Ngapa Kok Carané Seksi Yéhuwah Nganakké Perjamuan Dalu Gusti Ora Padha karo Gréja Liyané?
Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo keterangan ing Alkitab wektu nganakké acara peringatan kematiané Yésus. Ing Alkitab, acara kuwi ya disebut ”Perjamuan Dalu Gusti”. (1 Korintus 11:20, cathetan ngisor) Tapi, carané gréja-gréja liyané nganakké acara kuwi ora sesuai karo keterangan ing Alkitab.
Tujuané
Tujuané awaké dhéwé teka ing acara peringatan kematiané Yésus yaiku kanggo ngéling-éling kematiané Yésus. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé bersyukur merga Yésus wis nggawé pengorbanan kanggo awaké dhéwé. (Matius 20:28; 1 Korintus 11:24) Tapi, acara kuwi dudu ritual keagamaan bèn awaké dhéwé diberkahi utawa bèn dosané awaké dhéwé diampuni. Ménurut Alkitab dosané awaké dhéwé isa diampuni nèk nduwé iman karo Yésus dudu merga ritual keagamaan.—Roma 3:25; 1 Yohanes 2:1, 2.
Setaun dianakké ping pira?
Ana sing nganggep nèk acara kuwi kudu dianakké saben sasi, saben minggu, saben dina, beberapa kali sedina, utawa kapan waé. Mémang wektu ngongkon murid-muridé nganakké acara kuwi, Yésus ora ngandhani persisé acara kuwi kudu dianakké sesasi pisan apa seminggu pisan. (Lukas 22:19) Tapi, ing Alkitab ana keterangan sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé kesimpulan soal kuwi.
Yésus nganakké acara peringatan kematiané tanggal 14 Nisan. Tanggalé padha karo perayaan Paskah wong Yahudi. Yésus matiné ya pas tanggal kuwi. (Matius 26:1, 2) Mula cocog nèk ing Alkitab Yésus disebut anak domba Paskah. (1 Korintus 5:7, 8) Nah, perayaan Paskah kuwi dianakké setaun pisan. (Pangentasan 12:1-6; Kaimaman 23:5) Mula, wong-wong Kristen ing jamané para rasul ya nganakké acara peringatan kematiané Yésus setaun pisan, a lan Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné wong-wong kuwi.
Tanggal lan dinané
Saka keterangan soal carané Yésus nganakké acara peringatan kematiané, awaké dhéwé ya isa ngerti kapan acara kuwi kuduné dianakké. Yésus nganakké acara kuwi sakwisé matahari terbenam tanggal 14 Nisan 33 M, sesuai kalènder ing jaman kuwi. (Matius 26:18-20, 26) Mula, wong-wong Kristen ing jamané para rasul nganakké acara kuwi tanggal 14 Nisan, lan Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné wong-wong kuwi. b
Mémang tanggal 14 Nisan 33 M kuwi pas dina Jumat. Tapi saben taun, tanggal 14 Nisan kuwi dinané ora mesthi Jumat, isa béda-béda. Nah, kanggo nentokké tanggal 14 Nisan kuwi dina apa, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakké cara sing padha kaya pas jamané Yésus, dudu nggunakké kalènder Yahudi jaman saiki. c
Roti lan anggur
Pas nganakké acara peringatan kematiané, Yésus nggunakké roti tanpa ragi lan anggur sing dienggo pas perayaan Paskah. (Matius 26:26-28) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ya nggunakké roti sing ora dikèki ragi utawa sing ora ditambahi bahan-bahan liyané. Seksi-Seksi Yéhuwah ya nggunakké anggur murni, dudu jus anggur utawa anggur sing wis ditambahi pemanis, sing kadar alkoholé digawé luwih akèh, utawa sing dicampuri bahan liyané.
Tapi, ana gréja-gréja sing nggunakké roti sing wis dikèki ragi. Padahal ing Alkitab, ragi kuwi ana kaitané karo dosa utawa sesuatu sing isa ngrusak. (Lukas 12:1; 1 Korintus 5:6-8; Galatia 5:7-9) Mula, roti sing ana raginé ora cocog dienggo nggambarké badané Yésus sing sampurna. (1 Pétrus 2:22) Terus, ana gréja-gréja sing nganggo jus anggur, dudu anggur murni. Soalé gréja-gréja kuwi nganggep nèk awaké dhéwé ora éntuk ngombé alkohol. Padahal menurut Alkitab awaké dhéwé éntuk ngombé alkohol.—1 Timotius 5:23.
