Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 14

Pujinen Raja Anyar ing Bumi

Pujinen Raja Anyar ing Bumi

(Mazmur 2:12)

  1. 1. Yésus karo jemaaté

    lagi padha ngumpulké

    wong-wong saka endi waé

    sing mèh dadi rakyaté.

    K’rajaané didongakké.

    Kelakon sing dikarepké.

    Wong padha seneng saklawasé.

    Huwah mènèhi berkahé.

    (REFREIN)

    Ayo pujinen Huwah lan Yésus Anaké,

    Sing mréntah Kerajaané.

    Ayo padha manut lan ngluhurké

    karo kabèh umaté.

  2. 2. Kristus sing dadi Rajané

    lan sing mréntah rakyaté,

    Kristus sing dadi hakimé

    lan sing mimpin umaté.

    Kabèh wong pénak uripé

    lan tentrem saben dinané.

    Wong mati bakal diuripké.

    Kabèh wong seneng atiné.

    (REFREIN)

    Ayo pujinen Huwah lan Yésus Anaké,

    Sing mréntah Kerajaané.

    Ayo padha manut lan ngluhurké

    karo kabèh umaté.