Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 146

”Nggawé Kabèh Dadi Anyar”

”Nggawé Kabèh Dadi Anyar”

(Wahyu 21:1-5)

  1. 1. K’rajaané Yah wis ana tandhané.

    Ing swarga, Sétan wis disingkirké.

    Yésus Kristus sing dadi Rajané.

    Sukmbèn bumi ya bakal nyenengké.

    (REFREIN)

    Kémah Allah bakal ana

    ing antarané manungsa.

    ’Ra ana sing susah lan sengsara.

    Wong sing lara lan mati ’ra ana.

    Allah janji, ”Kabèh dadi anyar.”

    Kowé isa percaya.

  2. 2. Ana Yérusalèm Anyar sing suci,

    Sing diberkahi lan disayangi,

    Kaya mantèn sing wis didandani.

    Dadi bojoné Anaké Gusti.

    (REFREIN)

    Kémah Allah bakal ana

    ing antarané manungsa.

    ’Ra ana sing susah lan sengsara.

    Wong sing lara lan mati ’ra ana.

    Allah janji, ”Kabèh dadi anyar.”

    Kowé isa percaya.

  3. 3. Yérusalèm Anyar kutha sing suci,

    Kutha sing t’rus diberkahi Gusti.

    Gerbangé mbukak pas awan bengi.

    Wong-wong bakal ’dha mrono marani.

    (REFREIN)

    Kémah Allah bakal ana

    ing antarané manungsa.

    ’Ra ana sing susah lan sengsara.

    Wong sing lara lan mati ’ra ana.

    Allah janji, ”Kabèh dadi anyar.”

    Kowé isa percaya.