Mu

    dibandhing allah liyané.

    Ana ing swarga takhta-Mu,

    Njenengan diluhurké.

    Ning Njenengan kenal aku

    sing kebak salah dosané.

    (REFREIN)

    Ayo nyanyi, nyanyi kanggo Huwah,

    Gusti Allah sing hébat.

    Pujinen Yah, mulyakké ’mben dina.

    Dhèké sing pantes nampa,

    Ora ana sing liya.

  2. 2. Aku iki gawéan-Mu,

    Mbok gawé saka debu.

    Ora sempurna awakku

    lan kadhang èlèk atiku.

    Ning Njenengan narik aku

    dadi kanca cedhak-Mu.

    Nyata banget katresnan-Mu.

    ’Ku bangga dadi abdi-Mu.

    (REFREIN)

    Ayo nyanyi, nyanyi kanggo Huwah,

    Gusti Allah sing hébat.

    Pujinen Yah, mulyakké ’mben dina.

    Dhèké sing pantes nampa,

    Ora ana sing liya.

  3. 3. Ndelok ambané lautan,

    Indahé sinar bulan

    nggawé aku bahagia,

    Berkah sing luar biasa.

    Préntah-Mu kuwi sempurna.

    Tuntunan-Mu berharga.

    ’Ra bakal isa tak tahan

    rasa syukur lan pujian.

    (REFREIN)

    Ayo nyanyi, nyanyi kanggo Huwah,

    Gusti Allah sing hébat.

    Pujinen Yah, mulyakké ’mben dina.

    Dhèké sing pantes nampa,

    Ora ana sing liya.