Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 52

Janji Ngabdi

Janji Ngabdi

(Ibrani 10:7, 9)

  1. 1. Allah Huwah sing nyiptakké

    bumi sak isiné.

    Langit ya Huwah ciptakké,

    Karyané tangané.

    Manungsa ya diciptakké,

    Mula diélingké,

    Kudu nresnani lan ngluhurké

    mung Allah Huwah waé.

  2. 2. Yésus dibaptis ing kali,

    Bukti janji ngabdi,

    Lan siap kanggo nglakoni

    mung préntahé Gusti.

    Yésus metu saka kali

    lan nampa roh suci.

    Yésus janji bakal t’rus ngabdi,

    Terus nyenengké Gusti.

  3. 3. Gedhé banget katresnan-Mu,

    Ngorbanké anak-Mu.

    ’Ku péngin dadi abdi-Mu,

    Ngluhurké jeneng-Mu,

    ’Ku péngin manut hukum-Mu,

    Nglakoni préntah-Mu.

    Mung ’nggo Huwah urip matiku,

    Ora kanggo awakku.