Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 65

Terus Maju

Terus Maju

(Ibrani 6:1)

  1. 1. Terus maju lan dadi saya trampil,

    Bèn terus semangat wektu martakké Injil.

    Yéhuwah sing mbantu bèn saya trampil,

    Mesthi bakal berhasil.

    Yésus waé semangat nginjil,

    Dadi conto umaté Gusti.

    Mula ayo padha semangat nginjil,

    Bèn Huwah seneng ati.

  2. 2. Terus maju, aja mandheg martakké,

    Ngandhani kabèh wong bèn isa dislametké.

    Nèk padha semangat wektu martakké,

    Yéhuwah diluhurké.

    Meskipun akèh alangané,

    Kudu terus kendel martakké.

    Ngumumké soal Yah lan K’rajaané,

    Bèn kabèh ’dha ngrungokké.

  3. 3. Terus maju lan t’rus manut arahan,

    Dituntun roh suci saka Allah Yéhuwah.

    Kuwi mbantu kabèh padha semangat

    lan ngrasa bahagia.

    Nresnani wong sing dikabari,

    Bantunen bèn gelem nglakoni,

    Bèn nduwé iman sing kuwat saiki,

    Karo Yah isa ngabdi.