Tetep Tabah Meskipun Lara Parah
Ana Seksi Yéhuwah sing jenengé Virginia sing nduwé penyakit sing jenengé sindrom terkunci (locked-in syndrome). Dhèwèké lumpuh sak awak. Dhèwèké isa ndelok, isa krungu, isa merem, isa melèk, lan isa ngobah-obahké sirahé sithik. Tapi, dhèwèké ora isa ngomong lan ora isa mangan. Mauné, dhèwèké séhat. Tapi, ésuk-ésuk taun 1997, tiba-tiba sirahé mburi lara banget. Terus, dhèwèké digawa bojoné ing rumah sakit, lan bengi kuwi dhèwèké koma. Dhèwèké kudu dirawat ing ICU. Rong minggu bar kuwi, dhèwèké sadhar, tapi lumpuh lan kudu nganggo vèntilator. Selama beberapa hari, dhèwèké ora kèlingan apa-apa.
Terus Virginia crita, ”Akhiré aku mulai kèlingan sithik-sithik. Aku ndonga terus. Aku ora péngin mati, soalé anakku isih cilik. Bèn isa tetep tabah, aku berusaha bèn isa ngéling-éling akèh ayat Alkitab.
”Akhiré aku wis ora perlu ing ICU manèh. Tapi, aku isih kudu dirawat ing beberapa rumah sakit lan pusat réhabilitasi. Bar enem sasi, akhiré aku éntuk mulih. Tapi, aku isih tetep lumpuh, lan apa-apa kudu dibantu. Aku bener-bener cilik ati merga ngrasa nèk aku ora isa apa-apa lan ora ana gunané kanggo wong liya lan kanggo Yéhuwah. Aku ya sedhih merga ora isa ngopèni anakku.
”Aku maca pengalamané para sedulur liyané sing ya lara parah kaya aku. Meréka isa tetep semangat nglayani Yéhuwah. Hasilé aku ya dadi semangat. Mbiyèn aku ora isa kerep sinau Alkitab, nginjil, lan ndonga, tapi saiki wektuku ana akèh. Dadi daripada terus-terusan sedhih, aku berusaha bèn isa tetep nglayani Yéhuwah.
”Aku ajar nganggo komputer. Ana program komputer sing isa mbantu aku ngetik. Carané aku kudu ngobah-obahké sirahku. Kesel sih, tapi aku akhiré isa sinau Alkitab lan nginjil liwat e-mail lan surat. Nèk karo sing ketemu langsung, aku omong-omongané nganggo papan sing ditulisi huruf-huruf. Mengko sing lagi omongan karo aku ndudingi huruf-hurufé. Nèk kuwi huruf sing tak maksud, aku merem. Dhèwèké bakal nduding huruf kuwi siji-siji nganti ngerti aku mèh ngomong apa. Sedulur-sedulur sing kerep ngancani aku malah kadhang isa nebak aku mèh ngomong apa. Tapi nèk salah, ya wis diguyu waé.
”Aku seneng merga aku isa tetep mèlu pertemuan ibadah liwat video-conference. Biasané koméntarku tak ketik sik, terus mengko ana sedulur sing macakké kuwi. Terus nèk ana acara nonton bareng JW Broadcasting, * aku ya mèlu.
”Aku wis 23 taun lumpuh. Kadhang-kadhang aku isih ngrasa cilik ati. Makané aku ndonga, terus bergaul karo para sedulur, lan tetep sibuk nglayani Yéhuwah. Malah, aku isa merintis èkstra luwih saka enem taun merga dibantu para sedulur. Aku berusaha tetep semangat bèn isa dadi conto dienggo anakku, Alessandro. Dhèwèké saiki wis nikah lan dadi pinituwa. Dhèwèké karo bojoné ya nglayani dadi perintis biasa.
”Aku kerep mbayangké arep ngapa waé ing Firdaus. Mengko aku ora perlu nulis surat lan e-mail manèh kanggo nginjil. Aku ya péngin mlaku-mlaku ndelok pemandangan. Merga saiki aku mangané nganggo selang, sukmbèn aku péngin isa methik lan mangan apel. Sukmbèn aku ya péngin isa masak lan mangan masakan Italia senenganku, termasuk pizza.
”Aku isa tetep semangat merga nduwé ’harapan’. (1 Tésalonika 5:8) Sukmbèn aku ora bakal lara manèh. Aku ora sabar ngrasakké ’urip sing saktenané’ sesuai janjiné Yéhuwah liwat Kerajaané.”—1 Timotius 6:19; Matius 6:9, 10.
^ Acara JW Broadcasting ana ing jw.org.