Mung lambang, dudu bener-bener daging lan getihé Yésus
Roti tanpa ragi lan anggur kuwi mung nglambangké badan lan getihé Yésus. Tapi, ana sing nganggep nèk roti karo angguré kuwi bener-bener berubah dadi daging lan getihé Yésus. Ning kuwi ora bener. Kenapa? Ayo dibahas beberapa alesan saka Alkitab.
Yéhuwah nglarang awaké dhéwé mangan getih. (Purwaning Dumadi 9:4; Kisah 15:28, 29) Dadi nèk Yésus ngongkon murid-muridé ngombé getih, kuwi berarti dhèwèké ngongkon murid-muridé nglanggar hukumé Gusti Allah. Kuwi ora mungkin. Soalé Yésus ora tau ngongkon murid-muridé nglanggar hukumé Gusti Allah.—Yohanes 8:28, 29.
Yésus ngomong karo murid-muridé nèk getihé ”bakal diecurké”. Kuwi berarti wektu kuwi Yésus durung mati dadi tebusan. Dadi ora mungkin nèk murid-muridé bener-bener ngombé getihé Yésus.—Matius 26:28.
Nèk roti karo angguré bener-bener berubah dadi daging lan getihé Yésus, kuwi berarti Yésus kudu bola-bali mènèhké tebusan. Padahal menurut Alkitab Yésus dadi tebusan ”ping pisan kanggo saklawasé”.—Ibrani 9:25, 26.
Yésus ngomong, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku,” dudu ”kanggo ngorbanké aku.”—1 Korintus 11:24.
Wong-wong isa nganggep nèk roti karo angguré bener-bener berubah dadi daging lan getihé Yésus merga ana ayat-ayat Alkitab sing kayané mbahas soal kuwi. Misalé, ing beberapa terjemahan, kata-katané Yésus soal anggur diterjemahké dadi, ”Iki getihku.” (Matius 26:28) Tapi, akèh sarjana Alkitab ngomong nèk terjemahan ing ayat kuwi ora cocog. Misalé, Jacques Dupont ngomong nèk terjemahan sing paling cocog kanggo ayat kuwi yaiku, ”Iki nglambangké.” Dadi ing ayat kuwi Yésus sakjané lagi nggunakké perumpamaan wektu mulang.—Matius 13:34, 35.
Sapa sing mangan roti lan ngombé anggur?
Wektu Seksi-Seksi Yéhuwah nganakké acara peringatan kematiané Yésus, sing mèlu mangan roti lan ngombé anggur mung sithik. Kenapa?
Yéhuwah nggawé ”perjanjian anyar” dienggo ngganti perjanjian antara Yéhuwah karo bangsa Israèl. Perjanjian anyar kuwi disahké nganggo getihé Yésus. (Ibrani 8:10-13) Nah, sing éntuk mangan roti lan ngombé anggur ing acara peringatan kematiané Yésus mung wong-wong sing termasuk ing perjanjian anyar kuwi, dudu kabèh wong Kristen. Wong-wong kuwi ”wis dipilih” karo Gusti Allah. (Ibrani 9:15; Lukas 22:20) Menurut Alkitab, jumlahé wong-wong kuwi ana 144.000, lan sukmbèn wong-wong kuwi bakal mréntah ing swarga bareng karo Yésus.—Lukas 22:28-30; Wahyu 5:9, 10; 14:1, 3.
Wong-wong sing mréntah karo Yésus kuwi disebut ”kelompok cilik”. Tapi, awaké dhéwé sebagian besar dadi bagéan saka ”kumpulan gedhé” sing bakal urip saklawasé ing bumi. (Lukas 12:32; Wahyu 7:9, 10) Mémang awaké dhéwé ora mèlu mangan roti lan ngombé anggur ing acara peringatan kematiané Yésus, tapi nèk awaké dhéwé teka kuwi bukti nèk awaké dhéwé bersyukur merga Yésus wis nggawé pengorbanan kanggo awaké dhéwé.—1 Yohanes 2:2.
a Deloken The New Schaff-Herzog Encyclopedia of Religious Knowledge, Jilid IV, halaman 43-44, lan Cyclopedia karya McClintock lan Strong’s, Jilid VIII, halaman 836.
b Deloken The New Cambridge History of the Bible, Jilid 1, halaman 841.
c Tanggal pertama sasi Nisan menurut kalènder Yahudi jaman saiki ditentokké wektu bulan baru mulai kétok menurut ilmu astronomi. Tapi pas jamané Yésus, tanggal pertama sasi Nisan ditentokké wektu bulan baru mulai kétok ing Yérusalèm. Kuwi biasané béda karo itung-itungan nganggo kalènder Yahudi jaman saiki. Mula, tanggalé Seksi-Seksi Yéhuwah nganakké acara peringatan kematiané Yésus ora mesthi padha karo Paskahé wong Yahudi jaman saiki.