Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Meksa Wong Pindhah Agama?
Ora. Bab iki tau diterangaké ing Menara Pengawal, majalah utamané Seksi Yéhuwah, ”Meksa wong kanggo pindhah agama kuwi salah.” a Alesané Seksi Yéhuwah ora meksa wong yaiku:
Yésus ora tau meksa wong kanggo nampa wulangané. Dhèwèké ngerti yèn wong sing gelem nampa cacahé mung sithik. (Matéus 7:13, 14) Wektu ana wong ora gelem dadi muridé merga ora seneng karo wulangané, Yésus ora meksa wong kuwi tetep mèlu dhèwèké.—Yokanan 6:60-62, 66-68.
Yésus mulang para muridé supaya ora meksa wong pindhah agama. Ketimbang meksa wong kanggo ngrungokaké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah, murid-muridé Yésus nggolèki wong-wong sing gelem ngrungokaké.—Matéus 10:7, 11-14.
Pindhah agama merga kepeksa kuwi ora ana gunané, merga Gusti Allah mung nampa ibadahé wong sing atiné lila.—Pangandharing Torèt 6:4, 5; Matéus 22:37, 38.
Apa Seksi Yéhuwah nginjil supaya wong pindhah agama?
Pancèn Seksi Yéhuwah martakaké isiné Alkitab ”tumeka ing pungkasaning bumi”. Seksi Yéhuwah nginjil ”ana ing ngarepé wong akèh utawa ing omah-omah” kaya sing dipréntahaké Alkitab. (Para Rasul 1:8; 10:42; 20:20, Alkitab Terjemahan Dunia Baru) Padha karo wong Kristen jaman mbiyèn, Seksi Yéhuwah ditudhuh nglanggar hukum merga meksa wong pindhah agama. (Para Rasul 18:12, 13) Ning, tudhuhan kuwi salah. Seksi Yéhuwah ora meksa wong supaya nampa kapercayané. Kosok baliné, Seksi Yéhuwah percaya yèn wong kudu ngerti isiné Alkitab bèn wong kuwi dhéwé nggawé keputusan sing dhasaré apa sing wis disinaoni.
Seksi Yéhuwah ora meksa wong pindhah agama, lan ora nindakaké kegiyatan agama sing tujuané politik utawa njanjèni bantuan utawa dhuwit kanggo golèk anggota. Seksi Yéhuwah béda karo wong-wong sing ngakuné Kristen, ning malah nindakaké bab-bab sing ora nyenengaké Kristus. b
Apa wong nduwé hak kanggo pindhah agama?
Ya, Alkitab nduduhaké yèn wong nduwé hak pindhah agama. Alkitab nyathet akèh wong sing mutusaké dhéwé kanggo pindhah saka agama keluargané, terus mèlu ibadah sing bener. Contoné Abraham, Rut, wong-wong Aténa, lan Rasul Paulus. (Yusak 24:2; Rut 1:14-16; Para Rasul 17:22, 30-34; Galati 1:14, 23) Malah, Alkitab uga nulis yèn wong nduwé hak kanggo metu saka ibadah sing bener, senajan kuwi salah.—1 Yokanan 2:19.
Haké wong kanggo pindhah agama didhukung Deklarasi Universal Hak Asasi Manusia. Deklarasi iki diakoni karo Perserikatan Bangsa-Bangsa dadi ”dhasaré hukum internasional kanggo hak asasi manusia”. Deklarasi kuwi nduduhaké yèn saben wong ”bébas pindhah agama utawa ganti kapercayan” lan ”nggolèk, nampa, lan mbagèkaké katrangan lan gagasan”, kalebu kapercayan agama. c Wis sakmesthiné, saben wong tetep kudu ngurmati haké wong liya kanggo tetep ora ninggalaké kapercayané lan nolak gagasan sing ora disetujoni dhèwèké.
Apa wong sing pindhah agama kuwi ora ngurmati kebiyasaan utawa tradisi keluargané?
Ora ngono. Alkitab mulang supaya awaké dhéwé ngurmati kabèh wong, ora soal agamané. (1 Pétrus 2:17) Seksi Yéhuwah uga manut préntahé Alkitab kanggo ngurmati wong tuwa, senajan agamané béda.—Éfesus 6:2, 3.
Ning, ora kabèh wong setuju karo ajaran Alkitab bab iki. Wong wadon saka Zambia kandha, ”Nèng dhaérahku wong sing pindhah agama . . . dianggep ora setya sarta ngiyanati keluarga lan masyarakat.” Wektu isih enom, wong wadon iki tau ngalami kuwi pas mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah lan mutusaké pindhah agama. Dhèwèké kandha, ”Wong tuwaku kandha terus yèn aku wis nggawé wong tuwaku ora seneng lan gela. Kanggoku iki angèl merga pangèstu saka wong tuwaku kuwi penting. . . . Milih setya marang Yéhuwah ketimbang tradisi agama kuwi ora tegesé aku ora setya karo keluargaku.” d
a Deloken majalah Menara Pengawal, 1 Januari 2002, kaca 12, paragraf 15.
b Kanggo conto, kira-kira taun 785 M, Charlemagne mréntahaké supaya ngukum mati sapa waé sing nolak dibaptis dadi wong Kristen ing Saxony. Ana uga Perjanjian Perdamaian Augsburg sing ditandhatangani taun 1555 M karo sing lagi perang ing Imperium Romawi Suci. Perjanjian kuwi nduduhaké yèn saben pangwasa ing wilayahé, agamané kudu Katolik Roma utawa Lutheran lan saben rakyaté kudu nduwé agama sing padha. Sing nolak kudu metu saka wilayah iku.
c Hak-hak kaya kuwi uga dijelasaké ing Piagam Afrika bab Hak Asasi Manusia dan Bangsa, Deklarasi Amerika bab Hak dan Kewajiban Manusia, Piagam Arab bab Hak Asasi Manusia 2004, Deklarasi Hak Asasi Manusia ASEAN (Perhimpunan Bangsa-Bangsa Asia Tenggara), Konvensi Eropa bab Hak Asasi Manusia, lan Perjanjian Internasional bab Hak-Hak Sipil lan Politik. Ning, negara-negara sing ngakoni perjanjian-perjanjian iki ora tenanan nindakaké kuwi.
d Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah sing ana ing Alkitab.