Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Aturan Bab Pacaran?
Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn pathokan lan hukum sing ana ing Alkitab isa mbantu nggawé keputusan sing bener ing ngarsané Gusti Allah lan mènèhi paédah kanggo awaké dhéwé. (Yésaya 48:17, 18) Seksi Yéhuwah ora nggawé pathokan lan hukum kuwi, ning uripé manut karo pathokan kuwi. Ana pathokan ing Alkitab sing isa dienggo wektu mutusaké bab pacaran. Ayo digatèkaké. a
Urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé. (Matéus 19:6) Merga Seksi Yéhuwah nganggep pacaran kuwi tujuané kanggo nikah, mula ora dianggep kanggo dolanan.
Pacaran kuwi mung olèh kanggo sing wis cukup umuré kanggo nikah. Yaiku ora pas pepénginan sèks utawa hawa nepsuné lagi gedhé-gedhéné.—1 Korinta 7:36.
Wong sing pacaran kudu sing bébas nikah. Ing ngarsané Gusti Allah, wong sing sah pegatan ora mesthi bébas nikah manèh, merga miturut Gusti Allah, alesan sing sah kanggo pegatan lan éntuk nikah manèh yaiku mung laku jina.—Matéus 19:9.
Wong Kristen sing péngin nikah dipréntahaké supaya milih pasangan mung karo sing seiman. (1 Korinta 7:39) Kanggoné Seksi-Seksi Yéhuwah, sing seiman iki maksudé ora mung wong sing ngajèni kapercayané Seksi Yéhuwah waé, ning uga sing wis ngetrapaké wulangané lan dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. (2 Korinta 6:14) Wiwit mbiyèn, Gusti Allah ngongkon para abdiné kanggo nikah mung karo sing seiman. (Purwaning Dumadi 24:3; Maléakhi 2:11) Yèn manut préntah iki, asilé apik, kuwi wis dibuktèkaké karo para peneliti jaman saiki. b
Bocah-bocah kuduné manut karo wong tuwané. (Wulang Bebasan 1:8; Kolosé 3:20) Kanggo bocah-bocah sing isih mèlu wong tuwané, préntah iki klebu manut karo keputusan wong tuwa bab pacaran. Aturan iki klebu umur pira anak lanang utawa wadon olèh mulai pacaran lan apa waé sing olèh ditindakaké.
Nganggo tuntunan Alkitab mau, Seksi Yéhuwah milih dhéwé kapan lan karo sapa arep pacaran. Iki cocog karo pathokan Alkitab, ”Saben wong bakal mikul tetanggungané dhéwé.” (Galati 6:5) Ning, soal pacaran, beciké njaluk naséhat saka Seksi Yéhuwah sing wis pengalaman sing tulus perduli.—Wulang Bebasan 1:5.
Akèh kebiyasaan pacaran sing sakjané nindakaké dosa gedhé. Contoné, Alkitab mulang yèn awaké dhéwé kudu ngedohi tumindak saru. Kuwi ora mung hubungan sèks, ning uga tumindak apa waé sing ditindakaké wong sing durung nikah, contoné ndemèk-ndemèk alat kelaminé wong liya utawa nindakaké sèks oral utawa anal. (1 Korinta 6:9-11) Tumindak sing mbangkitaké hawa nepsu, senajan durung nganti hubungan sèks, kuwi wis bejat kanggoné Gusti Allah. (Galati 5:19-21) Omong-omongan nganggo ”tembung tembung saru” uga dilarang Alkitab.—Kolosé 3:8.
Atiné manungsa kuwi licik. (Yérémia 17:9) Iku isa nggawé wong nindakaké apa sing dhèwèké ngerti kuwi salah. Bèn atiné ora mblasukaké, wong sing lagi pacaran aja mung dhèwèkan waé ing panggonan sing sepi lan marahi hawa nepsu. Wong-wong kuwi beciké milih pacaran ing antarané akèh wong utawa ngejak kanca. (Wulang Bebasan 28:26) Wong Kristen sing isih legan sing lagi golèk pasangan ngerti bahayané pacaran liwat situs internèt, kususé bahaya merga pacaran karo wong sing ora pati dikenal.—Jabur 26:4
a Pacaran kuwi wis biyasa ing akèh kabudayan, ning ora kabèh nduwé kebiyasaan kuwi. Alkitab ora kandha yèn awaké dhéwé kudu pacaran, utawa yèn arep nikah kuwi kudu pacaran dhisik.
b Contoné, ing salah sijiné artikel majalah Marriage & Family Review nulis, miturut telung penelitian, nikah isa awèt (25-50 taun utawa luwih) salah sijiné merga pasangan kuwi nduwé agama utawa kapercayan sing padha.”—Jilid 38, terbitan 1, kaca 88 (2005).